Skip to main content

DARMAGANDUL

DARMAGANDUL


Anyariosaken reringkesanipun

BABAD BEDAHING MAJAPAHIT

Kawewehan pepandinganing cariyos

Miturut suraosipun serat walisana



Serat Darmagandul sudah diterbitkan beberapa kali setidaknya hingga empat kali naik cetak di atas kertas. Cetakan ke-empat dilakukan pada tahun 1955. Dari beberapa sejarah dan karya sastra tersebut mengalami beberapa tambahan dan sedikit pengurangan. Sementara itu, Darmagandul cetakan pertama (mungkin dalam bentuk tulisan di atas daun lontar) sangat sulit dilacak keberadaannya. Berikut ini saya sertakan cetakan ke 3. Tanpa ada tendensi apapun saya menayangkan Darmagandul sekedar menambah dan melestarikan karya sastra kuno, demi menghargai para leluhur perintis bangsa. Selain itu saya berusaha semaksimal mungkin untuk mencintai dan menggali produk-produk lokal yang sarat muatan nilai kearifan. Saya pun menyadari sering terjadi pemutarbalikan sejarah masa lampau terutama apa yang terjadi pada masa abad 15 s/d 19. Dengan harapan penayangan ini dapat menambah khasanah ilmu yang berfungsi menjadi bandul penyeimbang sumber sejarah lainnya yang dianggap kontraversi dengan kejadian masa lalu. Dalam konteks ini saya berusaha tidak mengambil sikap pro kontra, sebaliknya berangkat dari sikap ilmiah, dan etika akademisi. Yang terpenting saya mencoba merambah hakekat ilmu yang “katanya” bebas nilai, walaupun saya sangat pesimis dengan pendapat tersebut. Namun dengan sangat menyesal tayangan masih dalam bahasa Jawa sehingga belum bisa dipahami khalayak umum. Sementara ini saya masih menyelesaikan alih bahasa yang dibantu sahabat-sahabat yang peduli dengan pelestarian kesusastraan kuno.





BEBUKA

Sinarkara sarjunireng galih,

myat carita dipangiketira,

kihai Kalamwadine,

ing nguni anggeguru,

puruhita mring Raden Budi,

mangesthi amiluta,

duta rehing guru,

sru sĂȘtya nglampahi dhawah,

panggusthine tan mamang ing lair batin,

pinindha lir Jawata.



Satuduhe Raden Budi ening,

pan ingembun pinusthi ing cipta,

sumungkem lair batine,

tan etung lebur luluh,

pangesthine ing awal akhir,

tinarimeng Bathara,

sasedyanya kabul,

agung nugraheng Hyang Suksma,

sinung ilham ing alam sahir myang kabir,

dumadya auliya.



Angawruhi sasmiteng Hyang Widdhi,

pan biyasa mituhu susetya,

mring dhawuh weling gurune,

kedah medharken kawruh,

karya suka pireneng jalmi,

mring sagung ahli sastra,

tuladhaning kawruh,

kyai Kalamwadi ngarang,

sinung aran srat Darmagandhul jinilid,

sinung tembang macapat.



Pan katemben amaos kinteki,

tembang raras rum seya prasaja,

trewaca wijang raose,

mring tyas gung kumacelu,

yun darbeya miwah nimpeni,

pinirit tinuladha, lelepiyanipun,

sawusnya winaos tamat,

linaksanan tinedhak tinurun sungging,

kinarya nglipur manah.



Pan sinambi-sambi jagi panti,

saselanira ngupaya tedha,

kinarya cagak lenggahe,

nggennya dama cinubluk,

mung kinarya ngarem-aremi,

tarimanireng badan,

anganggur ngethekur,

ngebun-bun pasihaning Hyang,

suprandene tan kaliren wayah siwi,

sagotra minulyarja.



Wus pinupus sumendhe ing takdir,

pan sumarah kumambang karseng Hyang,

ing lokhilmakful tulise,

panitranira nuju,

ping trilikur ri Tumpak manis,

Ruwah Je warsanira,

Sancaya kang windu,

masa Nem ringkĂȘlnya Aryang,

wuku Wukir sangkalanira ing warsi:

wuk guna ngesthi Nata

[taun Jawa 1830].



DARMAGANDHUL

Ing sawijining dina Darmagandhul matur marang Kalamwadi mangkene “Mau-maune kĂȘpriye dene wong Jawa kok banjur padha ninggal agama Buddha salin agama Islam?”



Wangsulane Ki Kalamwadi: “Aku dhewe iya ora pati ngrĂȘti, nanging aku tau dikandhani guruku, ing mangka guruku kuwi iya kĂȘna dipracaya, nyaritakake purwane wong Jawa padha ninggal agama Buddha banjur salin agama Rasul”.



Ature Darmagandhul: “Banjur kapriye dongengane?”



Ki Kalamwadi banjur ngandika maneh: “Bab iki satĂȘmĂȘne iya prĂȘlu dikandhakake, supaya wong kang ora ngrĂȘti mula-bukane karĂȘben ngrĂȘti”.



Ing jaman kuna nagara Majapahit iku jĂȘnĂȘnge nagara MajalĂȘngka, dene ĂȘnggone jĂȘnĂȘng Majapahit iku, mung kanggo pasĂȘmon, nanging kang durung ngrĂȘti dĂȘdongengane iya Majapahit iku jĂȘnĂȘng sakawit. (1)



Ing nagara MajalĂȘngka kang jumĂȘnĂȘng Nata wĂȘkasan jĂȘjuluk Prabu Brawijaya.



Ing wĂȘktu iku, Sang Prabu lagi kalimput panggalihe, Sang Prabu krama oleh Putri CĂȘmpa, (2) ing mangka Putri CĂȘmpa mau agamane Islam, sajrone lagi sih-sinihan, Sang RĂȘtna tansah matur marang Sang Nata, bab luruhe agama Islam, sabĂȘn marak, ora ana maneh kang diaturake, kajaba mung mulyakake agama Islam, nganti njalari katariking panggalihe Sang Prabu marang agama Islam mau.



Ora antara suwe kaprĂȘnah pulunane Putri CĂȘmpa kang aran Sayid Rakhmat tinjo mĂȘnyang MajalĂȘngka, sarta nyuwun idi marang Sang Nata, kaparĂȘnga anggĂȘlarake sarengate agama Rasul. Sang Prabu iya marĂȘngake apa kang dadi panyuwune Sayid rakhmat mau. Sayid Rakhmat banjur kalakon dhĂȘdhukuh ana NgampeldĂȘnta ing (3) anggĂȘlarake agama Rasul. Ing kono banjur akeh para ngulama saka sabrang kang padha tĂȘka, para ngulama lan para maulana iku padhamarĂȘk sang Prabu ing MajalĂȘngka, sarta padha nyuwun dhĂȘdhukuh ing pasisir. Panyuwunan mangkono mau uga diparĂȘngake dening Sang Nata. Suwe-suwe pangidhĂȘp mangkono mau saya ngrĂȘbda, wong Jawa banjur akeh bangĂȘt kang padha agama Islam.



Sayid Kramat dadi gurune wong-wong kang wis ngrasuk agama Islam kabeh, dene panggonane ana ing Benang (4) bawah Tuban. Sayid Kramat iku maulana saka ing ‘Arab tĂȘdhake KanjĂȘng Nabi Rasulu’llah, mula bisa dadi gurune wong Islam. Akeh wong Jawa kang padha kelu maguru marang Sayid Kramat. Wong Jawa ing pasisir lor sapangulon sapangetan padha ninggal agamane Buddha, banjur ngrasuk agama Rasul. Ing Balambangan sapangulon nganti tumĂȘka ing BantĂȘn, wonge uga padha kelu rĂȘmbuge Sayid Kramat.



Mangka agama Buddha iku ana ing tanah Jawa wis kĂȘlakon urip nganti sewu taun, dene wong-wonge padha manĂȘmbah marang Budi Hawa. Budi iku Dzate Hyang Widdhi, Hawa iku karĂȘping hati, manusa ora bisa apa-apa, bisane mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake.





Sang Prabu Brawijaya kagungan putra kakung kang patutan saka Putri Bangsa Cina, miyose putra mau ana ing Palembang, diparingi tĂȘtĂȘngĂȘr Raden Patah.



BarĂȘng Raden Patah wis diwasa, sowan ingkang rama, nganti sadhereke seje rama tunggal ibu, arane Raden Kusen. SatĂȘkane MajalĂȘngka Sang Prabu kewran panggalihe ĂȘnggone arĂȘp maringi sĂȘsĂȘbutan marang putrane, awit yen miturut lĂȘluri saka ingkang rama, Jawa Buddha agamane, yen nglĂȘluri lĂȘluhur kuna, putraning Nata kang pambabare ana ing gunung, sĂȘsĂȘbutane Bambang. Yen miturut ibu, sĂȘsĂȘbutane: Kaotiang, dene yen wong ‘Arab sĂȘsĂȘbutane Sayid utawa Sarib. Sang Prabu banjur nimbali patih sarta para nayaka, padha dipundhuti tĂȘtimbangan ĂȘnggone arĂȘp maringi sĂȘsĂȘbutan ingkang putra mau. Saka ature Patih, yen miturut lĂȘluhur kuna putrane Sang Prabu mau disĂȘbut Bambang, nanging sarehne ibune bangsa Cina, prayoga disĂȘbut Babah, tĂȘgĂȘse pambabare ana nagara liya. Ature Patih kang mangkono mau, para nayaka uga padha mupakat, mula Sang Nata iya banjur dhawuh marang padha wadya, yen putra Nata kang miyos ana ing Palembang iku diparingi sĂȘsĂȘbutan lan asma Babah Patah. KatĂȘlah nganti tumĂȘka saprene, yen blastĂȘran Cina lan Jawa sĂȘsĂȘbutane Babah. Ing nalika samana, Babah Patah wĂȘdi yen ora nglakoni dhawuhe ingkang rama, mulane katone iya sĂȘnĂȘng, sĂȘnĂȘnge mau amung kanggo samudana bae, mungguh satĂȘmĂȘne ora sĂȘnĂȘng bangĂȘt ĂȘnggone diparingi sĂȘsĂȘbutan Babah iku.



Ing nalika iku Babah Patah banjur jinunjung dadi Bupati ing DĂȘmak, madanani para bupati urut pasisir DĂȘmak sapangulon, sarta Babah Patah dipalakramakake oleh ing Ngampelgadhing, kabĂȘnĂȘr wayahe kiyai AgĂȘng Ngampel. BarĂȘng wis sawatara masa, banjur boyong marang DĂȘmak, ana ing desa Bintara, sarta sarehne Babah Patah nalika ana ing Palembang agamane wis Islam, anane ing DĂȘmak didhawuhi nglĂȘstarekake agamane, dene Raden Kusen ing nalika iku jinunjung dadi Adipati ana ing TĂȘrung (5), pinaringan nama sarta sĂȘsĂȘbutan Raden Arya PĂȘcattandha.



Suwening suwe sarak Rasul saya ngrĂȘbda, para ngulama padha nyuwun pangkat sarta padha duwe sĂȘsĂȘbutan Sunan, Sunan iku tĂȘgĂȘse budi, uwite kawruh kaelingan kang bĂȘcik lan kang ala, yen wohe budi ngrĂȘti marang kaelingan bĂȘcik, iku wajib sinuwunan kawruhe ngelmu lair batin.



Ing wĂȘktu iku para ngulama budine bĂȘcik-bĂȘcik, durung padha duwe karĂȘp kang cidra, isih padha cĂȘgah dhahar sarta cĂȘgah sare. sang Prabu Brawijaya kagungan panggalih, para ngulama sarake Buddha, kok nganggo sĂȘsĂȘbutan Sunan, lakune isih padha cĂȘgah mangan, cĂȘgah turu. Yen sarak rasul, sirik cĂȘgah mangan turu, mung nuruti rasaning lesan lan awak. Yen cĂȘgah mangan rusak, Prabu Brawijaya uga banjur paring idi. Suwe-suwe agama Rasul saya sumĂȘbar. Ing wĂȘktu iku ana nalar kang aneh, ora kĂȘna dikawruhi sarana netra karna sarta lesan, wĂȘtune saka engĂȘtan, jroning utĂȘk iku yen diwarahi budi nyambut gawe, kang maca lan kang krungu nganggĂȘp tĂȘmĂȘn lan ora, iya kudu ditimbang ing sabĂȘnĂȘre, saiki isih ana wujuding patilasane, isih kĂȘna dinyatakake, mula saka pangiraku iya nyata.



Dhek nalika samana Sunan Benang sumĂȘdya tindak marang Kadhiri, kang ndherekake mung sakabat loro. SatĂȘkane lor Kadhiri, iya iku ing tanah KĂȘrtasana, kĂȘpalangan banyu, kali Brantas pinuju banjir. Sunan Benang sarta sakabate loro padha nyabrang, satĂȘkane wetan kali banjur niti-niti agamane wong kono apa wis Islam, apa isih agama Budi. Ature Ki Bandar wong ing kono agamane Kalang, sarak Buddha mung sawatara, dene kang agama Rasul lagi bribik-bribik, wong ing kono akeh padha agama Kalang, mulyakake Bandung Bandawasa. Bandung dianggĂȘp Nabine, yen pinuji dina Riyadi, wong-wong padha bĂȘbarĂȘngan mangan enak, padha sĂȘnĂȘng-sĂȘnĂȘng ana ing omah. Sunan Benang ngandika: “Yen ngono wong kene kabeh padha agama GĂȘdhah, GĂȘdhah iku ora irĂȘng ora putih, tanah kene patut diarani Kutha GĂȘdhah”.



Ki Bandar matur: “Dhawuh pangandika panjĂȘnĂȘngan, kula ingkang nĂȘkseni”. Tanah saloring kutha kadhiri banjur jĂȘnĂȘng Kutha GĂȘdhah, nganti tĂȘkane saiki isih karan Kutha GĂȘdhah, nanging kang mangkono mau arang kang padha ngrĂȘti mula-bukane.



Sunan Benang ngandika marang sakabate: “Kowe goleka banyu imbon mĂȘnyang padesan, kali iki isih banjir, banyune isih buthĂȘk, yen diombe nglarani wĂȘtĂȘng, lan maneh iki wancine luhur, aku arĂȘp wudhu, arĂȘp salat”.



Sakabate siji banjur lunga mĂȘnyang padesan arĂȘp golek banyu, tĂȘkan ing desa Pathuk ana omah katone suwung ora ana wonge lanang, kang ana mung bocah prawan siji, wajah lagi arĂȘp mĂȘpĂȘg birahi, ing wĂȘktu iku lagi nĂȘnun. Sakabat tĂȘka sarta alon calathune: “mBok Nganten, kula nĂȘdha toya imbon bĂȘning rĂȘsik”. mBok Prawan kaget krungu swarane wong lanang, barĂȘng noleh wĂȘruh lanang sajak kaya santri, MBok Prawan salah cipta, pangrasane wong lanang arĂȘp njĂȘjawat, mĂȘjanani marang dheweke, mula ĂȘnggone mangsuli nganggo tĂȘmbung saru: “nDika mĂȘntas liwat kali tĂȘka ngangge ngarani njaluk banyu imbon, ngriki botĂȘn entĂȘn carane wong ngimbu banyu, kajaba uyuh kula niki imbon bĂȘning, yen sampeyan ajĂȘng ngombe”.



Santri krungu tĂȘtĂȘmbungan mangkono banjur lunga tanpa pamit lakune dirikatake sarta garundĂȘlan turut dalan, satĂȘkane ngarsane Sunan Benang banjur ngaturake lĂȘlakone nalika golek banyu. Sunan Benang mirĂȘng ature sakabate, bangĂȘt dukane, nganti kawĂȘtu pangandikane nyupatani, ing panggonan kono disabdakake larang banyu, prawane aja laki yen durung tuwa, sarta jakane aja rabi yen durung dadi jaka tuwa, barĂȘng kĂȘna dayaning pangandika mau, ing sanalika kali Brantas iline dadi cilik, iline banyu kang gĂȘdhe nyimpang nrabas desa alas sawah lan patĂȘgalan, akeh desa kang padha rusak, awit katrajang ilining banyu kali kang ngalih iline, kali kang maune iline gĂȘdhe sanalika dadi asat. Nganti tumĂȘka saprene tanah GĂȘdhah iku larang banyu, jaka lan prawane iya nganti kasep ĂȘnggone omah-omah. Sunan Benang tĂȘrus tindak mĂȘnyang Kadhiri.



Ing wĂȘktu iki ana dhĂȘmit jĂȘnĂȘnge Nyai PlĂȘncing, iya iku dhĂȘmit ing sumur Tanjungtani, tansah digubĂȘl anak putune, padha wadul yen ana wong arane Sunan Benang, gawene nyikara marang para lĂȘlĂȘmbut, ngĂȘndĂȘl-ĂȘndĂȘlake kaprawirane, kali kang saka Kadhiri disotake banjur asat sanalika, iline banjur salin dalan kang dudu mĂȘsthine, mula akeh desa, alas, sawah sarta patĂȘgalan, kang padha rusak, iya iku saka panggawene Sunan Benang, kang uga ngĂȘsotake wong ing kono, lanang wadon ngantiya kasep ĂȘnggone omah-omah, sarta kono disotake larang banyu sarta diĂȘlih jĂȘnĂȘnge tanah aran Kutha GĂȘdhah, Sunan Benang dhĂȘmĂȘne salah gawe. Anak putune Nyai PlĂȘncing padha ngajak supaya Nyai PlĂȘncing gĂȘlĂȘma nĂȘluh sarta ngrĂȘridhu Sunan Benang, bisaa tumĂȘka ing pati, dadi ora tansah ganggu gawe. Nyai PlĂȘncing krungu wadule anak putune mangkono mau, enggal mangkat mĂȘthukake lakune Sunan Benang, nanging dhĂȘmit-dhĂȘmit mau ora bisa nyĂȘdhaki Sunan Benang, amarga rasane awake padha panas bangĂȘt kaya diobong. DhĂȘmit-dhĂȘmit mau banjur padha mlayu marang Kadhiri, satĂȘkane ing Kadhiri, matur marang ratune, ngaturake kahanane kabeh. ratune manggon ing Selabale. (6) JĂȘnĂȘnge Buta Locaya, dene Selabale iku dununge ana sukune gunung Wilis. Buta Locaya iku patihe Sri Jayabaya, maune jĂȘnĂȘnge kiyai Daha, duwe adhi jĂȘnĂȘnge kiyai Daka. Kiyai daha iki cikal-bakal ing Kadhiri, barĂȘng Sri Jayabaya rawuh, jĂȘnĂȘnge kiyai Daha dipundhut kanggo jĂȘnĂȘnge nagara, dheweke diparingi Buta Locaya, sarta banjur didadekake patihe Sang Prabu Jayabaya.



