Skip to main content

Ramalan Sabdo palon Noyo genggong lengkap

 
Kali ini saya akan posting Ramalan Sabdo palon Noyo genggong lengkap sampai bait TERAKHIR.
Sebelumnya postingan postingan mengenai Ramalan Sabdo palon Noyo genggong di internet sejauh ini hanya menampilkan sampai 16 bait saja.
Sebenarnya bait bait Ramalan Sabdo palon Noyo genggong ada 20 bait, dan yang saya pantau sejauh ini hanya sebatas 16 bait saja yang di publikasikan lewat sarana Internet.
Dan berikut isi bait pertama hingga terakhir, saya ambil dari sebuah Buku kecil jaman dulu jauh sebelum jaman GESTAPU.
Buku kecil yang masih memakai ejahan lama ini adalah bagian dari Ajaran AGAMI BUDDADJAWI - WISNU  (
tidak sama dengan buddha sidartagautama).


 TURUNAN SERAT
 " TJANTRIK MATARAM''
   DENING RESI BUDDODJAWI
    _______________________

P u p u h   S i n o m

1.  Podo siro ngelingono,
     tjarito ing nguni-uni,
     kang wus kotjap serat babat,
     babat nagri Modjopait,
     naliko duking nganut,
     Browidjojo Sang Ngaprabu,
     Pro samyo apepanggihan,
     kalijan Djeng Sunan Kali,
     Sabdopalon Nojogenggong rentjangiro.

2. Sang Prabu Sri Browidjojo,
    sabdoniro arum manis,
    nantun dateng ponokawan,
    Sabdopalon paran karsi,
    djenengingsun to puniki,
    wus ngrasuk agomo rasul,
    heh to kakang kalihiro,
    meluwo agomo suktji,
    luwih betjik iku agomo kang muljo.

3. Sabdopalon matur sugal,
    jen kawulo boten arsi,
    ngrasuk agomo Islam,
    wit kulo puniko jekti,
    djer Ratuning Danjang Djawi,
    momong marang anak putu,
    sagunging kang poro Noto,
    kang diumeneng tanah Djawi,
    wus pinasti sajekti kulo pisahan.

4. Klawan paduko Sang Noto,
    wangsul mring Sonjoruri,
    mung kulo matur pitungkas,
    ing bendjang sapungkur mami,
    jen wus prapto kang wanti,
    djangkep gangsal atus tahun,
    awit ing dinten puniko,
    kulo gantos kang agami,
    gami Buddo kulo sebar tanah Djowo.

5. Sinten tan purun nganggejo,
    jekti kulo risak sami,
    sun sajaken putu kulo,
    Berkasakan marupi-rupi,
    dereng lego kang ati,
    jen dereng lebur atumpur,
    kulo andamel pratondo,
    praptane tembajan mami,
    hardi Merepi jen wus djeblos mili lahar.

6. Ngidul ngilen purugiro,
    ghondo banger ingkang warih,
    gih puniko medal kulo,
    wit njebar agami budi,
    netepi djandji mami,
    angering Djagad satuhu,
    karsanireng ing Djawoto,
    sadojo gilir gumanti,
    Boten kenging kelamun ing ngowahono,

7. Sanget sangeting sangsoro,
    kang tumuwuh ing tanah Djawi,
    sinengkalan tahuniro,
    lawang sapto ngesti adji ,
    upamining njabrang kali,
    prapteng tengah tengahipun,
    kaline bandjir abandang,
    djerone ngelepake djanmi,
    katah sirno manungso katah pralojo.

8. Bebojo ingkang tumeko,
    waroto satanah Djawi,
    ginawe kang paring gesang,
    tan keno dipun singgahi,
    awit ing Donjo puniko,
    ono angger-anggeripun,
    karsanireng ing Djawoto,
    kinarjo amertandani,
    Djagad iku jekti ono kang akarjo.

9. Warno warno kang bebojo,
    kang ngrusaken tanah Djawi,
    sagung tiang nambut karjo,
    pamedal boten njekapi,
    Prijaji keh kang brangti,
    Sudagar tuno sadarum,
    wong glidig nora mingsro,
    wong tani nora njukupi,
    pametune akeh sirno aneng wono.

