Skip to main content

Agama asli jawa Indonesia


HONG WILAHENG NGIGENO MESTUTI, LUPUTO SARIK LAWAN SANDI, LUPUTO DENDANING TAWANG TOWANG, DJAGAD DEWO BATORO HJANG DJAGAD PRAMUDITO BUWONO LANGGENG



AGOMO BUDDODJAWI-WISNU
hing
TANAH DJOWO ( INDONESIA )
---oooOooo---

Lambang Cokro


Umbul - Umbul Klaras
Umbul - Umbul Klaras


           Wiwitipun ngadeg Agami Buddodjawi-Wisnu wonten ing Suroboyo, nudju dinten Tumpak cemengan (Saptu Wage), tanggal kaping 11 Palguno 1856. (Djumadilawal) utawi tanggal 25 November 1925 mongso kanem, windu sengsoro, Tinengeran condro sangkolo. Ojaging Pandowo Angesti Buddo 1856. Utawi tahun Ismoyo 8756.
           Tujuan Agami Buddodjawi-Wisnu anenangi soho angemuti dumateng Agami soho Kabudayan kita ing Indonesia ingkang asli soho murni, kados dene wontenipun negari Modjopait sapanginggil sederengipun wonten Agami penjajahan. Agami Buddodjawi-wisnu puniko mengku punjering Kabudayan Nasional ingkang asli soho murni ing Indonesia. Dene Punjering Kabudayan wau ingkan ngawontenaken adat toto-caraning bongso. Adat toto-coro puniko dipun wastani Agami. Agami inggih pranatan kasusilaning manungso. Kabudayan asalipun saking Budoyo, ateges dayaning kalbu. dayaning kalbu amujudaken Kabudayan. Kabudayan amujudaken kagunan soho pranatan. Kagunan puniko marupi-rupi. Pranatan amujudaken kasusilan. Dene kasusilan inggih puniko, manungso ingkang mangertos dumateng pranatan ingkang alus, dene wujudipun pranatan ingkang alus manungso ingkang mangertos nindakaken panembah utawi bakti dumateng panjenenganipunGusti Ingkang Sipat Esa (Gusti ingkang Murboamiseso). Panembah utawi bakti wau, inggih saking pranatan Agami. Milo Agami inggih ateges Punjering Kabudayan. Kabudayan inggih saking dayaning kalbu. Dayaning kalbu inggih saking Gusti Murboamiseso. Dene Gusti ingkang Murboamiseso, ugi ingkang manunggil dateng kito sedoyo.
           Wusono bilih sami condong ing karso, sumonggo sami angluhuraken Kabudayan soho kasusilan kito bongso Indonesia ingkang asli soho murni, lantaran manunggil Agami Buddodjawi-Wisnu, anyondongi dateng adegipun negari kito Republik Indonesia ingkang mardiko, bebas sagunging penjajahan. Lhir soho batos. Klayan anetepi unggeling Undang Undang Dasar saking negari kito Republik Indonesia ingkang mungel makaten :

 

        Kata Pembukaan !
       Bahwa sesungguhnya Kemerdekaan itu, ialah hak segala bangsa, maka oleh sebab itu, penjajahan di atas dunia harus di hapuskan, sebab tidak sesuai dengan peri kemanusiaan dan peri keadilan.

 BAB II       PASAL 29 PASAL 18 DAN 13

      Pertama.  Negara berdasarkan Ketuhanan yang Maha Esa
      Kedua. Negara menjamin Kemerdekaan tiap tiap penduduk untuk memeluk Agamanya masing masing dan beribadat menurut Agamanya dan kepercayaannya itu.

      PASAL 32. Negara memajukan Kebudayaan Nasional Indonesia.
      Pramilo adegipun Agami Buddodjawi-Wisnu ateges anenangi soho angluhuraken dateng adat toto-coro kito bongso Indonesia ingkang asli soho murni, sosilo klayan sampurno. Miturut wewaton saking Kabudayan Nasional Indonesia ingkang sejati.
      Bilih kito bongso Indonesia tasih remen ngangge adat asing, inggih adat toto-coro penjajahan, puniko ateges dereng Merdeko 100%. Awit ing selebetipun batos bongso kito puniko tasih wonten kantunan penjajah peri Kamanungsan kito. Milo kinging kawastanan bilih kito dereng Merdiko 100%, awit tasih wonten penjajahan batos. Dados boten cocok klayan peri Kamanungsan soho peri keadilan tumrap dateng bongso Indonesia Ugi ateges kito dereng purun angluhuraken Kabudayan Nasional Indonesia ingkang asli.
 
http://djawoto.blogspot.co.id/2012/11/agama-asli-djawa-indonesia.html

Comments

Popular posts from this blog

Belajar dari Wirid Wirayat Jati Ronggowarsito

Banyak orang yang tidak tahu apa sih ilmu sejati itu? Banyak para salik yang mencari suluk untuk mendapatkan ilmu sejati yakni ilmu kasampurnan (kesempurnaan) hidup. Tidak ada salahnya jika kita belajar ilmu kasampurnaan hidup itu dari Raden Ngabehi Ronggowarsito dari Serat Wirid Wirayat Jati yang ditulisnya. Bagaimana ilmu kasampurnan itu? Anênggih punika pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dunung lan pangkating kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh kasampurnan, tutuladhan saking Kitab Tasawuf, panggêlaring wêjangan wau thukul saking kawêningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning Pangeran, rinilan ambuka wêdharing pangandikaning Pangeran dhatêng Nabi. Musa, Kalamolah, ingkang suraosipun makatên: Ing sabênêr-bênêre manungsa iku kanyatahaning Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji. (Inilah sebuah petunjuk benar yang menjelaskan ilmu sirr kesempurnaan hidup, yang berakar dari

PRIMBON JAWA LENGKAP

Sistim Penanggalan Jawa Sistim Penanggalan Jawa lebih lengkap dan komprehensif apabila dibandingkan dengan sistim penanggalan lainnya, lengkap dan komprehensifnya adalah suatu pembuktian bahwa ketelitian Jawa dalam mengamati kondisi dan pengaruh seluruh alam semesta terhadap planet bumi seisinya termasuk pengaruh kepada pranatan kehidupan manusia, dapat disampaikan antara lain adanya rumusan tata penanggalan jawa sebagai berikut : 1. Pancawara – Pasaran; Perhitungan hari dengan siklus 5 harian : 1. Kliwon/ Kasih 2. Legi / Manis 3. Pahing / Jenar 4. Pon / Palguna 5. Wage / Kresna/ Langking 2. Sadwara – Paringkelan, Perhitungan hari dengan siklus 6 harian 1. Tungle / Daun 2. Aryang / Manusia 3. Wurukung/ Hewan 4. Paningron / Mina/Ikan 5. Uwas / Peksi/Burung 6. Mawulu / Taru/Benih. 3. Saptawara – Padinan, Perhitungan hari dengan siklus 7 harian : 1. Minggu / Radite 2. Senen / Soma 3. Selasa / Anggara 4. Rebo / Budha 5. Kemis / Respati 6. Jemuwah / Sukra 7. Setu / Tumpak/Sa