Buta iku tĂȘgĂȘse: butĂȘng utawa bodho, Lo tĂȘgĂȘse kowe, caya tĂȘgĂȘse: kĂȘna dipracaya, kiyai Buta Locaya iku bodho, nanging tĂȘmĂȘn mantĂȘp sĂȘtya ing Gusti, mulane didadekake patih. Wiwite ana sĂȘbutan kiyai, iya iku kiyai daha lan kiyai Daka, kiyai tĂȘgĂȘse: ngayahi anak putune sarta wong-wong ing kanan keringe.



JĂȘngkare Sri Narendra anjujug ing omahe kiyai Daka, ana ing kono Sang Prabu sawadya-balane disugata, mula sang Prabu asih bangĂȘt marang kiyai Daka, jĂȘnĂȘnge kiyai Daka dipundhut kanggo jĂȘnĂȘng desa, dene kiyai Daka banjur diparingi jĂȘnĂȘng kiyai Tunggulwulung, sarta dadi senapatining pĂȘrang.



Samuksane Sang Prabu Jayabaya lan putrane putri kang aran Ni Mas Ratu PagĂȘdhongan, Buta Locaya lan kiyai Tunggulwulung uga padha muksa; Ni Mas Ratu PagĂȘdhongan dadi ratuning dhĂȘmit nusa Jawa, kuthane ana sagara kidul sarta jĂȘjuluk Ni Mas Ratu Anginangin. Sakabehe lĂȘlĂȘmbut kang ana ing lautan dharatan sarta kanan keringe tanah Jawa, kabeh padha sumiwi marang Ni Mas Ratu Anginangin.



Buta Locaya panggonane ana ing Selabale, dene kiyai Tunggulwulung ana ing gunung KĂȘlut, rumĂȘksa kawah sarta lahar, yen lahar mĂȘtu supaya ora gawe rusaking desa sarta liya-liyane.



Ing wĂȘktu iku kiyai Buta Locaya lagi lĂȘnggah ana ing kursi kĂȘncana kang dilemeki kasur babut isi sari, sarta kinĂȘbutan ĂȘlaring mĂȘrak, diadhĂȘp patihe aran MegamĂȘndhung, lan putrane kakung loro uga padha ngadhĂȘp, kang tuwa arane Panji SĂȘktidiguna, kang anom aran panji Sarilaut.



Buta Locaya lagi ngandikan karo kang padha ngadhĂȘp, kaget kasaru tĂȘkane Nyai PlĂȘncing, ngrungkĂȘbi pangkone, matur bab rusake tanah lor Kadhiri, sarta ngaturake yen kang gawe rusak iku, wong saka Tuban kang sumĂȘdya lĂȘlana mĂȘnyang Kadhiri, arane Sunan Benang. Nyai PlĂȘncing ngaturake susahe para lĂȘlĂȘmbut sarta para manusa.



Buta Locaya krungu wadule Nyai PlĂȘncing mangkono mau bangĂȘt dukane, sarirane nganti kaya gĂȘni, sanalika banjur nimbali putra-wayahe sarta para jin pĂȘri parajangan, didhawuhi nglawan Sunan Benang. Para lĂȘlĂȘmbut mau padha sikĂȘp gĂȘgaman pĂȘrang, sarta lakune barĂȘng karo angin, ora antara suwe lĂȘlĂȘmbut wis tĂȘkan ing saĂȘloring desa Kukum, ing kono Buta Locaya banjur maujud manusa aran kiyai Sumbre, dene para lĂȘlĂȘmbut kang pirang-pirang ewu mau padha ora ngaton, kiyai Sumbre banjur ngadĂȘg ana ing tĂȘngah dalan sangisoring wit sambi, ngadhang lakune Sunan Benang kang saka ĂȘlor.



Ora antara suwe tĂȘkane Sunan Benang saka lor, Sunan Benang wis ora kasamaran yen kang ngadĂȘg ana sangisoring wit sambi iku ratuning dhĂȘmit, sumĂȘdya ganggu gawe, katitik saka awake panas kaya mawa. Dene lĂȘlĂȘmbut kang pirang-pirang ewu mau padha sumingkir adoh, ora bĂȘtah kĂȘna prabawane Sunan Benang. Mangkono uga Sunan Benang uga ora bĂȘtah cĂȘdhak karo kiyai Sumbre, amarga kaya dene cĂȘdhak mawa, kiyai Sumbre mangkono uga.



Sakabat loro kang maune padha sumaput, banjur padha katisĂȘn, amarga kĂȘna daya prabawane kiyai Sumbre.



Sunan Benang andangu marang kiyai Sumbre: “Buta Locaya! kowe kok mĂȘthukake lakuku, sarta nganggo jĂȘnĂȘng Sumbre, kowe apa padha slamĂȘt?”.



Buta Locaya kaget bangĂȘt dene Sunan Benang ngrĂȘtos jĂȘnĂȘnge dheweke, dadi dheweke kawanguran karĂȘpe, wusana banjur matur marang Sunan Benang: “Kados pundi dene paduka sagĂȘd mangrĂȘtos manawi kula punika Buta Locaya?”.



Sunan Benang ngandika: “Aku ora kasamaran, aku ngrĂȘti yen kowe ratuning dhĂȘmit Kadhiri, jĂȘnĂȘngmu Buta Locaya.”.



Kiyai Sumbre matur marang Sunan Benang: “Paduka punika tiyang punapa, dene mangangge pating gĂȘdhabyah, dede pangagĂȘm Jawi. Kados wangun walang kadung?”.



Sunan Benang ngandika maneh: “Aku bangsa ‘Arab, jĂȘnĂȘngku Sayid Kramat, dene omahku ing Benang tanah Tuban, mungguh kang dadi sĂȘdyaku arĂȘp mĂȘnyang Kadhiri, pĂȘrlu nonton patilasan kadhatone Sang Prabu Jayabaya, iku prĂȘnahe ana ing ngĂȘndi?”.



Buta Locaya banjur matur: “Wetan punika wastanipun dhusun MĂȘnang (9), sadaya patilasan sampun sami sirna, kraton sarta pasanggrahanipun inggih sampun botĂȘn wontĂȘn, kraton utawi patamanan Bagendhawati ingkang kagungan Ni Mas Ratu PagĂȘdhongan inggih sampun sirna, pasanggrahan Wanacatur ugi sampun sirna, namung kantun namaning dhusun, sadaya wau sirnanipun kaurugan siti pasir sarta lahar saking rĂȘdi KĂȘlut. Kula badhe pitaken, paduka gĂȘndhak sikara dhatĂȘng anak putu Adam, nyabdakakĂȘn ingkang botĂȘn patut, prawan tuwa jaka tuwa, sarta ngĂȘlih nami Kutha GĂȘdhah, ngĂȘlih lepen, lajĂȘng nyabdakakĂȘn ing ngriki awis toya, punika namanipun siya-siya botĂȘn surup, sikara tanpa dosa, saiba susahipun tiyang gĂȘsang laki rabi sampun lungse, lajĂȘng botĂȘn gampil pĂȘncaripun titahing Latawalhujwa, makatĂȘn wau saking sabda paduka, sĂȘpintĂȘn susahipun tiyang ingkang sami kĂȘbĂȘnan, lepen Kadhiri ngalih panggenan mili nrajang dhusun, wana, sabin, pintĂȘn-pintĂȘn sami risak, ngriki paduka-sotakĂȘn, sĂȘlaminipun awis toya, lepenipun asat, paduka sikara botĂȘn surup, nyikara tanpa prakara”.



Sunan Benang ngandika: “Mula ing kene tak-ĂȘlih jĂȘnĂȘng Kutha GĂȘdhah, amarga wonge kene agamane ora irĂȘng ora putih, tĂȘtĂȘpe agama biru, sabab agama Kalang, mula tak-sotake larang banyu, aku njaluk banyu ora oleh, mula kaline banjur tak-ĂȘlih iline, kene kabeh tak sotake larang banyu, dene ĂȘnggonku ngĂȘsotake prawan tuwa jaka tuwa, amarga kang tak jaluki banyu ora oleh iku, prawan baleg.”.



Buta Locaya matur maneh: “Punika namanipun botĂȘn timbang kaliyan sot panjĂȘnĂȘngan, botĂȘn sapintĂȘn lĂȘpatipun, tur namung tiyang satunggal ingkang lĂȘpat, nanging ingkang susah kok tiyang kathah sangĂȘt, botĂȘn timbang kaliyan kukumipun, paduka punika namanipun damĂȘl mlaratipun tiyang kathah, saupami konjuk Ingkang Kagungan Nagari, paduka inggih dipunukum mlarat ingkang langkung awrat, amargi ngrisakakĂȘn tanah, lah sapunika mugi panjĂȘnĂȘngan-sotakĂȘn wangsulipun malih, ing ngriki sagĂȘda mirah toya malih, sagĂȘd dados asil panggĂȘsangan laki rabi taksih alit lajĂȘng mĂȘncarakĂȘn titahipun Hyang Manon. PanjĂȘnĂȘngan sanes Narendra tĂȘka ngarubiru agami, punika namanipun tiyang dahwen”.



Sunan Benang ngandika: “Sanadyan kok-aturake Ratu MajalĂȘngka aku ora wĂȘdi”.



Buta Locaya barĂȘng krungu tĂȘmbung ora wĂȘdi marang Ratu MajalĂȘngka banjur mĂȘtu nĂȘpsune, calathune sĂȘngol: “RĂȘmbag paduka niki dede rĂȘmbage wong ahli praja, patute rĂȘmbage tiyang entĂȘn ing bambon, ngĂȘndĂȘlake dumeh tiyang digdaya, mbok sampun sumakehan dumeh dipunkasihi Hyang Widdhi, sugih sanak malaekat, lajĂȘng tumindak sakarsa-karsa botĂȘn toleh kalĂȘpatan, siya dahwen sikara botĂȘn ngangge prakara, sanadyan ing tanah Jawi rak inggih wontĂȘn ingkang nglangkungi kaprawiran paduka, nanging sami ahli budi sarta ajrih sĂȘsikuning Dewa, tĂȘbih saking ahli budi yen ngantos siya dhatĂȘng sĂȘsami nyikara tanpa prakara, punapa paduka punika tiyang tunggilipun Aji Saka, muride Ijajil. Aji Saka dados Ratu tanah Jawi namung tigang taun lajĂȘng minggat saking tanah Jawi, sumbĂȘr toya ing MĂȘdhang saurutipun dipunbĂȘkta minggat sadaya, Aji Saka tiyang saka Hindhu, paduka tiyang saking ‘Arab, mila sami siya-siya dhatĂȘng sĂȘsami, sami damĂȘl awising toya, paduka ngakĂȘn Sunan rak kĂȘdah simpĂȘn budi luhur, damĂȘl wilujĂȘng dhatĂȘng tiyang kathah, nanging kok jĂȘbul botĂȘn makatĂȘn, wujud paduka niki jajil bĂȘlis katingal, botĂȘn tahan digodha lare, lajĂȘng mubal nĂȘpsune gĂȘlis duka, niku Sunan napa? Yen pancen Sunaning jalma yĂȘktos, mĂȘsthi simpĂȘn budi luhur. Paduka niksa wong tanpa dosa, nggih niki margi paduka cilaka, tandhane paduka sapunika sampun jasa naraka jahanam, yen sampun dados, lajĂȘng paduka-ĂȘnggeni piyambak, siram salĂȘbĂȘting kawah wedang ingkang umob mumpal-mumpal. Kula niki bangsaning lĂȘlĂȘmbut, sanes alam kaliyan manusa, ewadene kula taksih engĂȘt dhatĂȘng wilujĂȘngipun manusa. Inggih sampun ta, sapunika sadaya ingkang risak kula-aturi mangsulakĂȘn malih, lepen ingkang asat lan panggenan ingkang sami katrajang toya kula-aturi mangsulakĂȘn kados sawaunipun, manawi panjĂȘnĂȘngan botĂȘn karsa mangsulakĂȘn, sadaya manusa Jawi ingkang Islam badhe sami kula-tĂȘluh kajĂȘngipun pĂȘjah sadaya, kula tamtu nyuwun bantu wadya bala dhatĂȘng KanjĂȘng Ratu Ayu Anginangin ingkang wontĂȘn samodra kidul”.



Sunan Benang barĂȘng mirĂȘng nĂȘpsune Buta Locaya rumaos lupute, dene gawe kasusahan warna-warna, nyikara wong kang ora dosa, mula banjur ngandika: “Buta Locaya! aku iki bangsa Sunan, ora kĂȘna mbaleni caturku kang wus kawĂȘtu, besuk yen wus limang atus taun, kali iki bisa bali kaya mau-maune”.



Buta Locaya barĂȘng krungu kĂȘsagahane Sunan Benang, banjur nĂȘpsu maneh, nuli matur marang Sunan Benang: “KĂȘdah paduka- wangsulna sapunika, yen botĂȘn sagĂȘd, paduka kula-banda”.



Sunan Benang ngandika marang Buta Locaya: “Wis kowe ora kĂȘna mangsuli, aku pamit nyimpang mangetan, woh sambi iki tak-jĂȘnĂȘngake cacil, dene kok kaya bocah cilik padha tukaran, dhĂȘmit lan wong pĂȘcicilan rĂȘbut bĂȘnĂȘr ngadu kawruh prakara rusaking tanah, sarta susahe jalma lan dhĂȘmit, dak-suwun marang Rabbana, woh sambi dadi warna loro kanggone, daginge dadiya asĂȘm, wijine mĂȘtuwa lĂȘngane, asĂȘm dadi pasĂȘmoning ulat kĂȘcut, dene dhĂȘmit padu lan manusa, lĂȘnga tĂȘgĂȘse dhĂȘmit mlĂȘlĂȘng jalma lunga. Ing besuk dadiya pasĂȘksen, yen aku padu karo kowe, lan wiwit saiki panggonan tĂȘtĂȘmon iki, kang lor jĂȘnĂȘnge desa Singkal, ing kene desa ing Sumbre, dene panggonane balamu kang ana ing kidul iku jĂȘnĂȘnge desa Kawanguran”.



Sunan Benang sawuse ngandika mangkono banjur mlumpat marang wetan kali, katĂȘlah nganti tumĂȘka saprene ing tanah Kutha GĂȘdhah ana desa aran Kawanguran, Sumbre sarta Singkal, Kawanguran tĂȘgĂȘse kawruhan, Singkal tĂȘgĂȘse sĂȘngkĂȘl banjur nĂȘmu akal.



Buta Locaya nututi tindake Sunan Benang. Sunan Benang tindake tĂȘkan ing desa BogĂȘm, ana ing kono Sunan Benang mriksani rĂȘca jaran, rĂȘca mau awak siji ĂȘndhase loro, dene prĂȘnahe ana sangisoring wit trĂȘnggulun, wohe trĂȘnggulun mau akeh bangĂȘt kang padha tiba nganti amblasah, Sunan Benang ngasta kudhi, rĂȘca jaran ĂȘndhase digĂȘmpal.



Buta Locaya barĂȘng wĂȘruh patrape Sunan Benang anggĂȘmpal ĂȘndhasing rĂȘca jaran, saya wuwuh nĂȘpsune sarta mangkene wuwuse: “Punika yasanipun sang Prabu Jayabaya, kangge pralambang ing tekadipun wanita Jawi, benjing jaman Nusa SrĂȘnggi, sintĂȘn ingkang sumĂȘrĂȘp rĂȘca punika, lajĂȘng sami mangrĂȘtos tekadipun para wanita Jawi”.



Sunan Benang ngandika: “Kowe iku bangsa dhĂȘmit kok wani padu karo manusa, jĂȘnĂȘnge dhĂȘmit kĂȘmĂȘnthus”.



Buta Locaya mangsuli: “Inggih kaot punapa, ngriku Sunan, kula Ratu”.



Sunan Benang ngandika: “Woh trĂȘnggulun iki tak-jĂȘnĂȘngake kĂȘnthos, dadiya pangeling-eling ing besuk, yen aku kĂȘrĂȘngan karo dhĂȘmit kumĂȘnthus, prakara rusaking rĂȘca”.



Ki Kalamwadi ngandika: “KatĂȘlah nganti saprene, woh trĂȘnggulun jĂȘnĂȘnge kĂȘnthos, awit saka sabdane Sunan Benang, iku pituture Raden Budi Sukardi, guruku”.



Sunan Benang banjur tindak mangalor, barĂȘng wis wanci asar, kĂȘrsane arĂȘp salat, sajabane desa kono ana sumur nanging ora ana timbane, sumure banjur digolingake, dene Sunan Benang sawise, nuli sagĂȘd mundhut banyu kagĂȘm wudhu banjur salat.



Ki Kalamwadi ngandika: “KatĂȘlah nganti saprene sumur mau karane sumur Gumuling, Sunan Benang kang anggolingake, iku pituture Raden Budi guruku, ĂȘmbuh bĂȘnĂȘr lupute”.



Sunan Benang sawise salat banjur nĂȘrusake tindake, satĂȘkane desa Nyahen (10) ing kona ana rĂȘca buta wadon, prĂȘnahe ana sangisoring wit dhadhap, wĂȘktu iku dhadhape pinuju akeh bangĂȘt kĂȘmbange, sarta akeh kang tiba kanan keringe rĂȘca buta mau, nganti katon abang mbĂȘranang, saka akehe kĂȘmbange kang tiba, Sunan Benang priksa rĂȘca mau gumun bangĂȘt, dene ana madhĂȘp mangulon, dhuwure ana 16 kaki, ubĂȘnge bangkekane 10 kaki, saupama diĂȘlih saka panggonane, yen dijunjung wong wolung atus ora kangkat, kajaba yen nganggo piranti, baune tĂȘngĂȘn rĂȘca mau disĂȘmpal dening Sunan Benang, bathuke dikrowak.



Buta Locaya wĂȘruh yen Sunan Benang ngrusak rĂȘca, dheweke nĂȘpsu maneh, calathune: “PanjĂȘnĂȘngan nyata tiyang dahwen, rĂȘca buta bĂȘcik-bĂȘcik dirusak tanpa prakara, saniki awon warnine, ing mangka punika yasanipun Sang Prabu Jayabaya, lah asilipun punapa panjĂȘnĂȘngan ngrisak rĂȘca?”



Pangandikane Sunan Benang: “Mulane rĂȘca iki tak-rusak, supaya aja dipundhi-pundhi dening wong akeh, aja tansah disajeni dikutugi, yen wong muji brahala iku jĂȘnĂȘnge kapir kupur lair batine kĂȘsasar.”