10.Bumi ilang berkatiro,
     omo katah kang datengi,
     kaju katah ingkang ilang,
     tjinolong dening sudjanmi,
     pan resahnjo anglangkungi,
     karono rebut rinebut,
     arisak tataning djanmo,
     jen dalu grimis keh maling,
     lamun rino katah tiang ambebegal.

11.Heru horo sakeh djanmo,
     rebutan ngupojo bukti,
     tan ngetung anggering prodjo,
     tan tahan perihing ati,
     katungko praptanireki,
     pageblug ingkang linangkung,
     waradin satanah Djowo,
     endjang sakit sore mati,
     sonten sakit endjingnjo sampun palastro.

12.Kesandung bae palastro,
     kaselak bandjur ngemasi,
     udan barat salah mongso,
     angin geng anggegirissi,
     kaju gung brasto sami,
     tinempuh ing angin agung,
     katah rebah belasah,
     lepen lepen samyo bandjir,
     lamun tinon pan kadyo samodro beno.

13.Alun minggah mring daratan,
     karjo risak tepis wiring,
     geter manahing pro djanmo,
     kang dumunung kanan kering,
     kadjeng-kadjeng keh kang kentir,
     kang tumuwuh pinggir laut,
     selo geng sami kabrasto,
     kabelabak ketut keli,
     gumalundung gumaludug suwaraniro.

14.Hardi agung agung samyo,
     huru bojo gegirissi,
     gumleger suwaraniro,
     lahar wutah kanan kering,
     ambelabar angelebi,
     nradjang wono lan deso gung,
     manungsanjo keh kang brasto,
     kebo sapi samyo gusis,
     sirno gempang tan wonten monggo puliho.

15.Lindu ping pitu sadino,
     karjo risaking sudjanmi,
     siti pan samyo anelo,
     Berkasakan samyo ngeksi,
     anjeret sagunging djanmi,
     manungso pating galuruh,
     katah kang nandang roogo,
     warno warno ingkang sakit,
     awis saras katah kang prapteng pralojo.

16.Sabdopalon nuljo mukso,
     sakedap boten kaeksi,
     wangsul mring djaman Limunan,
     langkung ngungun Sri Bupati,
     andjenger tan biso angling,
     kang manah langkung gegetun,
     kaduwung ing lepatiro,
     mupus karsaning Dewodi,
     kodrat iku sajekti tan keno owah.

17.Miturut tjarito kuno,
     wetjane djanmo linuwih,
     kang wus kotjap aneng djongko,
     manungso sirno sepalih,
     dene to kang biso urip,
     jekti ono saratipun,
     karjo nulak kang bebojo,
     kalisse bebojo jekti,
     ngulatono kang winetjo poro kuno.

18.Kang kotjap neng Djojobojo,
     manungso urip puniki,
     kadyo rumput aneng wono,
     jen wus tekan Djaman adil,
     kaluku ginaru sami,
     jekti katah ingkang lebur,
     kalamun nedyo juwono,
     luput ing sekalir-kalir,
     garu luku biso nlesep selaniro.


19.Podo siro ngupojowo,
     sarono ingkang sedjati,
     sahadad ingkang sampurno,
     sampurno djatining ngurip,
     kalamun tan biso olih,
     njatakno ingkang satuhu,
     kang nganti prapteng lojo,
     lojo sadjeroning ngurip,
     ijo iku margane kalis bebojo.

20.Jen siro durung uningo,
     takokno guru kang jekti,
     kang wus putus kawruhiro,
     kawruh mring kasidan djati,
     budo budining jekti,
     kang kok anut rinten dalu,
     ing pundi dunungiro,
     lawan to asalireki,
     jen wus lojo ing ngendi iku dunungnjo.