Buta Locaya calathu maneh: “Wong Jawa rak sampun ngrĂȘtos, yen punika rĂȘca sela, botĂȘn gadhah daya, botĂȘn kuwasa, sanes Hyang Latawalhujwa, mila sami dipunladosi, dipunkutugi, dipunsajeni, supados para lĂȘlĂȘmbut sampun sami manggen wontĂȘn ing siti utawi kajĂȘng, amargi siti utawi kajĂȘng punika wontĂȘn asilipun, dados tĂȘdhanipun manusa, mila para lĂȘlĂȘmbut sami dipunsukani panggenan wontĂȘn ing rĂȘca, panjĂȘnĂȘngan-tundhung dhatĂȘng pundi? Sampun jamakipun brĂȘkasakan manggen ing guwa, wontĂȘn ing rĂȘca, sarta nĂȘdha ganda wangi, dhĂȘmit manawi nĂȘdha ganda wangi badanipun kraos sumyah, langkung sĂȘnĂȘng malih manawi manggen wontĂȘn ing rĂȘca wĂȘtah ing panggenan ingkang sĂȘpi edhum utawi wontĂȘn ngandhap kajĂȘng ingkang agĂȘng, sampun sami ngraos yen alamipun dhĂȘmit punika sanes kalayan alamipun manusa, manggen wontĂȘn ing rĂȘca tĂȘka panjĂȘnĂȘngan-sikara, dados panjĂȘnĂȘngan punika tĂȘtĂȘp tiyang jail gĂȘndhak sikara siya-siya dhatĂȘng sasamining tumitah, makluking Pangeran. Aluwung manusa Jawa ngurmati wujud rĂȘca ingkang pantĂȘs simpĂȘn budi nyawa, wangsul tiyang bangsa ‘Arab sami sojah Ka’batu’llah, wujude nggih tugu sela, punika inggih langkung sasar”.



Pangandikane Sunan Benang: Ka’batu’llah iku kang jasa KangjĂȘng Nabi Ibrahim, ing kono pusĂȘring bumi, didelehi tugu watu disujudi wong akeh, sing sapa sujud marang Ka’batu’llah, Gusti Allah paring pangapura lupute kabeh salawase urip ana ing ‘alam pangumbaran”.



Buta Locaya mangsuli karo nĂȘpsu: “Tandhane napa yen angsal sihe Pangeran, angsal pangapuntĂȘn sadaya kalĂȘpatanipun, punapa sampun angsal saking Pangeran Kang Maha Agung tapak asta mawi cap abrit?



Sunan Benang ngandika maneh: “Kang kasĂȘbut ing kitabku, besuk yen mati oleh kamulyan”.



Buta Locaya mangsuli karo mbĂȘkos: “PĂȘjah malih yen sumĂȘrĂȘpa, kamulyan sanyata wontĂȘn ing dunya kemawon sampun korup, sasar nyĂȘmbah tugu sela, manawi sampun nrimah nĂȘmbah curi, prayogi dhatĂȘng rĂȘdi KĂȘlut kathah sela agĂȘng-agĂȘng yasanipun Pangeran, sami maujud piyambak saking sabda kun, punika wajib dipunsujudi. Saking dhawuhipun Ingkang Maha Kuwaos, manusa sadaya kĂȘdah sumĂȘrĂȘp ing Batu’llahipun, badanipun manusa punika Baitu’llah ingkang sayĂȘktos, sayĂȘktos yen yasanipun Ingkang Maha Kuwaos, punika kĂȘdah dipunrĂȘksa, sintĂȘn sumĂȘrĂȘp asalipun badanipun, sumĂȘrĂȘp budi hawanipun, inggih punika ingkang kenging kangge tuladha. Sanadyan rintĂȘn dalu nglampahi salat, manawi panggenanipun raga pĂȘtĂȘng, kawruhipun sasar-susur, sasar nĂȘmbah tugu sela, tugu damĂȘlan Nabi, Nabi punika rak inggih manusa kĂȘkasihipun Gusti Allah, ta, pinaringan wahyu nyata pintĂȘr sugih engĂȘtan, sidik paningalipun tĂȘrus, sumĂȘrĂȘp

cipta sasmita ingkang dereng kalampahan. Dene ingkang yasa rĂȘca punika Prabu Jayabaya, inggih kĂȘkasihipun Ingkang Kuwaos, pinaringan wahyu mulya, inggih pintĂȘr sugih engĂȘtan sidik paningalipun tĂȘrus, sumĂȘrĂȘp saderengipun kalampahan, paduka pathokan tulis, tiyang Jawi pathokan sastra, bĂȘtuwah saking lĂȘluhuripun. sami-sami nyungkĂȘmi kabar, aluwung nyungkĂȘmi kabar sastra saking lĂȘluhuripun piyambak, ingkang patilasanipun taksih kenging dipuntingali. Tiyang nyungkĂȘmi kabar ‘Arab, dereng ngrĂȘtos kawontĂȘnanipun ngrika, punapa dora punapa yĂȘktos, anggĂȘga ujaripun tiyang nglĂȘmpara. Mila panjĂȘnĂȘngan anganjawi, nyade umuk, nyade mulyaning nagari MĂȘkah, kula sumĂȘrĂȘp nagari MĂȘkah, sitinipun panas, awis toya, tanĂȘm-tanĂȘm tuwuh botĂȘn sagĂȘd mĂȘdal, bĂȘnteripun bantĂȘr awis jawah, manawi tiyang ingkang ahli nalar, mastani MĂȘkah punika nagari cilaka, malah kathah tiyang sade tinumbas tiyang, kangge rencang tumbasan. PanjĂȘnĂȘngan tiyang duraka, kula-aturi kesah saking ngriki, nagari Jawi ngriki nagari suci lan mulya, asrĂȘp lan bĂȘnteripun cĂȘkapan, tanah pasir mirah toya, punapa ingkang dipuntanĂȘm sagĂȘd tuwuh, tiyangipun jalĂȘr bagus, wanitanipun ayu, madya luwĂȘs wicaranipun. RĂȘmbag panjĂȘnĂȘngan badhe priksa pusĂȘring jagad, inggih ing ngriki ingkang kula-linggihi punika, sapunika panjĂȘnĂȘngan ukur, manawi kula lĂȘpat panjĂȘnĂȘngan jotos. RĂȘmbag panjĂȘnĂȘngan punika mblasar, tandha kirang nalar, kirang nĂȘdha kawruh budi, rĂȘmĂȘn niksa ing sanes. Ingkang yasa rĂȘca punika Maha Prabu Jayabaya, digdayanipun ngungkuli panjĂȘnĂȘngan, panjĂȘnĂȘngan punapa sagĂȘd ngĂȘpal lampahing jaman? Sampun ta, kula aturi kesah kemawon saking ngriki, manawi botĂȘn purun kesah sapunika, badhe kula undhangakĂȘn adhi kula ingkang wontĂȘn ing rĂȘdi KĂȘlut, panjĂȘnĂȘngan kula-kroyok punapa sagĂȘd mĂȘnang, lajĂȘng kula bĂȘkta mlĂȘbĂȘt dhatĂȘng kawahipun rĂȘdi KĂȘlut, panjĂȘnĂȘngan punapa botĂȘn badhe susah, punapa panjĂȘnĂȘngan kĂȘpengin manggen ing sela kados kula? Mangga dhatĂȘng Selabale, dados murid kula!”.



Sunan Benang ngandika: “Ora arĂȘp manut rĂȘmbugmu, kowe setan brĂȘkasakan”.



Buta Locaya mangsuli: “Sanadyan kula dhĂȘmit, nanging dhĂȘmit raja, mulya langgĂȘng salamine, panjĂȘnĂȘngan dereng tampu mulya kados kula, tekad panjĂȘnĂȘngan rusuh, rĂȘmĂȘn nyikara niaya, mila panjĂȘnĂȘngan dhatĂȘng tanah Jawi, wontĂȘn ing ‘Arab nakal kalĂȘbĂȘt tiyang awon, yen panjĂȘnĂȘngan mulya tamtu botĂȘn kesah saking ‘Arab, mila minggat, saking lĂȘpat, tandhanipun wontĂȘn ing ngriki taksih krejaban, maoni adating uwong, maoni agama, damĂȘl risak barang sae, ngarubiru agamane lĂȘluhur kina, Ratu wajib niksa, mbucal dhatĂȘng MĂȘnadhu”.



Sunan Benang ngandika: “Dhadhap iki kĂȘmbange tak jĂȘnĂȘngake celung, uwohe kledhung, sabab aku kĂȘcelung nalar lan kĂȘledhung rĂȘmbag, dadiya pasĂȘksen yen aku padu lan ratu dhĂȘmit, kalah kawruh kalah nalar”.



Mula katĂȘlah nganti tumĂȘka saprene, woh dhadhap jĂȘnĂȘnge kledhung, kĂȘmbange aran celung.



Sunan Benang banjur pamitan: “Wis aku arĂȘp mulih mĂȘnyang Benang”.



Buta Locaya mangsuli karo nĂȘpsu: “Inggih sampun, panjĂȘnĂȘngan enggala kesah, wontĂȘn ing ngriki mindhak damĂȘl sangar, manawi kadangon wontĂȘn ing ngriki mindhak damĂȘl susah, murugakĂȘn awis wos, nambahi bĂȘnter, nyudakakĂȘn toya”.



Sunan Benang banjur tindak, dene Buta Locaya sawadya-balane uga banjur mulih. GĂȘnti kang cinarita, nagari ing MajalĂȘngka, anuju sawijining dina, Sang Prabu Brawijaya miyos sinewaka, diadhĂȘp Patih sarta para wadya bala, Patih matur, yen mĂȘntas nampani layang saka TumĂȘnggung ing KĂȘrtasana, dene surasane layang ngaturi uninga yen nagara KĂȘrtasana kaline asat, kali kang saka Kadhiri miline nyimpang mangetan, saperanganing layang mau unine mangkene: “WontĂȘn ler-kilen Kadhiri, pintĂȘn-pintĂȘn dhusun sami karisakan, anggenipun makatĂȘn wau, saking kenging sabdanipun ngulama saking ‘Arab, namanipun Sunan Benang.



Sang Prabu mirĂȘng ature Patih bangĂȘt dukane, Patih banjur diutus mĂȘnyang KĂȘrtasana, niti-priksa ing kono kabeh, kahanane wonge sarta asile bumi kang katrajang banyu kapriye? Sarta didhawuhi nimbali Sunan Benang.



GĂȘlising carita, Patih sawise niti-priksa, banjur ngaturake kahanane kabeh, dene duta kang diutus mĂȘnyang Tuban uga wis tĂȘka, matur yen ora oleh gawe, amarga Sunan Benang lunga ora karuhan parane.



Sang Prabu midhangĂȘt ature para wadya banjur duka, paring pangandika yen ngulama saka ‘Arab pada ora lamba atine. Sang Prabu banjur dhawuh marang Patih, wong ‘Arab kang ana ing tanah Jawa padha didhawuhi lunga, amarga gawe ribĂȘding nagara, mung ing DĂȘmak lang Ngampelgadhing kang kĂȘparĂȘng ana ing tanah Jawa, nglĂȘstarekake agamane, liyane loro iku didhawuhi ngulihake mĂȘnyang asale, dene yen padha ora gĂȘlĂȘm lunga didhawuhi ngrampungi bae. Ature Patih: “Gusti! lĂȘrĂȘs dhawuh paduka punika, amargi ngulama Giripura sampun tigang taun botĂȘn sowan utawi botĂȘn ngaturakĂȘn bulubĂȘkti, mĂȘnggah sĂȘdyanipun badhe rĂȘraton piyambak, botĂȘn ngrumaosi nĂȘdha ngombe wontĂȘn tanah Jawi, dene namanipun santri Giri anglangkungi asma paduka, pĂȘparabipun Sunan ‘AĂȘnalyakin, punika nama ing tĂȘmbung ‘Arab, mĂȘnggah tĂȘgĂȘsipun Sunan punika budi, tĂȘgĂȘsipun Aenal punika ma’rifat, tĂȘgĂȘsipun Yakin punika wikan, sumĂȘrĂȘp piyambak, dados nama tingal ingkang tĂȘrus, suraosipun ing tĂȘmbung Jawi nama Prabu Satmata, punika asma luhur ingkang makatĂȘn punika ngirib-irib tingalipun Kang Maha Kuwasa, mariksa botĂȘn kasamaran, ing alam donya botĂȘn wontĂȘn kalih ingkang asma Sang Prabu Satmata, kajawi namung Bathara Wisnu nalika jumĂȘnĂȘng Nata wontĂȘn ing nagari MĂȘdhang-Kasapta. Sang Prabu midhangĂȘt ature Patih, banjur dhawuh nglurugi pĂȘrang mĂȘnyang Giri, Patih budhal ngirid wadya-bala prajurit, nglurug mĂȘnyang Giri. Patih sawadya-balane satĂȘkane ing Giri banjur campuh pĂȘrang. Wong ing Giri geger, ora kuwat nanggulangi pangamuke wadya Majapahit. Sunan Giri mlayu mĂȘnyang Benang, golek kĂȘkuwatan, sawise oleh bĂȘbantu, banjur pĂȘrang maneh mungsuh wong MajalĂȘngka, pĂȘrange rame bangĂȘt, ing wĂȘktu iku tanah jawa wis meh saparo kang padha ngrasuk agama Islam, wong-wong ing Pasisir lor wis padha agama Islam, dene kang kidul isih tĂȘtĂȘp nganggo agama Buddha. Sunan Benang wis ngrumasani kaluputane, ĂȘnggone ora sowan mĂȘnyang MajalĂȘngka, mula banjur lunga karo Sunan Giri mĂȘnyang DĂȘmak, satĂȘkane ing DĂȘmak, banjur ngĂȘbang marang Adipati DĂȘmak, diajak nglurug mĂȘnyang MajalĂȘngka, pangandikane Sunan Benang marang Adipati DĂȘmak: “WĂȘruha yen saiki wis tĂȘkan masa rusake Kraton MajalĂȘngka, umure wis satus tĂȘlu taun, saka panawangku, kang kuwat dadi Ratu tanah Jawa, sumilih Kaprabon Nata, mung kowe, rĂȘmbugku rusakĂȘn Kraton MajalĂȘngka, nanging kang sarana alus, aja nganti ngĂȘtarani, sowana besuk GarĂȘbĂȘg Mulud, nanging rumantiya sikĂȘping pĂȘrang: 1. gaweya samudana, 2. dhawuhana balamu para Sunan kabeh lan para Bupati kang wis padha Islam kumpulna ana ing DĂȘmak, yen kumpule iku arĂȘp gawe masjid, mĂȘngko yen wis kumpul, para Sunan sarta Bupati sawadya-balane kang wis padha Islam, kabeh mĂȘsthi nurut marang kowe”.



Ature Adipati DĂȘmak: “Kula ajrih ngrisak Nagari MajalĂȘngka, amĂȘngsah bapa tur raja, kaping tiganipun damĂȘl sae paring kamukten ing dunya, lajĂȘng punapa ingkang kula-walĂȘsakĂȘn, kajawi namung sĂȘtya tuhu. Dhawuhipun eyang Sunan Ngampelgadhing, botĂȘn kaparĂȘng yen kula mĂȘngsah bapa, sanadyan Buddha nanging margi-kula sagĂȘd dumados gĂȘsang wontĂȘn ing dunya. Inggih sanadyan Buddha punapa kapir, tiyang punika bapa inggih kĂȘdah dipunhurmati, punapa malih dereng wontĂȘn lĂȘpatipun dhatĂȘng kula”.



Sunan Benang ngandika mĂȘneh: “Sanadyan mungsuh bapa lan ratu, ora ana alane, amarga iku wong kapir, ngrusak kapir Buddha kawak: kang kok-tĂȘmu ganjaran swarga. Eyangmu kuwi santri mĂȘri, gundhul bĂȘntul butĂȘng tanpa nalar, patute mung dadi godhogan, sapira kawruhe Ngampelgadhing, bocah kalairan CĂȘmpa, masa padhaa karo aku Sayid Kramat, Sunan Benang kang wis dipuji wong sabumi ‘alam, tĂȘdhak Rasul panutaning wong Islam kabeh. Kowe mungsuh bapakmu Nata, sanadyan dosa pisan, mung karo wong siji, tur ratu kapir, nanging yen bapakmu kalah, wong satanah Jawa padha Islam kabeh. Kang mangkono iku, sapira mungguh kauntunganmu nugrahaning Pangeran tikĂȘl kaping ĂȘmbuh, sihing Hyang Kang Maha Kuwasa kang dhawuh marang kowe. SatĂȘmĂȘne ramanira iku siya-siya marang sira, tandhane sira diparingi jĂȘnĂȘng Babah, iku ora prayoga, tĂȘgĂȘse Babah iku saru bangĂȘt, iya iku: bae mati bae urip, wiji jawa digawa Putri Cina, mula ibumu diparingake Arya Damar, Bupati ing Palembang, wong pranakan buta; iku mĂȘgat sih arane. Ramanira panggalihe tĂȘtĂȘp ora bĂȘcik, mulane rĂȘmbugku, walĂȘsĂȘn kalawan alus, lire aja katara, ing batin sĂȘsĂȘpĂȘn gĂȘtihe, mamahĂȘn balunge”.



Sunan Giri nyambungi rĂȘmbug: Aku iki ora dosa dilurugi ramamu, didakwa rĂȘraton, amarga aku ora seba marang MajalĂȘngka. Sumbare Patih, yen aku kacandhak arĂȘp dikuciri lan dikon ngĂȘdusi asu, akeh bangsa Cina kang padha tĂȘka ana ing tanah Jawa, ana ing Giri padha tak-Islamake awit kang muni ing kitabku, yen ngislamake wong kapir, besuk ganjarane swarga, mula akeh bangsa Cina kang padha tak- Islamake, tak-anggĂȘp kulawarga. Dene tĂȘkaku mrene ini ngungsi urip mĂȘnyang kowe, aku wĂȘdi marang Patih MajalĂȘngka, lan ramanira sĂȘngit bangĂȘt marang santri kang muji dhikir, ĂȘnggone ngarani jare lara ayan esuk lan sore, yen kowe ora ngukuhi, mĂȘsthi rusak agama Mukhammad Nabi”.



Wangsulane Sang Adipati DĂȘmak: “Anggenipun nglurugi punika lĂȘrĂȘs, tiyang rĂȘraton, botĂȘn ngrumaosi yen kĂȘdah manut prentahing Ratu ingkang mbawahakĂȘn, sampun wajibipun dipunlurugi, dipunukum pĂȘjah, awit panjĂȘnĂȘngan botĂȘn ngrumaosi dhahar ngunjuk wontĂȘn in tanah Jawi”.



Sunan Benang ngandika maneh: “Yen ora kok-rĂȘbut dina iki, kowe ngĂȘnteni surude bapakmu, kaprabone bapakmu wis mĂȘsthi ora bakal tiba kowe, mĂȘsthi dipasrahake marang Adipati Pranaraga, amarga iku putrane kang tuwa, utawa dipasrahake marang putra mantu, iya iku Ki Andayaningrat ing PĂȘngging, kowe anak nom, ora wajib jumĂȘnĂȘng Nata, mumpung iki ana lawang mĂȘnga, Giri kang dadi jalarane ngrusak MajalĂȘngka, nadyan mati, mungsuh wong kapir, mati sabilu’llah, patine slamĂȘt nampani swarga mulya, wis wajibe wong Islam mati dening wong kapir, saka ĂȘnggone nyungkĂȘmi agamane, karo wis wajibe wong urip golek kamuktening dunya, golek darajat kang unggul dhewe, yen wong urip ora wĂȘruh marang uripe, iku durung gĂȘnĂȘp uripe, lamun sipat manusa mĂȘsthi melik mĂȘngku praja angreh wadya bala, awit Ratu iku Khalifa wakile Hyang Widdhi, apa bae kang dikarĂȘpake bisa kĂȘlakon, satĂȘmĂȘne kowe wis pinasthi bakal jumĂȘnĂȘng Ratu ana ing tanah Jawa, sumilih kaprabone ramamu, ananging ing laire iya kudu nganggo sarat dirĂȘbut sarana pĂȘrang, yen kowe ora gĂȘlĂȘm nglakoni, mĂȘsthine sihe Gusti Allah kang mĂȘnyang kowe bakal dipundhut bali, dadi kowe jĂȘnĂȘnge nampik sihe Allah, aku mung sadarma njurungi, amarga aku wis wĂȘruh sadurunge winarah, wis tak-sĂȘmprong nganggo sangkal bolong katon nĂȘrawang ora samar sajroning gaib, kowe kang katiban wahyu sihe Pangeran, bisa dadi Ratu ana ing tanah Jawa, murwani agama suci, ambirat ĂȘnggonmu madĂȘg Narendra, bisa ngideni adĂȘgmu Nata mĂȘngku tanah Jawa, bisa lĂȘstari satĂȘruse”. Akeh-akeh dhawuhe Sunan Benang, pambujuke marang adipati DĂȘmak supaya mĂȘtu nĂȘpsune, gĂȘlĂȘm ngrusak MajalĂȘngka, malah diwenehi lĂȘpiyan carita Nabi, kang gĂȘlĂȘm ngrusak bapa kapir, iku padha nĂȘmu rahayu.



Adipati DĂȘmak matur: “Manawi karsa panjĂȘnĂȘngan makatĂȘn, kula namung sadarmi nglampahi dhawuh, panjĂȘnĂȘngan ingkang mbotohi”.



Sunan Benang ngandika maneh: “Iya mangkono iku kang tak karĂȘpake, saiki kowe wis gĂȘlĂȘm tak botohi, lah saiki uga kowe kirima layang marang adhimu Adipati TĂȘrung, ananging tĂȘmbungmu kang rĂȘmit sarta alus, adhimu antĂȘpĂȘn, apa abot Sang Nata, apa abot sadulur tuwa kang tunggal agama. Yen adhimu wis rujuk adĂȘgmu Nata, gampang bangĂȘt rusaking MajalĂȘngka. Majapahit sapa kang diĂȘndĂȘlake yen Kusen mbalik, Si gugur isih cilik, masa ndadak waniya, Patihe wis tuwa, dithothok bae mati, mĂȘsthi ora bisa nadhahi yudamu”. Adipati DĂȘmak banjur kirim layang marang TĂȘrung, ora suwe utusan bali, wis tinampan wangsulane Sang Adipati TĂȘrung, saguh ambiyantu pĂȘrang, layang banjur katur Sunan Benang, ndadekake sukaning panggalih, Sunan Benang banjur ngandika marang Adipati DĂȘmak, supaya Sang Adipati ngaturi para Sunan lan para Bupati kabeh, samudana yen arĂȘp ngĂȘdĂȘgake masjid, lan diwenehana sumurup yen Sunan Benang wis ana ing DĂȘmak. GĂȘlising carita, ora suwe para Sunan lan para Bupati padha tĂȘka kabeh, banjur pakumpulan ngĂȘdĂȘgake masjid, sawise mĂȘsjid dadi, banjur padha salat ana ing masjid, sabakdane salat, banjur tutup lawang, wong kabeh dipangandikani dening Sunan Benang, yen Adipati DĂȘmak arĂȘp dijumĂȘnĂȘngake Nata, sarta banjur arĂȘp ngrusak Majapahit, yen wis padha rujuk, banjur arĂȘp kĂȘpyakan tumuli. Para Sunan lan para Bupati wis padha rujuk kabeh, mung siji kang ora rujuk, iya iku Syekh SitijĂȘnar. Sunan Benang duka, Syekh SitijĂȘnar dipateni, dene kang kadhawuhan mateni iya iku Sunan Giri, Syekh SitijĂȘnar dilawe gulune mati. Sadurunge Syekh SitijĂȘnar tumĂȘka ing pati, ninggal swara: “Eling-eling ngulama ing Giri, kowe ora tak-walĂȘs ing akhirat, nanging tak-walĂȘs ana ing dunya kene bae, besuk yen ana Ratu Jawa kanthi wong tuwa, ing kono gulumu bakal tak-lawe gĂȘnti”. Sunan Giri mangsuli: “Iya besuk wani, saiki wani, aku ora bakal mundur”. Sawise golong karĂȘpe, nglĂȘstarekake apa kang wis dirĂȘmbug. Sang Adipati DĂȘmak banjur ingidenan jumĂȘnĂȘng Nata, amĂȘngku tanah Jawa, jĂȘjuluk Senapati Jimbuningrat, patihe wong saka Atasaning aran Patih Mangkurat. Esuke Senapati Jimbuningrat wis miranti sapraboting pĂȘrang, banjur budhal mĂȘnyang Majapahit, diiringake para Sunan lan para Bupati, lakune kaya dene GarĂȘbĂȘg Maulud, para wadya bala ora ana kang ngrĂȘti wadining laku, kajaba mung para TumĂȘnggung lan para Sunan apa dene para ngulama, Sunan Benang lan Sunan Giri ora melu mĂȘnyang Majapahit, pawadane sarehne wis sĂȘpuh, mung arĂȘp salat ana ing masjid bae, lan paring idi rahayuning laku, dadi mung para Sunan lan para Bupati bae kang ngiringake Sultan Bintara, ora kacarita lakune ana ing dalan.



GĂȘnti kocapa nagara in Majapahit, Patih saulihe saka ing Giri banjur matur sang Praba, bab ĂȘnggone mukul pĂȘrang ing Giri, mungguh kang dadi senapati ing Giri iya iku sawijining bangsa Cina kang wis ngrasuk agama Islam, arane SĂȘcasena, mangsah mĂȘncak nganggo gĂȘgĂȘman abir, sawadya-balane watara wong tĂȘlung atus, padha bisa mĂȘncak kabeh, brĂȘngose capang sirahe gundhul, padha manganggo srĂȘban cara kaji, mangsah pĂȘrang paculat kaya walang kadung, wadya Majapahit ambĂȘdhili, dene wadya-bala ing Giri pating jĂȘnkelang ora kĂȘlar nadhahi tibaning mimis. Senapati SĂȘcasena wis mati, dene bala Cina liyane lang kari padha mlayu salang tunjang, bala ing Giri ngungsi mĂȘnyang alas ing gunung, sawĂȘneh ngambang ing sagara, mlayu mĂȘnyang Benang tĂȘrus diburu dening wadya-bala Majapahit, Sunan Giri lan Sunan Benang banjur nunggal saprau-layar ngambang ing sagara, kinira banjur minggat marang Arab ora bali ngajawa. Sang Prabu banjur dhawuh marang Patih, supaya utusan mĂȘnyang DĂȘmak, andhawuhake yen ngulama ing Giri lan ing Benang padha tĂȘka ing DĂȘmak, didhawuhi nyĂȘkĂȘl, kaaturna bĂȘbandan ing ngarsa Nata, awit dosane santri Benang ngrusak bumi ing KĂȘrtasana, dene dosane santri Giri ora gĂȘlĂȘm seba marang ngarsa Prabu, tekade sumĂȘdya nglawan pĂȘrang.



Patih samĂȘtune ing paseban jaba, banjur nimbali duta kang arĂȘp diutus mĂȘnyang DĂȘmak, sajrone ana ing paseban jaba, kĂȘsaru tĂȘkane utusane Bupati ing Pathi, ngaturake layang marang Patih, layang banjur diwaos kiyai Patih, mungguh surasaning layang. Menak Tunjungpura ing Pathi ngaturi uninga, yen Adipati ing DĂȘmak, iya iku Babah Patah, wis madĂȘg Ratu ana ing DĂȘmak, dene kang ngĂȘbang- ĂȘbang adĂȘging Nata, iya iku Sunan Benang lan Sunan Giri, para Bupati pasisir lor sawadyane kang wis padha Islam uga padha njurungi, dene jĂȘjuluking Ratu, Senapati Jimbuningrat, utawa Sultan Syah ‘Alam Akbar Siru’llah Kalifatu’rrasul Amiri’lmukminin Tajudi’l’Abdu’lhamid Kak, iya Sultan Adi Surya ‘Alam, ing Bintara. Ing samĂȘngko Babah Patah sawadya-balane wis budhal nglurug marang Majapahit, sĂȘdya mungsuh ingkang rama, Babah Patah abot mĂȘnyang gurune, ngenthengake ingkang rama, para Sunan lan para Bupati padha ambiyantu anggone arĂȘp mbĂȘdhah Majapahit. Babah Patah anggone nggawa bala tĂȘlung lĂȘksa miranti sapraboting pĂȘrang, mungguh kature Sang Prabu amborongake kiyai Patih. Layang kang saka Pathi mau katitimasan tanggal kaping 3 sasi Mulud taun Jimakir 1303, masa Kasanga Wuku Prangbakat. Kiyai Patih sawise maos layang, njĂȘtung atine, sarta kĂȘrot, gĂȘrĂȘng-gĂȘrĂȘng, gedheg-gedheg, bangĂȘt pangungune, banjur tumĂȘnga ing tawang karo nyĂȘbut marang Dewa kang Linuwih, bangĂȘt gumune mĂȘnyang wong Islam, dene ora padha ngrĂȘti mĂȘnyang kabĂȘcikane Sang Prabu, malah padha gawe ala. Kyai Patih banjur matur Sang Prabu, ngaturake surasane layang mau.



Sang Prabu Brawijaya midhangĂȘt ature Patih kaget bangĂȘt panggalihe, njĂȘgrĂȘg kaya tugu, nganti suwe ora ngandika, jroning panggalih ngungun bangĂȘt marang putrane sarta para Sunan, dene padha duwe sĂȘdya kang mangkono, padha diparingi pangkat, wĂȘkasane malah padha gawe buwana balik, kolu ngrusak Majapahit. Sang Prabu nganti ora bisa manggalih apa mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan para ngulama tĂȘka arĂȘp ngrusak karaton, digoleki nalar-nalare tansah wudhar, lair batin ora tinĂȘmu ing nalar, dene kok padha duwe pikir ala. Ing wĂȘktu iku panggalihe Sang Prabu pĂȘtĂȘng bangĂȘt, sungkawane ratu GĂȘdhe kang linuwih, sinĂȘmonan dening Dewa, kaya dene atining kĂȘbo ĂȘntek dimangsa ing tumaning kinjir. Sang Prabu banjur andangu marang Patih, apa ta mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan para ngulama apa dene para Bupati kolu ngrusak Majapahit, ora padha ngelingi marang kabĂȘcikan.



Ature Patih, mratelakake yen uga ora mangĂȘrti, amarga adoh karo nalare, wong dibĂȘciki kok padha malĂȘs ala, lumrahe mĂȘsthi, padha malĂȘs bĂȘcik. Ki Patih uga mung gumun, dene wong Islam pikire kok padha ora bĂȘcik, dibĂȘciki walĂȘse kok padha ala.



Sang Prabu banjur ngandika marang patih, bab anane lĂȘlakon kaya mangkono iku amarga saka lĂȘpate sang nata piyambak, dene nggĂȘgampang marang agama kang wis kanggo turun-tumurun, sarta ĂȘnggone kĂȘgiwang marang ature Putri CĂȘmpa, ngideni para ngulama mĂȘncarake agama Islam. Sang Nata saka putĂȘking panggalihe nganti kawĂȘdhar pangandikane ngĂȘsotake marang wong Islam: Sun-suwung marang Dewa Gung, muga winalĂȘsna susah-ingsun, wong Islam iku besuk kuwalika agamanira, manjalma dadi wong kucir, dene tan wruh kabĂȘcikan, sun-bĂȘciki walĂȘse angalani”. “Sabdaning Ratu Agung sajroning kasusahan, katarima dening Bathara, sinĂȘksen ing jagad, katandhan ana swara jumĂȘgur gĂȘtĂȘr patĂȘr sabuwana, iya iku kawitane manuk kuntul ana kang kucir. Sunan, ngulama kabeh ngrangkĂȘp jĂȘnĂȘng walikan, katĂȘlah tumĂȘka saprene, ngulama jĂȘnĂȘnge walian, kuntul kucir githoke. Sang Prabu banjur mundhut pamrayoga marang Patih, prakara tĂȘkane mungsuh, santri kang ngrĂȘbut nagara, iku dilawan apa ora? Sang Nata rumaos gĂȘtun lan ngungun, dene Adipati DĂȘmak kapengin mĂȘngkoni Majapahit bae kok dirĂȘbut sarana pĂȘrang, saupama disuwun kalayan aris bae mĂȘsthi diparingake, amarga Sang Nata wis sĂȘpuh. Ature Patih prayoga nglawan tĂȘkaning mungsuh. Sang Prabu ngandika, yen nganti nglawan rumaos lingsĂȘm bangĂȘt, dene mungsuh karo putra, mula dhawuhe Sang Prabu, yen mapag pĂȘrang kang sawatara bae, aja nganti ngrusakake bala. Patih didhawuhi nimbali Adipati PĂȘngging sarta Adipati Pranaraga, amarga putra kang ana ing Majapahit durung wanci yen mapagake pĂȘrang, sawise paring pangandika mangkono. Sang Prabu banjur lolos arsa tĂȘdhak marang Bali, kadherekake abdi kĂȘkasih, Sabdapalon lan Nayagenggong. Sajrone Sang Prabu paring pangandika, wadya-bala DĂȘmak wis pacak baris ngĂȘpung nagara, mula kasĂȘsa tindake. Wadya DĂȘmak banjur campuh karo wadya Majapahit, para Sunan banjur ngawaki pĂȘrang, Patih Majapahit ngamuk ana samadyaning papĂȘrangan. Para Bupati Nayaka wolu uga banjur melu ngamuk. PĂȘrange rame bangĂȘt, bala DĂȘmak tĂȘlung lĂȘksa, balang Majapahit mung tĂȘlung ewu, sarehne Majapahit karoban mungsuh, prajurite akeh kang padha mati, mung Patih sarta Bupati Nayaka pangamuke saya nĂȘsĂȘg. Bala DĂȘmak kang katrajang mĂȘsthi mati. Putrane Sang Prabu aran Raden LĂȘmbupangarsa ngamuk ana satĂȘngahing papĂȘrangan, tandhing karo Sunan Kudus, lagi rame-ramene tĂȘtandhingan pĂȘrang, Patih Mangkurat ing DĂȘmak nglambung, Putra Nata tiwas, saya bangĂȘt nĂȘpsune, pangamuke kaya bantheng kataton, ora ana kang diwĂȘdeni, Patih ora pasah sakehing gĂȘgaman, kaya dene tugu waja, ora ana braja kang tumama marang sarirane, ing ngĂȘndi kang katrajang bubar ngisis, kang tadhah mati nggĂȘlasah, bangkening wong tumpang tindhih, Patih binendrongan saka kadohan, tibaning mimis kaya udan tiba ing watu. Sunan Ngudhung mapagake banjur mrajaya, nanging ora pasah, Sunan Ngudhung disuduk kĂȘna, barĂȘng Sunan Ngudhung tiwas, Patih dibyuki wadya ing DĂȘmak, dene wadya Majapahit wis ĂȘntek, sapira kuwate wong siji, wĂȘkasan Patih ing Majapahit ngĂȘmasi, nanging kuwandane sirna, tinggal swara: “Eling-eling wong Islam, dibĂȘciki gustiku walĂȘse ngalani, kolu ngrusak nagara Majapahit, ngrĂȘbut nagara gawe pĂȘpati, besuk tak-walĂȘs, tak-ajar wĂȘruh nalar bĂȘnĂȘr luput, tak-damoni sirahmu, rambutmu tak-cukur rĂȘsik”.



Sapatine Patih, para Sunan banjur mlĂȘbu mĂȘnyang kadhaton. nanging sang Prabu wis ora ana, kang ana mung Ratu Mas, iya iku Putri CĂȘmpa, sang Putri diaturi sumingkir mĂȘnyang Benang uga karsa.



Para prajurit DĂȘmak banjur padha mlĂȘbu mĂȘnyang kadhaton, ana ing kono pada njarah rayah nganti rĂȘsik, wong kampung ora ana kang wani nglawan. Raden Gugur isih timur lolos piyambak. Adipati TĂȘrung banjur mlĂȘbu mĂȘnyang jĂȘro pura, ngobongi buku-buku bĂȘtuwah Buddha padha diobongi kabeh, wadya sajroning pura padha bubar, beteng ing Bangsal wis dijaga wong TĂȘrung. Wong Majapahit kang ora gĂȘlĂȘm tĂȘluk banjur ngungsi mĂȘnyang gunung lan alas-alas, dene kang padha gĂȘlĂȘm tĂȘluk, banjur dikumpulake karo wong Islam, padha dikon nyĂȘbut asmaning Allah. Layone para putra santana lan nayaka padha kinumpulake, pinĂȘtak ana sakidul-wetan pura. Kuburan mau banjur dijĂȘnĂȘngake Bratalaya, jarene iku kubure Raden LĂȘmbupangarsa.



BarĂȘng wis tĂȘlung dina, Sultan DĂȘmak budhal mĂȘnyang Ngampel, dene kang dipatah tunggu ana ing Majapahit, iya iku Patih Mangkurat sarta Adipati TĂȘrung, njaga kaslamĂȘtan mbokmanawa isih ana pakewuh ing wuri, Sunan Kudus njaga ana ing kraton dadi sulihe Sang Prabu, TĂȘrung uga dijaga ngulama tĂȘlung atus, sabĂȘn bĂȘngi padha salat kajat sarta andĂȘrĂȘs Kur’an, wadya-bala kang saparo lan para Sunan padha ndherek Sang Prabu mĂȘnyang Ngampelgadhing, Sunan Ngampel wis seda, mung kari garwane kang isih ana ing Ngampel, garwane mau asli saking Tuban, putrane Arya Teja, sasedane Sunan Ngampel, Nyai AgĂȘng kanggo tĂȘtuwa wong Ngampel. Sang Prabu Jambuningrat satĂȘkane ing Ngampel, banjur ngabekti Nyai Agung, para Sunan sarta para Bupati gĂȘnti-gĂȘnti padha ngaturake sĂȘmbah mĂȘnyang Nyai AgĂȘng. Prabu Jimbuningrat matur yen mĂȘntas mbĂȘdhah Majapahit, ngaturake lolose ingkang rama sarta Raden Gugur, ngaturake patine Patih ing Majapahit lan matur yen panjĂȘnĂȘngane wis madĂȘg Nata mĂȘngku tanah Jawa, dene jĂȘjuluke: Senapati Jimbun, sarta PanĂȘmbahan Palembang, ĂȘnggone sowan mĂȘnyang Ngampel iku, prĂȘlu nyuwun idi, tĂȘtĂȘpa jumĂȘnĂȘng Nata nganti run-tumurun aja ana kang nyĂȘlani.