Sebelumnya saya klarifikasi dulu untuk kata ( sahadad ) di bait 19 itu TIDAK SAMA DAN TIDAK ADA HUBUNGANNYA DENGAN KATA ( Syahadat ) Islam, jadi tidak bisa di buat asal tembung gathuk
http://djawoto.blogspot.co.id/2013/01/ramalan-sabdo-palon-noyo-genggong.html

Comments

Popular posts from this blog

Belajar dari Wirid Wirayat Jati Ronggowarsito

Banyak orang yang tidak tahu apa sih ilmu sejati itu? Banyak para salik yang mencari suluk untuk mendapatkan ilmu sejati yakni ilmu kasampurnan (kesempurnaan) hidup. Tidak ada salahnya jika kita belajar ilmu kasampurnaan hidup itu dari Raden Ngabehi Ronggowarsito dari Serat Wirid Wirayat Jati yang ditulisnya. Bagaimana ilmu kasampurnan itu? Anênggih punika pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dunung lan pangkating kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh kasampurnan, tutuladhan saking Kitab Tasawuf, panggêlaring wêjangan wau thukul saking kawêningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning Pangeran, rinilan ambuka wêdharing pangandikaning Pangeran dhatêng Nabi. Musa, Kalamolah, ingkang suraosipun makatên: Ing sabênêr-bênêre manungsa iku kanyatahaning Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji. (Inilah sebuah petunjuk benar yang menjelaskan ilmu sirr kesempurnaan hidup, yang berakar dari

PRIMBON JAWA LENGKAP

Sistim Penanggalan Jawa Sistim Penanggalan Jawa lebih lengkap dan komprehensif apabila dibandingkan dengan sistim penanggalan lainnya, lengkap dan komprehensifnya adalah suatu pembuktian bahwa ketelitian Jawa dalam mengamati kondisi dan pengaruh seluruh alam semesta terhadap planet bumi seisinya termasuk pengaruh kepada pranatan kehidupan manusia, dapat disampaikan antara lain adanya rumusan tata penanggalan jawa sebagai berikut : 1. Pancawara – Pasaran; Perhitungan hari dengan siklus 5 harian : 1. Kliwon/ Kasih 2. Legi / Manis 3. Pahing / Jenar 4. Pon / Palguna 5. Wage / Kresna/ Langking 2. Sadwara – Paringkelan, Perhitungan hari dengan siklus 6 harian 1. Tungle / Daun 2. Aryang / Manusia 3. Wurukung/ Hewan 4. Paningron / Mina/Ikan 5. Uwas / Peksi/Burung 6. Mawulu / Taru/Benih. 3. Saptawara – Padinan, Perhitungan hari dengan siklus 7 harian : 1. Minggu / Radite 2. Senen / Soma 3. Selasa / Anggara 4. Rebo / Budha 5. Kemis / Respati 6. Jemuwah / Sukra 7. Setu / Tumpak/Sa

Agama asli jawa Indonesia

HONG WILAHENG NGIGENO MESTUTI, LUPUTO SARIK LAWAN SANDI, LUPUTO DENDANING TAWANG TOWANG, DJAGAD DEWO BATORO HJANG DJAGAD PRAMUDITO BUWONO LANGGENG AGOMO BUDDODJAWI-WISNU hing TANAH DJOWO ( INDONESIA ) ---oooOooo--- Lambang Cokro Umbul - Umbul Klaras            Wiwitipun ngadeg Agami Buddodjawi-Wisnu wonten ing Suroboyo, nudju dinten Tumpak cemengan (Saptu Wage), tanggal kaping 11 Palguno 1856. (Djumadilawal) utawi tanggal 25 November 1925 mongso kanem, windu sengsoro, Tinengeran condro sangkolo. Ojaging Pandowo Angesti Buddo 1856. Utawi tahun Ismoyo 8756.            Tujuan Agami Buddodjawi-Wisnu anenangi soho angemuti dumateng Agami soho Kabudayan kita ing Indonesia ingkang asli soho murni, kados dene wontenipun negari Modjopait sapanginggil sederengipun wonten Agami penjajahan. Agami Buddodjawi-wisnu puniko mengku punjering Kabudayan Nasional ingkang asli soho murni ing Indonesia. Dene Punjering Kabudayan wau ingkan ngawontenaken adat t