Nyai AgĂȘng Ngampel sawise mirĂȘng ature Prabu Jimbun, banjur muwun sarta ngrangkul Sang Prabu, Nyai AgĂȘng ing batos karaos-raos, mangkene pangudaraosing panggalih: “Putuku, kowe dosa tĂȘlung prakara, mungsuh Ratu tur sudarmane, sarta kang aweh kamukten ing dunya, tĂȘka dirusak kang tanpa prakara, yen ngelingi kasaeane uwa Prabu Brawijaya, para ngulama padha diparingi panggonan kang wis anggawa pamĂȘtu minangka dadi pangane, sarta padha diuja sakarĂȘpe, wong pancene rak sĂȘmbah nuwun bangĂȘt, wusana banjur diwalĂȘs ala, seda utawa sugĂȘnge ora ana kang wĂȘruh”.



Nyai AgĂȘng banjur ndangu Sang Prabu, pangandikane: “Êngger! aku arĂȘp takon mĂȘnyang kowe, kandhaa satĂȘmĂȘne, bapakmu tĂȘnan kuwi sapa? Sapa kang ngangkat kowe dadi Ratu tanah Jawa lan sapa kang ngideni kowe? Apa sababe dene kowe syikara kang tanpa dosa?”



Sang Prabu banjur matur, yen Prabu Brawijaya iku jarene ramane tĂȘmĂȘnan. Kang ngangkat sarirane dadi Ratu mĂȘngku tanah Jawa iku para Bupati pasisir kabeh. Kang ngideni para Sunan. Mulane nagara Majapahit dirusak, amarga Sang Prabu Brawijaya ora karsa salin agama Islam, isih ngagĂȘm agama kapir kupur, Buddha kawak dhawuk kaya kuwuk.



Nyai AgĂȘng barĂȘng mirĂȘng ature Prabu Jimbun, banjur njĂȘrit ngrangkul Sang Prabu karo ngandika: “Êngger! kowe wĂȘruha, kowe iku dosa tĂȘlung prakara, mĂȘsthi kĂȘsiku ing Gusti Allah. Kowe wani mungsuh Ratu tur wong tuwamu dhewe, sarta sing aweh nugraha marang kowe, dene kowe kok wani ngrusak kang tanpa dosa. Anane Islam lan kapir sapa kang gawe, kajaba mung siji Gusti Allah piyambak. Wong ganti agama iku ora kĂȘna dipĂȘksa yen durung mĂȘtu saka karĂȘpe dhewe. Wong kang nyungkĂȘmi agamane nganti mati isih nggoceki tekade iku utama. Yen Gusti Allah wis marĂȘngake, ora susah ngango dikon, wis mĂȘsthi salin dhewe ngrasuk agama Islam. Gusti Allah kang sipat rahman, ora dhawuh lan ora malangi marang wong kang salin agama. Kabeh iki sasĂȘnĂȘnge dhewe-dhewe. Gusti Allah ora niksa wong kapir kang ora luput, sarta ora paring ganjaran marang wong Islam kang tumindak ora bĂȘnĂȘr, mung bĂȘnĂȘr karo lupute sing diadili nganggo tĂȘtĂȘping adil, lalar-lulurĂȘn asalmu, ibumu Putri CĂȘmpa nyĂȘmbah pikkong, wujud dluwang utawa rĂȘja watu. Kowe ora kĂȘna sĂȘngit mĂȘnyang wong kang agama Buddha, tandha mripatmu iku lapisan, mula blero pandĂȘlĂȘngmu, ora ngrĂȘti marang kang bĂȘnĂȘr lan kang luput, jarene anake Sang Prabu, tĂȘka kolu marang bapa, kĂȘduga ngrusak ora nganggo prakara, beda matane wong Jawa, Jawa Jawi ngrĂȘti matane mung siji, dadi wĂȘruh ing bĂȘnĂȘr lan luput, wĂȘruh kang bĂȘcik lan kang ala, mĂȘsthi wĂȘdi mĂȘnyang bapa, kapindhone Ratu lan kang aweh nugraha, iku wajib dibĂȘkteni. Eklasing ati bĂȘkti bapa, ora bĂȘkti wong kapir, amarga wis wajibe manusa bĂȘkti marang wong tuwane. Kowe tak-dongengi, wong Agung Kuparman, iku agamane Islam, duwe maratuwa kapir, maratuwane gĂȘthing marang wong Agung amarga seje agama, maratuwane tansah golek sraya bisane mantune mati, ewadene Wong Agung tansah wĂȘdi- asih lang ngaji-aji, amarga iku wong tuwane, dadi ora dielingi kapire, nanging kang dielingi wong tuwane, mula Wong Agung iya ngaji-aji marang maratuwane. Iya iku ĂȘngger, kang diarani wong linuwih, ora kaya tekadmu, bapa disiya-siya, dupeh kapir Budha ora gĂȘlĂȘm ganti agama, iku dudu padon. Lan aku arĂȘp takon, apa kowe wis matur marang wong tuwamu, kok-aturi salin agama? nagarane kok nganti kok-rusak iku kapriye?



Prabu Jimbun matur, yen durung ngaturi salin agama, tĂȘkane Majapahit banjur ngĂȘpung nagara bae.



Nyai AgĂȘng Ngampel gumujĂȘng karo ngandika: “Tindakmu iku saya luput bangĂȘt, sanadyan para Nadi dhek jaman kuna, ĂȘnggone padha wani mungsuh wong tuwane, iku amarga sabĂȘn dinane wis ngaturi santun agama, nanging ora karsa, mangka sabĂȘn dinane wis diaturi mujijade, kang nandhakake yen kudu wis santun agama Islam, ananging atur mau ora dipanggalih, isih nglĂȘstarekake agamane lawas, mula iya banjur dimungsuh. Lamun mangkono tumindake, sanadyan mungsuh wong tuwa, lair batine ora luput. BarĂȘng wong kang kaya kowe, mujijadmu apa? Yen nyata Khalifatu’llah wĂȘnang nyalini agama lah coba wĂȘtokna mujijadmu tak-tontone”.



Prabu Jimbun matur yen ora kagungan mujijad apa-apa, mung manut unine buku, jare yen ngislamake wong kapir iku ing besuk oleh ganjaran swarga.



Nyai AgĂȘng Ngampel gumujĂȘng nanging wĂȘwah dukane. Ujar-jare bae kok disungkĂȘmi, tur dudu bukuning lĂȘluhur, wong ngumbara kok diturut rĂȘmbuge, sing nglakoni rusak ya kowe dhewe, iku tandha yen isih mĂȘntah kawruhmu, durung wani marang wong tuwa, saka kĂȘpenginmu jumĂȘnĂȘng Nata, kasusuhane ora dipikir. Kowe kuwi dudu santri ahli budi, mung ngĂȘndĂȘlake ikĂȘt putih, nanging putihe kuntul, sing putih mung ing jaba, ing jĂȘro abang, nalika eyangmu isih sugĂȘng, kowe tau matur yen arĂȘp ngrusak Majapahit, eyangmu ora parĂȘng, malah manti-manti aja nganti mungsuh wong tuwa, saiki eyangmu wis seda, wĂȘwalĂȘre kok-trajang, kowe ora wĂȘdi papacuhe. Yen kowe njaluk idi marang aku, prakara tĂȘtĂȘpmu dadi Ratu tanah Jawa, aku ora wĂȘnang ngideni, aku bangsa cilik tur wong wadon, mĂȘngko rak buwana balik arane, awit kowe sing mĂȘsthine paring idi marang aku, amarga kowe Khalifatu’llah sajroning tanah Jawa, mung kowe dhewe sing tuwa, saucapmu idu gĂȘni, yen aku tuwa tiwas, yen kowe tĂȘtĂȘp tuwa Ratu”.



Banjure pangandikane Nyai AgĂȘng Ngampel: “Putu! kowe tak- dongengi kupiya patang prakara, ing kitab hikayat wis muni, carita tanah MĂȘsir, panjĂȘnĂȘngane KanjĂȘng Nabi Dhawud, putrane anggege kapraboning rama, Nabi Dhawud nganti kengsĂȘr saka nagara, putrane banjur sumilih jumĂȘnĂȘng Nata, ora lawas Nabi Dhawud sagĂȘd wangsul ngrĂȘbut nagarane. Putrane nunggang jaran mlayu mĂȘnyang alas, jarane ambandhang kĂȘcanthol-canthol kayu, nganthi pothol gumantung ana ing kayu, iya iku kang diarani kukuming Allah. Ana maneh caritane Sang Prabu Dewata-cĂȘngkar, iku iya anggege kapraboning rama, nanging banjur disotake dening ingkang rama banjur dadi buta, sabĂȘn dina mangsa jalma, ora suwe antarane, ana Brahmana saka tanah sabrang angajawa, aran Aji Saka, anggĂȘlarake panguwasa sulap ana ing tanah Jawa. Wong Jawa akeh kang padha asih marang Aji Saka, gĂȘthing marang DewatacĂȘngkar, Ajisaka diangkat dadi Raja, DewatacĂȘngkar dipĂȘrangi nganti kĂȘplayu, ambyur ing sagara, dadi bajul, ora antara suwe banjur mati. Ana maneh caritane nagara Lokapala uga mangkono, Sang Prabu Danaraja wani karo ingkang rama, kukume iya isih tumindak kaya kang tak-caritakake mau, kabeh padha nĂȘmu sangsara. Apa maneh kaya kowe, mungsuh bapa kang tanpa prakara, kowe mĂȘsthi cilaka, patimu iya mlĂȘbu mĂȘnyang yomani, kang mangkono iku kukume Allah”.



Sang Prabu Jimbun mirĂȘng pangandikane ingkang eyang, panggalihe rumasa kĂȘduwung bangĂȘt, nanging wis ora kĂȘna dibalekake.



Nyai AgĂȘng Ngampel isih nĂȘrusake pangandikane: “Kowe kuwi dilĂȘbokake ing loropan dening para ngulama lan para Bupati, mung kowe kok gĂȘlĂȘm nglakoni, sing nglakoni cilaka rak iya mung kowe dhewe, tur kelangan bapa, salawase urip jĂȘnĂȘngmu ala, bisa mĂȘnang pĂȘrang nanging mungsuh bapa Aji, iku kowe mrĂȘtobata marang Kang Maha Kuwasa, kiraku ora bakal oleh pangapura, sapisan mungsuh bapa, kapindho murtat ing Ratu, kaping tĂȘlune ngrusak kabĂȘcikan apa dene ngrusak prajane tanpa prakara. Adipati Pranaraga lan Adipati PĂȘngging masa trimaa rusaking Majapahit, mĂȘsthine labuh marang bapa, iku bae wis abot sanggane”. Nyai AgĂȘng akeh-akeh pangandikane marang Prabu Jimbun. Sawise Sang Prabu dipangandikani, banjur didhawuhi kondur mĂȘnyang DĂȘmak, sarta didhawuhi nglari lolose ingkang rama, yen wis kĂȘtĂȘmu diaturana kondur mĂȘnyang Majapahit, lan aturana mampir ing Ngampelgadhing, nanging yen ora kĂȘrsa, aja dipĂȘksa, amarga yen nganti duka mangka banjur nyupatani, mĂȘsthi mandi.



Sang Prabu Jimbun sarawuhe ing DĂȘmak, para wadya padha sĂȘnĂȘng-sĂȘnĂȘng lan suka-suka nutug, para santri padha trĂȘbangan lan dhĂȘdhikiran, padha angucap sukur lan bungah bangĂȘt dene Sang Prabu wis kondur sarta bisa mĂȘnang pĂȘrange.



Sunan Benang mĂȘthukake kondure Sang Prabu Jimbun, Sang Nata banjur matur marang Sunan Benang yen Majapahit wis kĂȘlakon bĂȘdhah, layang-layang Buddha iya wis diobongi kabeh, sarta ngaturake yen ingkang rama lan Raden Gugur lolos, Patih Majapahit mati ana samadyaning papĂȘrangan, Putri CĂȘmpa wis diaturi ngungsi mĂȘnyang Benang, wadya Majapahit sing wis tĂȘluk banjur padha dikon Islam.



Sunan Benang mirĂȘngake ature Sang Prabu Jimbun, gumujĂȘng karo manthuk-manthuk, sarta ngandika yen wis cocog karo panawange.



Sang Prabu matur, yen kondure uga mampir ing NgampeldĂȘnta, sowan ingkang eyang Nyai AgĂȘng Ngampel, ngaturake yen mĂȘntas saka Majapahit, sarta nyuwun idi ĂȘnggone jumĂȘnĂȘng Nata, nanging ana ing Ngampel malah didukani sarta diuman-uman, ĂȘnggone ora ngrĂȘti marang kabĂȘcikane Sang Prabu Brawijaya, nanging sawise, banjur didhawuhi ngupaya ingkang rama, apa sapangandikane Nyai AgĂȘng Ngampel diaturake kabeh marang Sunan Benang.



Sunan Benang sawise mirĂȘngake ature Sang Nata ing batos iya kĂȘduwung, rumaos lupute, dene ora ngelingi marang kabĂȘcikane Sang Prabu Brawijaya. Nanging rasa kang mangkono mau banjur dislamur ing pangandika, samudanane nyalahake Sang Prabu Brawijaya lan Patih, ĂȘnggone ora karsa salin agama Islam.



Sunan Benang banjur ngandika, yen dhawuhe Nyai AgĂȘng Ngampel ora pĂȘrlu dipanggalih, amarga panimbange wanita iku mĂȘsthi kurang sampurna, luwih bĂȘcik ĂȘnggone ngrusak Majapahit dibanjurake, yen Prabu Jimbun mituhu dhawuhe Nyai NgampeldĂȘnta, Sunan Benang arĂȘp kondur mĂȘnyang ‘Arab, wusana Prabu Jimbun banjur matur marang Sunan Benang, yen ora nglakoni dhawuhe Nyai Ngampel, mĂȘsthine bakal oleh sabda kang ora bĂȘcik, mula iya wĂȘdi.



Sunan Benang paring dhawuh marang Sang Prabu, yen ingkang rama mĂȘksa kondur mĂȘnyang Majapahit, Sang Prabu didhawuhi sowan nyuwun pangapura kabeh kaluputane, dene yen arĂȘp ngaturi jumĂȘnĂȘng Nata maneh, aja ana ing tanah Jawa, amarga mĂȘsthi bakal ngribĂȘdi lakune wong kang padha arĂȘp salin agama Islam, supaya dijumĂȘnĂȘngake ana seje nagara ing sajabaning tanah Jawa.



Sunan Giri banjur nyambungi pangandika, mungguh prayoganing laku supaya ora ngrusakake bala, Sang Prabu Brawijaya sarta putrane bĂȘcik ditĂȘnung bae, awit yen mateni wong kapir ora ana dosane.



Sunan Benang sarta Prabu Jimbun wis nayogyani panĂȘmune Sunan Giri kang mangkono mau.



GĂȘnti kang cinarita, tindake Sunan kalijaga ĂȘnggone ngupaya Sang Prabu Brawijaya, mung didherekake sakabat loro lakune kĂȘlunta-lunta, sabĂȘn desa diampiri, saka ĂȘnggone ngupaya warta. Lampahe Sunan Kalijaga turut pasisir wetan, sing kalangkungan tindake Sang Prabu Brawijaya.



Lampahe Sang Prabu Brawijaya wis tĂȘkan ing Blambangan, sarehne wis kraos sayah banjur kendĂȘl ana sapinggiring beji. Ing wĂȘktu iku panggalihe Sang Prabu pĂȘtĂȘng bangĂȘt, dene sing marak ana ngarsane mung kĂȘkasih loro, iya iku Nayagenggong lan Sabdapalon, abdi loro mau tansah gĂȘguyon, lan padha mikir kahaning lĂȘlakon kang mĂȘntas dilakoni, ora antara suwe kĂȘsaru sowanne Sunan Kalijaga, banjur ngabĂȘkti sumungkĂȘm padane Sang Prabu.



Sang Prabu banjur ndangu marang Sunan Kalijaga: “Sahid! kowe tĂȘka ana apa? Apa prĂȘlune nututi aku?”



Sunan Kalijaga matur: “Sowan kula punika kautus putra paduka, madosi panjĂȘnĂȘngan paduka, kapanggiha wontĂȘn ing pundi-pundi, sĂȘmbah sungkĂȘmipun konjuka ing pada paduka Aji, nuwun pangaksama sadaya kasisipanipun, dene ngantos kamipurun ngrĂȘbat kaprabon paduka Nata, awit saking kalimputing manah mudha punggung, botĂȘn sumĂȘrĂȘp tata krami, sangĂȘt kapenginipun mĂȘngku praja angreh wadyabala, sineba ing para bupati. Samangke putra paduka rumaos ing kalĂȘpatanipun, dene darbe bapa Ratu Agung ingkang anyĂȘngkakakĂȘn saking ngandhap aparing darajat Adipati ing DĂȘmak, tangeh malĂȘsa ing sih paduka Nata, ing mangke putra paduka emut, bilih panjĂȘnĂȘngan paduka linggar saking praja botĂȘn kantĂȘnan dunungipun, punika putra paduka rumaos yen mĂȘsthi manggih dĂȘdukaning Pangeran. Mila kawula dinuta madosi panjĂȘnĂȘngan paduka, kapanggiha wontĂȘn ing pundi-pundi ingaturan kondur rawuh ing Majapahit, tĂȘtĂȘpa kados ingkang wau-wau, mĂȘngku wadya sineba para punggawa, aweta dados jĂȘjimat pinundhi-pundhi para putra wayah buyut miwah para santana, kinurmatan sinuwunan idi wilujĂȘngipun wontĂȘn ing bumi. Manawi paduka kondur, putra paduka pasrah kaprabon paduka Nata, putra paduka nyaosakĂȘn pĂȘjah gĂȘsang, yen kaparĂȘng saking karsa paduka, namung nyuwun pangaksama paduka, sadayaning kalĂȘpatanipun, lan nyuwun pangkatipun lami dados Adipati ing DĂȘmak, tĂȘtĂȘpa kados ingkang sampun. Dene yen panjĂȘnĂȘngan paduka botĂȘn karsa ngasta kaprabon Nata, sinaosan kadhaton wontĂȘn ing rĂȘdi, ing pundi sasĂȘnĂȘnging panggalih paduka, ing rĂȘdi ingkang karsakakĂȘn badhe dipundhĂȘpoki, putra paduka nyaosi busana lan dhahar paduka, nanging nyuwun pusaka Karaton ing tanah Jawa, dipunsuwun ingkang rila tĂȘrusing panggalih”.



Sang Prabu Brawijaya ngandika: “Ingsun-rungu aturira, Sahid! nanging ora ingsun-gatekake, karana ingsun wis kapok rĂȘmbugan karo santri padha nganggo mata pitu, padha mata lapisan kabeh, mula blero pandulune, mawas ing ngarĂȘp nanging jĂȘbul anjĂȘnggung ing buri, rĂȘmbuge mung manis ana ing lambe, batine angandhut pasir kinapyukake ing mata, murih picĂȘka mataku siji. Sakawit ingsun bĂȘciki, walĂȘse kaya kĂȘnyung buntut, apa ta salah-ingsun, tĂȘka rinusak tanpa prakara, tinggal tata adat caraning manusa, mukul pĂȘrang tanpa panantang, iku apa nganggo tataning babi, dadi dudu tataning manusa kang utama”.



Sunan Kalijaga barĂȘng ngrungu pangandikane Sang Prabu rumasa ing kaluputane ĂȘnggone melu mbĂȘdhah karaton Majapahit, ing batin bangĂȘt panalangsane, dene kadudon kang wis kĂȘbanjur, mula banjur ngrĂȘrĂȘpa, ature: “Inggih saduka-duka paduka ingkang dhumawa dhatĂȘng putra wayah, mugi dadosa jimat paripih, kacancang pucuking rema, kapĂȘtĂȘk wontĂȘn ing ĂȘmbun, mandar amĂȘwahana cahya nurbuwat ingkang wĂȘning, rahayunipun para putra wayah sadaya. Sarehning sampun kalĂȘpatan, punapa malih ingkang sinuwun malih, kajawi namung pangapuntĂȘn paduka. wangsul karsa paduka karsa tindak dhatĂȘng pundi?”



Sang Prabu Brawijaya ngandika: “Saiki karsaningsun arsa tindak mĂȘnyang Bali, kĂȘtĂȘmu karo yayi Prabu Dewa agung ing KĂȘlungkung, arsa ingsun-wartani pratingkahe si Patah, sikara wong tuwa kang tanpa dosa, lan arsa ingsun-kon nimbali para Raja kanan kering tanah jawa, samĂȘkta sakapraboning pĂȘrang, lan Adipati Palembang sun-wehi wĂȘruh, yen anake karo pisan satĂȘkane tanah Jawa sun-angkat dadi Bupati, nanging ora wĂȘruh ing dalan, banjur wani mungsuh bapa Ratu, sun-jaluk lilane anake arĂȘp ingsun pateni, sabab murtat wani ing bapa kapindhone Ratu, lan ingsun arsa angsung wikan marang Hongte ing Cina, yen putrane wis patutan karo ingsun mĂȘtu lanang siji, ananging ora wĂȘruh ing dalan, wani mungsuh bapa ratu, iya ingsun-jaluk lilane, yen putune arsa ingsun-pateni, ingsun njaluk biyantu prajurit Cina, samĂȘkta sakapraboning pĂȘrang, njujuga nagari Bali. Yen wis samĂȘkta sawadya prajurit, sarta padha eling marang lĂȘlabĂȘtan kabĂȘcikaningsun, lan duwe wĂȘlas marang wong wungkuk kaki-kaki, yĂȘkti padha tĂȘka ing Bali sagĂȘgamaning pĂȘrang, sun-jak marang tanah Jawa angrĂȘbut kapraboningsun, iya sanadyan pĂȘrang gĂȘdhe gĂȘgĂȘmpuran amungsuh anak, ingsun ora isin, awit ingsun ora ngawiti ala, aninggal carane wong agung.”



Sunan Kalijaga ngrungu dhawuhe Sang Prabu kang mangkono iku ing sanalika mung dhĂȘlĂȘg-dhĂȘlĂȘg, ngandika sajroning ati: “Tan cidra karo dhawuhe Nyai AgĂȘng Ngampelgadhing, yen eyang wungkuk isih mbrĂȘgagah nggagahi nagara, ora nyawang wujuding dhiri, kulit kisut gĂȘgĂȘr wungkuk. Lamun iki ngantiya nyabrang marang Bali, ora wurung bakal ana pĂȘrang gĂȘdhe tur wadya ing DĂȘmak masa mĂȘnanga, amarga katindhihan luput, mungsuh ratu pindho bapa, kaping tĂȘlune kang mbĂȘciki, wis mĂȘsthi bae wong Jawa kang durung Islam yĂȘkti asih marang Ratu tuwa, angantĂȘp tangkĂȘping jurit, mĂȘsthi asor wong Islam tumpĂȘs ing pĂȘpĂȘrangan.”



Wusana Sunan Kalijaga matur alon: “Dhuh pukulun JĂȘng Sang Prabu! saupami paduka lajĂȘngna rawuh ing bali, nimbali para Raja, saestu badhe pĂȘrang gĂȘgĂȘmpuran, punapa botĂȘn ngeman risakipun nagari Jawi, sampun tamtu putra paduka ingkang badhe nĂȘmahi kasoran, panjĂȘnĂȘngan paduka jumĂȘnĂȘng Nata botĂȘn lami lajĂȘng surud, kaprabon Jawi kaliya ing sanes darah paduka Nata, saupami kados dene sĂȘgawon rĂȘbatan bathang, ingkang kĂȘrah tulus kĂȘrah tĂȘtumpĂȘsan sami pĂȘjah sadaya daging lan manah kathĂȘda ing sĂȘgawon sanesipun”.



Sang prabu Brawijaya ngandika: “Mungguh kang mangkono iki luwih-luwih karsane Dewa Kang Linuwih, ingsun iki Ratu Binathara, nĂȘtĂȘpi mripat siji, ora nganggo mata loro, mung siji marang bĂȘnĂȘr paningalku, kang miturut adat pranatane para lĂȘluhur. Saupama si Patah ngrasa duwe bapa ingsun, kĂȘpengin dadi Ratu, disuwun krananing bĂȘcik, karaton ing tanah Jawa, iya sun-paringake krana bĂȘcik, ingsun wis kaki-kaki, wis warĂȘg jumĂȘnĂȘng Ratu, nrima dadi pandhita, pitĂȘkur ana ing gunung. Balik samĂȘngko si Patah siya mring sun, mĂȘsthine-ingsun iya ora lila ing tanah Jawa diratoni, luwih karsaning Jawata Gung, pamintane marang para titah ing wuri.”



Sunan Kalijaga barĂȘng mirĂȘng pangandikane Sang Prabu, rumasa ora kaconggah ngaturi, mula banjur nyungkĂȘmi pada, sarta banjur nyaosake cundrike karo matur, yen Sang Prabu ora karsa nglampahi kaya ature Sunan Kalijaga, Sunan Kalijaga nyuwun supaya dipateni bae, amarga lingsĂȘm manawa mĂȘruhi lĂȘlakon kang saru.



Sang Prabu nguningani patrape Sunan kalijaga kang mangkono mau, panggalihe kanggĂȘg, mula nganti suwe ora ngandika tansah tĂȘbah jaja karo nĂȘnggak waspa, sĂȘrĂȘt pangandikane: “Sahid! linggiha dhisik, tak-pikire sing bĂȘcik, tak-timbange aturmu, bĂȘnĂȘr lan lupute, tĂȘmĂȘn lan gorohe, amarga aku kuwatir yen aturmu iku goroh kabeh. Sumurupa Sahid! saupama aku kondur marang Majapahit, si Patah seba mĂȘnyang aku, gĂȘthinge ora bisa mari, amarga duwe bapa Buddha kawak kapir kupur, liya dina lali, aku banjur dicĂȘkĂȘl dibiri, dikon tunggu lawang pungkuran, esuk sore diprĂȘdi sĂȘmbahyang, yen ora ngrĂȘti banjur diguyang ana ing blumbang dikosoki alang-alang garing.”



Sang Prabu mbanjurake pangandikane marang Sunan Kalijaga: “Mara pikirĂȘn, Sahid! saiba susahing atiku, wong wis tuwa, nyĂȘkrukuk, kok dikum ing banyu”.



Sunan Kalijaga gumujĂȘng karo matur: “Mokal manawi makatĂȘn, benjing kula ingkang tanggĂȘl, botĂȘn-botĂȘnipun manawi putra paduka badhe siya-siya dhatĂȘng panjĂȘnĂȘngan paduka, dene bab agami namung kasarah sakarsa paduka, namung langkung utami manawi panjĂȘnĂȘngan paduka karsa gantos sarak rasul, lajĂȘng nyĂȘbut asmaning Allah, manawi botĂȘn karsa punika botĂȘn dados punapa, tiyang namung bab agami, pikĂȘkahipun tiyang Islam punika sahadat, sanadyan salat dhingklak-dhingkluk manawi dereng mangrĂȘtos sahadat punika inggih tĂȘtĂȘp nama kapir”.



Sang Prabu ngandika: “Sahadat iku kaya apa, aku kok durung ngrĂȘti, coba ucapna tak-rungokne”.



Sunan kalijaga banjur ngucapake sahadat: ashadu ala ilaha ila’llah, wa ashadu anna Mukhammadar-Rasulu’llah, tĂȘgĂȘsipun: Ingsung anĂȘkseni, ora ana Pangeran kang sajati, amung Allah, lan anĂȘkseni, KangjĂȘng Nabi Mukhammad iku utusane Allah”.



Ature Sunan Kalijaga marang Sang Prabu: “Tiyang nĂȘmbah dhatĂȘng arah kemawon, botĂȘn sumĂȘrĂȘp wujud tĂȘgĂȘsipun, punika tĂȘtĂȘp kapiripun, lan malih sintĂȘn tiyang ingkang nĂȘmbah puji ingkang sipat wujud warni, punika nĂȘmbah brahala namanipun, mila tiyang punika prĂȘlu mangrĂȘtos dhatĂȘng lair lan batosipun. Tiyang ngucap punika kĂȘdah sumĂȘrĂȘp dhatĂȘng ingkang dipunucapakĂȘn, dene tĂȘgĂȘsipun Nabi Mukhammad Rasula’llah: Mukhammad punika makam kuburan, dados badanipun tiyang punika kuburipun rasa sakalir, muji badanipun piyambak, botĂȘn muji Mukhammad ing ‘Arab, raganipun manusa punika wĂȘwayanganing Dzating Pangeran, wujud makam kubur rasa, Rasul rasa kang nusuli, rasa pangan manjing lesan, Rasule minggah swarga, lu’llah, luluh dados ĂȘndhut, kasĂȘbut Rasulu’llah punika rasa ala ganda salah, riningkĂȘs dados satunggal Mukhammad Rasula’llah, kang dhingin wĂȘruh badan, kaping kalih wĂȘruh ing tĂȘdhi, wajibipun manusa mangeran rasa, rasa lan tĂȘdhi dados nyĂȘbut Mukhammad rasulu’llah, mila sĂȘmbahyang mungĂȘl “uzali” punika tĂȘgĂȘsipun nyumĂȘrĂȘpi asalipun. Dene raganipun manusa punika asalipun saking roh idlafi, rohipun Mukhammad Rasul, tĂȘgĂȘsipun Rasul rasa, wijile rasaning urip, mĂȘdal saking badan kang mĂȘnga, lantaran ashadualla, manawi botĂȘn mĂȘngrĂȘtos tĂȘgĂȘsipun sahadat, botĂȘn sumĂȘrĂȘp rukun Islam, botĂȘn mangrĂȘtos purwaning dumados”.



Sunan kalijaga ature akeh-akeh, nganti Prabu Brawijaya karsa santun agama Islam, sawise banjur mundhut paras marang Sunan Kalijaga nanging remane ora tĂȘdhas digunting, mulane Sunan Kalijaga banjur matur, Sang Prabu diaturi Islam lair batos, amarga yen mung lair bae, remane ora tĂȘdhas digunting. Sang Prabu banjur ngandika yen wis lair batos, mulane kĂȘna diparasi.



Sang Prabu sawise paras banjur ngandika marang Sabdapalon lan Nayagenggong: “Kowe karo pisan tak-tuturi, wiwit dina iki aku ninggal agama Buddha, ngrasuk agama Islam, banjur nyĂȘbut asmaning Allah Kang Sajati. Saka karsaku, kowe sakarone tak-ajak salin agama Rasul tinggal agama Buddha”.



Sabdapalon ature sĂȘndhu: “Kula niki Ratu Dhang Hyang sing rumĂȘksa tanah Jawa. SintĂȘn ingkang jumĂȘnĂȘng Nata, dados momongan kula. Wiwit saking lĂȘluhur paduka rumiyin, Sang Wiku Manumanasa, SakutrĂȘm lan Bambang Sakri, run-tumurun ngantos dumugi sapriki, kula momong pikukuh lajĂȘr Jawi, kula manawi tilĂȘm ngantos 200 taun, sadangunipun kula tilĂȘm tamtu wontĂȘn pĂȘpĂȘrangan sadherek mĂȘngsah sami sadherek, ingkang nakal sami nĂȘdha jalma, sami nĂȘdha bangsanipun piyambak, dumugi sapriki umur-kula sampun 2000 langkung 3 taun, momong lajĂȘr Jawi, botĂȘn wontĂȘn ingkang ewah agamanipun, nĂȘtĂȘpi wiwit sapisan ngestokakĂȘn agami Buddha. SawĂȘg paduka ingkang karsa nilar pikukuh luhur Jawi. Jawi tĂȘgĂȘsipun ngrĂȘti, tĂȘka narimah nama Jawan, rĂȘmĂȘn manut nunut-nunut, pamrihipun damĂȘl kapiran muksa paduka mbenjing.”



Sabdane Wiku tama sinauran gĂȘtĂȘr-patĂȘr.



Sang Prabu Brawijaya sinĂȘmonan dening Jawata, ĂȘnggone karsa mlĂȘbĂȘt agama Rasul, iya iku rĂȘrupan kahanan ing dunya ditambahi warna tĂȘlu: 1: aran sukĂȘt Jawan, 2: pari Randanunut, lan 3: pari Mriyi.



Sang Prabu andangu maneh: “Kapriye kang padha dadi kĂȘkĂȘncĂȘnganmu, apa gĂȘlĂȘm apa ora ninggal agama Buddha, salin agama Rasul, nyĂȘbut Nabi Mukhammad Rasula’llah panutaning para Nabi, lan nyĂȘbut asmaning Allah Kang Sajati?”



Sabdapalon ature sĂȘndhu: “Paduka mlĂȘbĂȘt piyambak, kula botĂȘn tĂȘgĂȘl ningali watak siya, kados tiyang ‘Arab. Siya punika tĂȘgĂȘsipun ngukum, tur siya dhatĂȘng raga, manawi kula santun agami, saestu damĂȘl kapiran kamuksan-kula, ing benjing, dene ingkang mastani mulya punika rak tiyang ‘Arab sarta tiyang Islam sadaya, anggenipun ngalĂȘm badanipun piyambak. Manawi kula, mastani botĂȘn urus, ngalĂȘm saening tangga, ngapĂȘsakĂȘn badanipun piyambak, kula rĂȘmĂȘn agami lami, nyĂȘbut Dewa Ingkang Linangkung.



Jagad punika raganipun Dewa ingkang asipat budi lan hawa, sampun dados wajibipun manusa punika manut dhatĂȘng eling budi karĂȘpan, dados botĂȘn ngapirani, manawi nyĂȘbut Nabi Mukhammad Rasulu’llah, tĂȘgĂȘse Mukhammad niku makaman kubur, kubure rasa kang salah, namung mangeran rasa wadhag wadhahing ĂȘndhut, namung tansah nĂȘdha eca, botĂȘn ngengĂȘti bilahinipun ing wingking, mila nami Mukhammad inggih makaman kuburan sakalir, roh idlafi tĂȘgĂȘsipun lapisan, manawi sampun risak wangsul dhatĂȘng asalipun malih. Wangsul Prabu Brawijaya lajĂȘng manggen wontĂȘn pundi. Adam punika muntĂȘl kaliyan Hyang Brahim, tĂȘgĂȘsipun kĂȘbrahen nalika gĂȘsangipun, botĂȘn manggih raos ingkang saestu, nanging tangining raos wujud badan, dipunwastani Mukhammadun, makaman kuburing rasa, jasanipun budi, dados sipatipun tiyang lan raos. Manawi dipunpundhut ingkang Mahakuwasa, sarira paduka sipate tiyang wujud dados, punika dadosipun piyambak, lantaranipun ngabĂȘn awon, bapa biyung botĂȘn damĂȘl, mila dipunwastani anak, wontĂȘnipun wujud piyambak, dadosipun saking gaib samar, saking karsaning Latawalhujwa, ingkang nglimputi wujud, wujudipun piyambak, risak-risakipun piyambak, manawi dipunpundhut dening Ingkang Maha Kuwasa, namung kantun rumaos lan pangraos ingkang paduka-bĂȘkta dhatĂȘng pundi kemawon, manawi dados dhĂȘmit ingkang tĂȘngga siti, makatĂȘn punika ingkang nistha, namung prĂȘlu nĂȘnggani daging bacin ingkang sampun luluh dados siti, makatĂȘn wau tĂȘtĂȘp botĂȘn wontĂȘn prĂȘlunipun. Ingkang makatĂȘn punika amargi namung saking kirang budi kawruhipun, kala gĂȘsangipun dereng nĂȘdha woh wit kawruh lan woh wit budi, nrimah pĂȘjah dados setan, nĂȘdha siti ngajĂȘng-ajĂȘng tiyang ngirim sajen tuwin slamĂȘtanipun, ing tĂȘmbe tilar mujijat rakhmat nyukani kiyamat dhatĂȘng anak putunipun ingkang kantun. Tiyang pĂȘjah botĂȘn kĂȘbawah pranataning Ratu ing lair, sampun mĂȘsthi sukma pisah kaliyan budi, manawi tekadipun sae inggih nampeni kamulyan, nanging manawi tekadipun awon inggih nampeni siksanipun. Cobi paduka-jawab atur-kula punika”.



Sang Prabu ngandika: “Mulih marang asale, asal Nur bali marang Nur”.



Sabdapalon matur maneh: “Inggih punika kawruhipun tiyang bingung gĂȘsangipun rugi, botĂȘn gadhah kawruh kaengĂȘtan, dereng nĂȘdha woh kawruh lan budi, asal siji mantuk satunggal, punika sanes pĂȘjah ingkang utami, dene pĂȘjah ingkang utami punika sewu satus tĂȘlung puluh. TĂȘgĂȘsipun satus punika putus, tĂȘlu punika tilas, puluh punika pulih, wujud malih, wujudipun risak, nanging ingkang risak namung ingkang asal saking roh idlafi. Uripipun langgĂȘng namung raga pisah kaliyan sukma, inggih punika sahadat ingkang botĂȘn mawi ashadu, gantos roh idlafi lapisan: sasi surup mĂȘsthi saking pundi asalipun wiwit dados jalmi. Surup tĂȘgĂȘsipun: sumurup purwa madya wasananipun, nĂȘtĂȘpana namane tiyang lumampah, sampun ebah saking prĂȘnahipun mlĂȘbĂȘt mbĂȘkta sir cipta lami”.



Sang Prabu ngandika: “Ciptaku nempel wong kang luwih”. Sabdapalon matur: “Punika tiyang kĂȘsasar, kados dene kĂȘmladeyan tumemplek wit-witan agĂȘng, botĂȘn bawa piyambak, kamuktenipun namung nĂȘmpil. Punika botĂȘn pĂȘjah utami, pĂȘjahipun tiyang nistha, rĂȘmĂȘnipun namung nempel, nunut-nunut, botĂȘn bawa piyambak, manawi dipuntundhung, lajĂȘng klambrangan, dados brĂȘkasakan, lajĂȘng nempel dhatĂȘng sanesipun malih”.



Sang Prabu ngandika maneh: “Asal suwung aku bali, mĂȘnyang suwung, nalika aku durung maujud iya durung ana apa-apa, dadi patiku iya mangkono”.



Sabdapalon: “Punika pĂȘjahipun tiyang kalap nglawong, botĂȘn iman ‘ilmi, nalika gĂȘsangipun kados kewan, namung nĂȘdha ngombe lan tilĂȘm, makatĂȘn punika namung sagĂȘd lĂȘma sugih daging, dados nama sampun narimah ngombe uyuh kemawon, ical gĂȘsangipun salĂȘbĂȘtipun pĂȘjah”.



Sang Prabu: “Aku nunggoni makaman kubur, yen wis luluh dadi lĂȘbu”.



Sabdapalon: “Inggih punika pĂȘjahipun tiyang cubluk, dados setan kuburan, nĂȘnggani daging wontĂȘn kuburan, daging ingkang sampun luluh dados siti, botĂȘn mangrĂȘtos santun roh hidlafi enggal. Inggih punika tiyang bodho mangrĂȘtosa. Nun!”



Sang Prabu ngandika: “Aku arĂȘp muksa saragaku”.



Sabdapalon gumuyu: “Yen tiyang agami Rasul tĂȘrang botĂȘn sagĂȘd muksa, botĂȘn kuwawi ngringkĂȘs nguntal raganipun, lĂȘma kakathahĂȘn daging. Tiyang pĂȘjah muksa punika cĂȘlaka, amargi nami pĂȘjah, nanging botĂȘn tilar jisim, namanipun botĂȘn sahadat, botĂȘn pĂȘjah, botĂȘn gĂȘsang, botĂȘn sagĂȘd dados roh idlafi enggal, namung dados gunungan dhĂȘmit”.



Pangandikane Sang Prabu: “Aku ora duwe cipta apa-apa, ora ikhtiar nampik milih, sakarsane Kang Maha Kuwasa”.



Sabdapalon: “Paduka nilar sipat, botĂȘn ngrumaosi yen tinitah linangkung, nilar wajibing manusa, manusa dipun wĂȘnangakĂȘn nampik milih, manawi sampun narimah dados sela, sampun botĂȘn prĂȘlu pados ‘ilmi kamulyaning seda”.



Sang Prabu: “Ciptaku arĂȘp mulih mĂȘnyang akhirat, munggah swarga seba Kang maha Kuwasa”.



Sabdapalon matur: “Akhirat, swarga, sampun paduka-bĂȘkta ngaler ngidul, jagadipun manusa punika sampun mĂȘngku ‘alam sahir kabir, nalika tapĂȘl Adam, sampun pĂȘpak: akhirat, swarga, naraka ‘arasy kursi. Paduka badhe tindak dhatĂȘng akhirat pundi, mangke manawi kĂȘsasar lo, mangka ĂȘnggene akhirat punika tĂȘgĂȘse mlarat, saĂȘnggen- ĂȘnggen wontĂȘn akhirat, manawi kenging kula-singkiri, sampun ngantos kula mantuk dhatĂȘng kamlaratan sarta minggah dhatĂȘng akhirat adil nagari, manawi lĂȘpat jawabipun tamtu dipunukum, dipunbanda, dipunpaksa nyambut damĂȘl awrat tur botĂȘn tampa arta. KlĂȘbĂȘt akhirat nusa SrĂȘnggi, nusa tĂȘgĂȘsipun manusa, SrĂȘng tĂȘgĂȘsipun padamĂȘlan ingkang awrat sangĂȘt. Ênggi tĂȘgĂȘsipun gawe. Dados tĂȘgĂȘsipun jalma pinĂȘksa nyambut damĂȘl dhatĂȘng Ratu Nusa SrĂȘnggi namanipun, punapa botĂȘn cilaka, tiyang gĂȘsang wontĂȘn ing dunya kados makatĂȘn wau, sakulawargane mung nadhah bĂȘras sapithi, tanpa ulam, sambĂȘl, jangan punika akhirat ingkang katingal tata lair, manawi akhiratipun tiyang pĂȘjah malah langkung saking punika, paduka sampun ngantos kondur dhatĂȘng akhirat, sampun ngantos minggah dhatĂȘng swarga, mindhak kĂȘsasar, kathah rajakaya ingkang wontĂȘn ing ngriku, sadaya sami trima tilĂȘm kĂȘmul siti, gĂȘsangipun nyambut damĂȘl kanthi paksan, botĂȘn salah dipunpragat, paduka sampun ngantos sowan Gusti Allah, amargi Gusti Allah punika botĂȘn kantha botĂȘn warna, wujudipun amung asma, nglimputi wontĂȘn ing dunya tuwin ing akhirat, paduka dereng tĂȘpang, tĂȘpangipun amung tĂȘpang kados cahyanipun lintang lan rĂȘmbulan, kapanggihe cahya murub dados satunggal, botĂȘn pisah botĂȘn kumpul, tĂȘbihipun botĂȘn mawi wangĂȘnan, cĂȘlak botĂȘn panggihan, kula botĂȘn kuwawi cĂȘlak, punapa malih paduka, KangjĂȘng Nabi Musa toh botĂȘn kuwawi mandĂȘng dhatĂȘng Gusti Allah, mila Allah botĂȘn katingal, namung Dzatipun ingkang nglimputi sadaya wujud, paduka wiji rohani, sanes bangsanipun malaekat, manusa raganipun asal saking nutfah, sowan Hyang Latawalhujwa, manawi panggenanipun sampun sĂȘpuh, nyuwun ingkang enggal, dados botĂȘn wongsal-wangsul, ingkang dipunwastani pĂȘjah gĂȘsang, ingkang gĂȘsang napasipun taksih lumampah, tĂȘgĂȘsipun urip, ingkang tĂȘtĂȘp langgĂȘng, botĂȘn ewah botĂȘn gingsir, ingkang pĂȘjah namung raganipun, botĂȘn ngraosakĂȘn kanikmatan, pramila tumrap tiyang agami Buddha, manawi raganipun sampun sĂȘpuh, suksmanipun mĂȘdal nyuwun gantos ingkang sae, nglangkungi ingkang sampun sĂȘpuh, nutfah sampun ngantos ebah saking jagadipun, jagadipun manusa punika langgĂȘng, botĂȘn ewah gingsir, ingkang ewah punika makaming raos, raga wadhag ingkang asal roh idlafi.



Prabu Brawijaya botĂȘn anem botĂȘn sĂȘpuh, nanging langgĂȘng manggen wontĂȘn satĂȘngahipun jagadipun, lumampah botĂȘn ebah saking panggenanipun, wontĂȘn salĂȘbĂȘting guwa sir cipta kang ĂȘning. GawanĂȘn gĂȘgawanmu, ngGĂȘgawa nĂȘdha raga. Tulis ical, etangan gunggunge: kumpul, plĂȘsatipun wĂȘtaha. Ningali jantung kĂȘtĂȘg kiwa: surut marga sire cipta, jujugipun ingkang cĂȘtha cĂȘthik cĂȘthak. Punika pungkasanipun kawruh, kawruhipun tiyang Buddha. LĂȘbĂȘtipun roh saking cĂȘthak marginipun, kendĂȘl malih wontĂȘn cĂȘthik, mĂȘdal wontĂȘn kalamwadi, kentir sagara rahmat lajĂȘng lumĂȘbĂȘt ing guwa indra-kilaning estri, tibaning nikmat ing dhasaring bumi rahmat, wontĂȘn ing ngriku ki budi jasa kadhaton baitu’llah ingkang mulya, dadosipun saking sabda kun, dados wontĂȘn tĂȘngahing jagad swarganing tiyang sĂȘpuh estri, mila jalma keblatipun wontĂȘn tĂȘngahing jagad, jagading tiyang punika guwa sir cipta namanipun, dipunbĂȘkta dhatĂȘng pundi- pundi botĂȘn ewah, umuripun sampun dipunpasthekakĂȘn, botĂȘn sagĂȘd ewah gingsir, sampun dipunsĂȘrat wontĂȘn lokhil-makful, bĂȘgja cilakanipun gumantung wontĂȘn ing budi nalar lan kawruhipun, ingkang ical utawi kirang ikhtiaripun inggih badhe ical utawi kirang bĂȘgjanipun. Wiwitanipun keblat sakawan, inggih punika wetan kilen kidul ler : tĂȘgĂȘsipun wetan : wiwitan manusa maujud; tĂȘgĂȘsipun kulon : bapa kĂȘlonan; tĂȘgĂȘsipun kidul : estri didudul wĂȘtĂȘnge ing tĂȘngah; tĂȘgĂȘsipun lor : laire jabang bayi, tanggal sapisan kapurnaman, sĂȘnteg sapisan tĂȘnunan sampun nigasi. TĂȘgĂȘsipun pur: jumbuh, na; ana wujud, ma; madhĂȘp dhatĂȘng wujud; jumbuh punika tĂȘgĂȘsipun pĂȘpak, sarwa wontĂȘn, mĂȘngku alam sahir kabir, tanggalipun manusa, lairipun saking tiyang sĂȘpuhipun estri, sarĂȘng tanggalipun kaliyan sadherekipun kakang mbarĂȘp adhi ragil, kakang mbarĂȘp punika kawah, adhi punika ari-ari, sadherek ingkang sarĂȘng tanggal gaibipun, rumĂȘksa gĂȘsangipun elingipun panjanmaning surya, lĂȘnggah rupa cahya, kontĂȘning eling sadayanipun, siyang dalu sampun sumĂȘlang dhatĂȘng sadaya rĂȘrupen, ingkang engĂȘt sadayanipun, surup lan tanggalipun sampun samar : kala rumiyin, sapunika lan benjing, punika kawruhipun tiyang Jawi ingkang agami Buddha. Raga punika dipunibaratakĂȘn baita, dene suksmanipun inggih punika tiyang ingkang wontĂȘn ing baita wau, ingkang nĂȘdahakĂȘn pandomipun, manawi baitanipun lumampah mangka salah pandomipun, tamtu manggih cilaka, baita pĂȘcah, tiyangipun rĂȘbah. Pramila kĂȘdah ingkang mapan, mumpung baitanipun taksih lumampah, manawi botĂȘn mapan gĂȘsangipun, pĂȘjah malih sagĂȘda mapan, nĂȘtĂȘpi kamanusanipun, manawi baitanipun bibrah, inggih pisah kaliyan tiyangipun; tĂȘgĂȘsipun suksma ugi pisah kaliyan budi, punika namanipun sahadat, pisahipun kawula kaliyan Gusti, sah tĂȘgĂȘsipun pisah, dat punika Dzating Gusti, manawi sampun pisah raga suksma, budinipun lajĂȘng santun baitu’llah, napas tali, muji dhatĂȘng Gusti, manawi pisaha raga suksma lan budi, mrĂȘtitis ingkang botĂȘn-botĂȘn, yen tunggal, kabĂȘsaran, tanggalipun botĂȘn surup salaminipun, punika kĂȘdah ingkang waspada, ngengĂȘtana dhatĂȘng asaling kawula, kawula ugi wajib utawi wĂȘnang matur dhatĂȘng Gusti, nyuwun baitu’llah ingkang enggal, ngungkulana ingkang lami. Raganing manusa punika namanipun baitu’llah, inggih prau gaweyaning Allah, dadosipun saking sabda kun, manawi baitanipun tiyang Jawi sagĂȘd mapan santun baitu’llah malih ingkang sae, baitanipun tiyang Islam gĂȘsangipun kantun pangrasa, praunipun sampun rĂȘmuk, manawi suksma punika pĂȘjah ing ‘alam dunya suwung, botĂȘn wontĂȘn tiyang, manawi tiyang punika tĂȘrus gĂȘsang, ing dunya kĂȘbak manusa, lampahipun saking ĂȘnem urut sĂȘpuh, ngantos roh lapisan, sanadyan suksmanipun tiyang, nanging manawi tekadipun nasar, pĂȘjahipun manjalma dados kuwuk, sanadyan suksmanipun kewan, nanging sagĂȘd manjalma dados tiyang (kajĂȘngipun, adiling Kawasa tiyang punika pinasthi ngundhuh wohing panggawene piyambak-piyambak). Nalika panjĂȘnĂȘnganipun Bathara Wisnu jumĂȘnĂȘng Nata wontĂȘn ing MĂȘndhang Kasapta, sato wana tuwin lĂȘlĂȘmbut dipuncipta dados manusa, dados wadya-balanipun Sang Nata. Nalika eyang paduka Prabu Palasara iyasa kadhaton wontĂȘn ing Gajahoya, sato wana tuwin lĂȘlĂȘmbut inggih dipuncipta dados tiyang, pramila gandanipun tiyang satunggal-satunggalipun beda-beda, gandanipun kadosdene nalika taksih dados sato kewan. SĂȘrat tapak Hyang, ingkang dipunwastani Sastrajendrayuningrat, dados saking sabda kun, ingkang dipunwastani jithok tĂȘgĂȘsipun namung puji thok. Dewa ingkang damĂȘl cahya murub nyrambahi badan, tĂȘgĂȘsipun incĂȘngĂȘn aneng cĂȘngĂȘlmu. Jiling punika puji eling marang Gusti. Punuk tĂȘgĂȘsipun panakna. Timbangan tĂȘgĂȘsipun salang. Pundhak punika panduk, urip wontĂȘn ing ‘alam dunya pados kawruh kaliyan woh kuldi, manawi angsal woh kuldi kathah, untungipun sugih daging, yen angsal woh kawruh kathah, kenging kangge sangu gĂȘsang, gĂȘsang langgĂȘng ingkang botĂȘn sagĂȘd pĂȘjah. TĂȘpak tĂȘgĂȘsipun tĂȘpa-tapanira. Walikat: walikane gĂȘsang. Ula-ula: ulatana, lalarĂȘn gĂȘgĂȘrmu sing nggligir. Sungsum tĂȘgĂȘsipun sungsungĂȘn. Lambung: waktu Dewa nyambung umur, alamipun jalma sambungan, lali eling urip mati. LĂȘmpeng kiwa tĂȘngĂȘn tĂȘgĂȘsipun tekadmu sing lĂȘmpĂȘng lair batin, purwa bĂȘnĂȘr lawan luput, bĂȘcik lawan ala. Mata tĂȘgĂȘsipun tingalana batin siji, sing bĂȘnĂȘr keblatira, keblat lor bĂȘnĂȘr siji. TĂȘngĂȘn tĂȘgĂȘsipun tĂȘngĂȘnĂȘn ingkang tĂȘrang, wontĂȘn ing dunya amung sadarmi ngangge raga, botĂȘn damĂȘl botĂȘn tumbas. Kiwa tĂȘgĂȘsipun: raga iki isi hawa kĂȘkajĂȘngan, botĂȘn wĂȘnang ngĂȘkahi pĂȘjah. MakatĂȘn punika ungĂȘling sĂȘrat. Manawi paduka maibĂȘn, sintĂȘn ingkang damĂȘl raga? SintĂȘn ingkang paring nama? inggih namung Latawalhujwa, manawi paduka maibĂȘn, paduka tĂȘtĂȘp kapir, kapiran seda paduka, botĂȘn pitados dhatĂȘng sĂȘratipun Gusti, sarta murtat dhatĂȘng lĂȘluhur Jawi sadaya, nempel tosan, kajĂȘng sela, dados dhĂȘmit tĂȘngga siti, manawi paduka botĂȘn sagĂȘd maos sastra ingkang wontĂȘn ing badanipun manusa, saseda paduka manjalma dhatĂȘng kuwuk, dene manawi sagĂȘd sagĂȘd maos sastra ingkang wontĂȘn ing raga wau, saking tiyang inggih dados tiyang, kasĂȘbut ing sĂȘrat Anbiya, KanjĂȘng Nabi Musa kala rumiyin tiyang ingkang pĂȘjah wontĂȘn ing kubur, lajĂȘng tangi malih, gĂȘsangipun gantos roh lapis enggal, gantos makam enggal. Manawi paduka ngrasuk agami Islam, tiyang Jawi tamtu lajĂȘng Islam sadaya. Manawi kula, wadhag alus-kula sampun kula-cakup lan kula-carub, sampun jumbuh dados satunggal, inggih nglĂȘbĂȘt inggih jawi, dados kantun sasĂȘdya-kula kemawon, ngadam utawi wujud sagĂȘd sami sanalika, manawi kula kĂȘpengin badhe wujud, inggih punika wujud-kula, sĂȘdya ngadam, inggih sagĂȘd ical sami sanalika, yen sĂȘdya maujud sagĂȘd katingal sanalika. Raga-kawula punika sipating Dewa, badan-kawula sakojur gadhah nama piyambak-piyambak. Cobi paduka-dumuk: pundi wujudipun Sabdapalon, sampun kalingan pajar, saking pajaripun ngantos sampun botĂȘn katingal wujudipun Sabdapalon, kantun asma nglimputi badan, botĂȘn ĂȘnem botĂȘn sĂȘpuh, botĂȘn pĂȘjah botĂȘn gĂȘsang, gĂȘsangipun nglimputi salĂȘbĂȘting pĂȘjahipun, dene pĂȘjahipun nglimputi salĂȘbĂȘting gĂȘsangipun, langgĂȘng salaminipun”.



Sang Prabu ndangu: “Ana ing ngĂȘndi Pangeran Kang Sajati?”



Sabdapalon matur: “BotĂȘn tĂȘbih botĂȘn cĂȘlak, paduka wayangipun wujud sipating suksma, dipunanggĂȘp sarira tunggal, budi hawa badan, tiga-tiga punika tumindakipun; botĂȘn pisah, nanging inggih botĂȘn kumpul. Paduka punika sampun Ratu linuhung tamtu botĂȘn badhe kĂȘkilapan dhatĂȘng atur-kula punika”.



Sang Prabu ngandika maneh: “Apa kowe ora manut agama?”



Sabdapalon ature sĂȘndhu: “Manut agami lami, dhatĂȘng agami enggal botĂȘn manut! Kenging punapa paduka gantos agami tĂȘka botĂȘn nantun kula, paduka punapa kĂȘkilapan dhatĂȘng nama kula Sabdapalon? Sabda tĂȘgĂȘsipun pamuwus, Palon: pikukuh kandhang. Naya tĂȘgĂȘsipun ulat, Genggong: langgĂȘng botĂȘn ewah. Dados wicantĂȘn-kula punika, kenging kangge pikĂȘkah ulat pasĂȘmoning tanah Jawi, langgĂȘng salaminipun.”



Sang Prabu ngandika: “Kapriye iki, aku wis kĂȘbacut mlĂȘbu agama Islam, wis disĂȘkseni Sahid, aku ora kĂȘna bali agama Buddha maneh, aku wirang yen digĂȘguyu bumi langit.”



Sabdapalon matur maneh: “Inggih sampun, lakar paduka-lampahi piyambak, kula botĂȘn tumut-tumut.” Sunan Kalijaga banjur matur marang Sang Prabu, kang surasane ora prĂȘlu manggalih kang akeh-akeh, amarga agama Islam iku mulya bangĂȘt, sarta matur yen arĂȘp nyipta banyu kang ana ing beji, prĂȘlu kanggo tandha yĂȘkti, kapriye mungguh ing gandane. Yen banyu dicipta bisa ngganda wangi, iku tandha yen Sang Prabu wis mantĂȘp marang agama Rasul, nanging yen gandane ora wangi, iku anandhakake: yen Sang Prabu isih panggalih Buddha. Sunan Kalijaga banjur nyipta, padha sanalika banyu sĂȘndhang banjur dadi wangi gandane, ing kono Sunan kalijaga matur marang Sang Prabu, kaya kang wis kathandha, yen Sang Prabu nyata wis mantĂȘp marang agama Rasul, amarga banyu sĂȘndhang gandane wangi. (11)



Ature Sabdapalon marang Sang Prabu: Punika kasĂȘkten punapa? kasĂȘktening uyuh kula wingi sontĂȘn, dipunpamerakĂȘn dhatĂȘng kula. Manawi kula timbangana nama kapilare, mĂȘngsah uyuh-kula piyambak, ingkang kula rĂȘbat punika? Paduka sampun kĂȘlajĂȘng kĂȘlorob, karsa dados jawan, irib-iriban, rĂȘmĂȘn manut nunut-nunut, tanpa guna kula ĂȘmong, kula wirang dhatĂȘng bumi langit, wirang momong tiyang cabluk, kula badhe pados momongan ingkang mripat satunggal, botĂȘn rĂȘmĂȘn momong paduka. Manawi kula sumĂȘdya ngĂȘdalakĂȘn kaprawiran, toya kula-ĂȘntut sĂȘpisan kemawon, sampun dados wangi. Manawi paduka botĂȘn pitados, kang kasĂȘbut ing pikĂȘkah Jawi, nama Manik Maya, punika kula, ingkang jasa kawah wedang sanginggiling rĂȘdi rĂȘdi Mahmeru punika sadaya kula, adi Guru namung ngideni kemawon, ing wĂȘkdal samantĂȘn tanah Jawi sitinipun gonjang-ganjing, saking agĂȘnging latu ingkang wontĂȘn ing ngandhap siti, rĂȘdi-rĂȘdi sami kula ĂȘntuti, pucakipun lajĂȘng anjĂȘmblong, latunipun kathah ingkang mĂȘdal, mila tanah Jawi lajĂȘng botĂȘn goyang, mila rĂȘdi-rĂȘdi ingkang inggil pucakipun, sami mĂȘdal latunipun sarta lajĂȘng wontĂȘn kawahipun, isi wedang lan toya tawa, punika inggih kula ingkang damĂȘl, sadaya wau atas karsanipun Latawalhujwa, ingkang damĂȘl bumi lan langit. Punapa cacadipun agami Buddha, tiyang sagĂȘd matur piyambak dhatĂȘng Ingkang Maha Kuwasa. Paduka yĂȘktos, manawi sampun santun agami Islam, nilar agami Buddha, turun paduka tamtu apĂȘs, Jawi kantun jawan, Jawinipun ical, rĂȘmĂȘn nunut bangsa sanes. Benjing tamtu dipunprentah dening tiyang Jawi ingkang mangrĂȘti.



Cobi paduka-yĂȘktosi, benjing: sasi murub botĂȘn tanggal, wiji bungkĂȘr botĂȘn thukul, dipuntampik dening Dewa, tinanĂȘma thukul mriyi, namung kangge tĂȘdha pĂȘksi, mriyi punika pantun kados kĂȘtos, amargi paduka ingkang lĂȘpat, rĂȘmĂȘn nĂȘmbah sela. Paduka-yĂȘktosi, benjing tanah Jawa ewah hawanipun, wĂȘwah bĂȘnter awis jawah, suda asilipun siti, kathah tiyang rĂȘmĂȘn dora, kĂȘndĂȘl tindak nistha tuwin rĂȘmĂȘn supata, jawah salah masa, damĂȘl bingungipun kanca tani. Wiwit dintĂȘn punika jawahipun sampun suda, amargi kukuminipun manusa anggenipun sami gantos agami. Benjing yen sampun mrĂȘtobat, sami engĂȘt dhatĂȘng agami Buddha malih, lan sami purun nĂȘdha woh kawruh, Dewa lajĂȘng paring pangapura, sagĂȘd wangsul kados jaman Buddha jawahipun”.



Sang Prabu mirĂȘng ature Sabdapalon, ing batos rumaos kaduwung bangĂȘt dene ngrasuk agama Islam, nilar agama Buddha. Nganti suwe ora ngandika, wasana banjur ngandika, amratelakake yen ĂȘnggone mlĂȘbĂȘt agama Islam iku, amarga kĂȘpencut ature putri CĂȘmpa, kang ngaturake yen wong agama Islam iku, jarene besuk yen mati, antuk swarga kang ngungkuli swargane wong kapir.



Sabdapalon matur, angaturake lĂȘpiyan, yen wiwit jaman kuna mula, yen wong lanang manut wong wadon, mĂȘsthi nĂȘmu sangsara, amarga wong wadon iku utamane kanggo wadhah, ora wĂȘnang miwiti karĂȘp, Sabdapalon akeh-akeh ĂȘnggone nutuh marang Sang Prabu.



Sang Prabu ngandika: “Kok-tutuha iya tanpa gawe, amarga barang wis kĂȘbacut, saiki mung kowe kang tak-tari, kapriye kang dadi kĂȘkĂȘncĂȘnganing tekadmu? Yen aku mono ĂȘnggonku mlĂȘbu agama Islam, wis disĂȘkseni dening si Sahid, wis ora bisa bali mĂȘnyang Buddha mĂȘneh”.



Sabdapalon matur yen arĂȘp misah, barĂȘng didangu lungane mĂȘnyang ngĂȘndi, ature ora lunga, nanging ora manggon ing kono, mung nĂȘtĂȘpi jĂȘnĂȘnge SĂȘmar, nglimputi salire wujud, anglela kalingan padhang. Sang Prabu diaturi ngyĂȘktosi, ing besuk yen ana wong Jawa ajĂȘnĂȘng tuwa, agĂȘgaman kawruh, iya iku sing diĂȘmong Sabdapalon, wong jawan arĂȘp diwulang wĂȘruha marang bĂȘnĂȘr luput.



PRALAMPITA 500 TAUN ING TEMBE

Sang Prabu karsane arĂȘp ngrangkul Sabdapalon lan Nayagenggong, nanging wong loro mau banjur musna. Sang Prabu ngungun sarta nĂȘnggak waspa, wusana banjur ngandika marang Sunan Kalijaga: “Ing besuk nagara Blambangan salina jĂȘnĂȘng nagara Banyuwangi, dadiya tĂȘngĂȘr Sabdapalon ĂȘnggone bali marang tanah Jawa anggawa momongane. Dene samĂȘngko Sabdapalon isih nglimput aneng tanah sabrang”. Sunan Kalijaga banjur didhawuhi nĂȘngĂȘri banyu sĂȘndhang, yen gandane mari wangi, besuk wong Jawa padha ninggal agama Islam ganti agama Kawruh.



Sunan Kalijaga banjur yasa bumbung loro kang siji diiseni banyu tawa, sijine diiseni banyu sĂȘndhang. Banyu sĂȘndhang mau kanggo tandha, yen gandane mari wangi, wong tanah Jawa padha salin agama kawruh. Bumbung sawise diiseni banyu, banjur disumpĂȘli godhong pandan-sili, sabanjure digawa sakabate loro.



Sang Prabu Brawijaya banjur tindak didherekake Sunan Kalijaga lan sakabate loro.

Dina kaping pisan :

Tindake kawĂȘngen ana ing dalan, nyare ana ing SumbĂȘrwaru, esuke bumbunge dibukak, banyune diambu isih wangi,

Dina kaping pindo :

Nuli mbanjurake tindake, wayah surup srĂȘngenge, wis tĂȘkan ing Panarukan. Sang Prabu nyare ana ing kono, ing wayah esuk, banyu ing bumbung diganda isih wangi, Sang Prabu mbanjurake tindake.

Dina kaping telu :

BarĂȘng wis wayah surup srĂȘngenge, tĂȘkan ing BĂȘsuki, Sang Prabu uga nyare ana ing kono, esuke banyu ing bumbung diganda mundhak wangine,

Dina kaping papat :

Sang Prabu banjur nĂȘrusake tindake nganti wayah surup srĂȘngenge, tĂȘkan ing Prabalingga, ana ing kono uga nyare sawĂȘngi, esuke banyune ditiliki, banyune tawa isih enak, nanging munthuk, unthuke gandane arum, nanging mung kari sathithik, amarga kĂȘrĂȘp diunjuk ana ing dalan, dene banyune sĂȘndhang barĂȘng ditiliki gandane dadi bangĂȘr, tumuli dibuwang. Sang Prabu banjur ngandika marang Sunan Kalijaga: “Prabalingga ing besuk jĂȘnĂȘnge loro, Prabalingga karo BangĂȘrwarih, ing kene besuk dadi panggonan kanggo pakumpulane wong-wong kang padha ngudi kawruh kapintĂȘran lan kabatinan, Prabalingga tĂȘgĂȘse prabawane wong Jawa kalingan prabawane tangga”.



Sang Prabu mbanjurake tindake, ing pitung dinane, wis tĂȘkan ing Ampelgadhing. Nyai AgĂȘng Ampelgadhing tumuli mĂȘthukake banjur ngabĂȘkti marang Sang Prabu karo muwun, sarta akeh-akeh sĂȘsambate.



Sang Prabu banjur ngandika: “Wis aja nangis ĂȘngger, mupusa yen kabeh mau wis dadi karsane Kang Maha Kuwasa, kudu mangkene. Aku lan kowe mung sadarma nglakoni, kabeh lĂȘlakon wis ditulis aneng lokhilmakful. BĂȘgja cilaka ora kĂȘna disinggahi, nanging wajibe wong urip kudu kĂȘpengin mĂȘnyang ilmu”.



Nyai AgĂȘng Ampel banjur matur marang Sang Prabu, ngaturake patrape ingkang wayah Prabu Jimbun, kaya kang wis kasĂȘbut ing ngarĂȘp. Sang Prabu banjur dhawuh nimbali Prabu Jimbun. Nyai Ampel nuli utusan mĂȘnyang DĂȘmak nggawa layang, satĂȘkane ing DĂȘmak, layang wis katur marang Sang Prabu Jimbun, ora antara suwe Prabu Jimbun budhal sowan mĂȘnyang Ampel.



Kacarita putra Nata ing Majapahit, kang aran Raden Bondhan Kajawan ing Tarub, mirĂȘng pawarta yen nagara Majapahit dibĂȘdhah Adipati DĂȘmak, malah Sang Prabu lolos saka jroning pura, ora karuhan mĂȘnyang ngĂȘndi tindake, rumasa ora kapenak panggalihe, banjur tindak marang Majapahit, tindake Raden Bondhan Kajawan namur kula, nungsung warta ing ngĂȘndi dununge ingkang rama, satĂȘkane Surabaya, mirĂȘng warta yen ingkang rama Sang Prabu tĂȘdhak ing Ampel, nanging banjur gĂȘrah, Raden Bondhan Kajawan nuli sowan ngabĂȘkti.



Sang Prabu ndangu: “Sing ngabĂȘkti iki sapa?”



Raden Bondhan Kajawan matur yen panjĂȘnĂȘngane kang ngabĂȘkti.



Sang Prabu banjur ngrangkul ingkang putra, gĂȘrahe Sang Prabu sangsaya mbatĂȘk, ngrumaosi yen wis arĂȘp kondur marang jaman kalanggĂȘngan, pangandikane marang Sunan Kalijaga mangkene: Sahid, nyĂȘdhaka mrene, aku wis arĂȘp mulih marang jaman kalanggĂȘngan, kowe gaweya layang mĂȘnyang PĂȘngging lan Pranaraga, mĂȘngko tak-wenehane tandha asta, wis padha narima rusake MajalĂȘngka, aja padha ngrĂȘbut kapraboningsun, kabeh mau wis karsane Kang Maha Suci, aja padha pĂȘrang, mundhak gawe rudahing jagad, balik padha ngemana rusaking wadya-bala, sebaa marang DĂȘmak, sapungkurku sing padha rukun, sapa sing miwiti ala, tak-suwun marang Kang maha Kuwasa, yudane apĂȘsa.”



Sunan Kalijaga banjur nyĂȘrat, sawise rampung banjur ditapak-astani dening sang Prabu, sabanjure diparingake marang PĂȘngging lan Pranaraga.



Sang Prabu banjur ngandika: “Sahid, sapungkurku kowe sing bisa momong marang anak putuku, aku titip bocah iki, saturun-turune ĂȘmongĂȘn, manawa ana bĂȘgjane, besuk bocah iki kang bisa nurunake lajĂȘre tanah Jawa, lan maneh wĂȘkasku marang kowe, yen aku wis kondur marang jaman kalanggĂȘngan, sarekna ing Majapahit sa-lor-wetane sagaran, dene pasareyaningsun bakal sun-paringi jĂȘnĂȘng Sastrawulan, lan suwurna kang sumare ana ing kono yayi Raja Putri CĂȘmpa, lan maneh wĂȘlingku, besuk anak-putuku aja nganti entuk liya bangsa, aja gawe senapati pĂȘrang wong kang seje bangsa.”



Sunan Kalijaga sawise dipangandikani banjur matur: “Punapa Sang Prabu botĂȘn paring idi dhatĂȘng ingkang putra Prabu Jimbun jumĂȘnĂȘngipun Nata wontĂȘn ing tanah Jawi?”



Sang Prabu ngandika: “Sun-paringi idi, nanging mung mandhĂȘg tĂȘlung turunan.”



Sunan Kalijaga nyuwun sumurup mungguh tĂȘgĂȘse araning bakal pasareyane Sang Prabu.



Sang Prabu ngandika: “Sastra tĂȘgĂȘse tulis, Wulan tĂȘgĂȘse damaring jagad, tulise kuburku mung kaya gĂȘbyaring wulan, yen isih ana gĂȘbyaring wulan, ing tĂȘmbe buri, wong Jawa padha wĂȘruh yen sedaku wis ngrasuk agama Islam, mula tak-suwurake Putri CĂȘmpa, amarga aku wis diwadonake si Patah, sarta wis ora dianggĂȘp priya, nganti kaya mangkene siya-siyane marang aku, mulane ĂȘnggonku mangĂȘni madĂȘge Ratu mung tĂȘlung turunan, amarga si Patah iku wiji tĂȘlu, Jawa, Cina lan raksasa, mula kolu marang bapa sarta rusuh tindake, mula wĂȘkasku, anak-putuku aja entuk seje bangsa, amarga sajroning sihsinihan di seje bangsa mau nganggo ngobahake agamane, bisaa ngapĂȘsake urip, mula aku paring piwĂȘling aja gawe senapati pĂȘrang wong kang seje jinis, mundhak ngenthengake Gustine, ing sajroning mangun yuda, banjur mangro tingal, wis Sahid, kabeh pitungkasku, tulisĂȘn.”



Sang Prabu sawise paring pangandika mangkono, astane banjur sidhakĂȘp, tĂȘrus seda, layone banjur disarekake ana ing astana Sastrawulan ing Majapahit, katĂȘlah nganti saprene kocape kang sumare ana ing kono iku Sang Putri CĂȘmpa, dene mungguh satĂȘmĂȘne Putri CĂȘmpa iku sedane ana ing Tuban, dununing pasareyan ana ing Karang Kumuning.



BarĂȘng wis tĂȘlung dina saka sedane Sang Prabu Brawijaya, kacarita Sultan Bintara lagi rawuh ing Ampelgadhing sarta kapanggih Nyai AgĂȘng.



Nyai AgĂȘng ngandika: “Wis bĂȘgjane Prabu Jimbun ora nungkuli sedane ingkang rama, dadi ora bisa ngabĂȘkti sarta nyuwun idi ĂȘnggone jumĂȘnĂȘng Nata, sarta nyuwun pangapura kabeh kaluputane kang wis kĂȘlakon”.



Prabu Jimbun ature marang Nyai AgĂȘng, iya mung mupus pĂȘpĂȘsthen, barang wis kĂȘbacut iya mung kudu dilakoni.



Sultan DĂȘmak ana ing Ampel tĂȘlung dina lagi kondur. Kacarita Adipati PĂȘngging lan Pranaraga, iya iku Adipati Andayaningrat ing PĂȘngging lan Bathara katong ing Pranaraga, wis padha mirĂȘng pawarta yen nagara Majapahit dibĂȘdhah Adipati DĂȘmak, nanging ĂȘnggone mbĂȘdhah sinamun sowan riyaya, dene ingkang rama Sang Prabu lan putra Raden Gugur lolos saka praja, ora karuhan jujuge ana ing ngĂȘndi, Adipati PĂȘngging lan Adipati Pranaraga bangĂȘt dukane, mula banjur dhawuh ngundhangi para wadya sumĂȘdya nglurug pĂȘrang marang DĂȘmak, labuh bapa ngrĂȘbut praja, para wadya-bala wis rumanti gĂȘgamaning pĂȘrang pupuh, mung kari budhale bae, kasaru tĂȘkane utusane Sang Prabu maringake layang. Adipati PĂȘngging lan Adipati Pranaraga sawise tampa layang lan diwaos, layang banjur disungkĂȘmi kanthi bangĂȘt ing pamuwune lan bangĂȘt anjĂȘntung panggalihe, tansah gedheg-gedheg lan gĂȘrĂȘng-gĂȘrĂȘng, wajane kĂȘrot-kĂȘrot, surya katon abang kaya gĂȘni, lan kawiyos pangandikane sĂȘru, kang surasane nyupatani marang panjĂȘnĂȘngane dhewe, muga aja awet urip, mundhak ndĂȘdawa wirang.



Adipati sakarone padha puguh ora karsa sowan marang DĂȘmak, amarga saka putĂȘking panggalihe banjur padha gĂȘrah, ora antara lawas padha nĂȘmahi seda, dene kaol kang gaib, sedane Adipati PĂȘngging lan Adipati Pranaraga padha ditĂȘnung dening Sunan Giri, pamrihe supaya aja ngribĂȘdi ing tĂȘmbe buri. Mula carita bĂȘdhahe Majapahit iku mung dicĂȘkak, ora satimbang karo gĂȘdhene nagara sarta ambane jajahane, amarga aran ambuka wĂȘwadining ratu, putra mungsuh bapa, yen dirasa satĂȘmĂȘne saru bangĂȘt. Mula carita bĂȘdhahe Majapahit sinĂȘmonan dening para pujangga wicaksana, mangkene pasĂȘmone:

1. Amarga saka kramate para Wali, kĂȘrise Sunan Giri ditarik mĂȘtu tawone ngĂȘntupi wong Majapahit.
2. Sunan CirĂȘbon badhonge mĂȘtu tikuse maewu-ewu, padha mangani sangu lan bĂȘkakas jaran, wong Majapahit bubar, amarga wĂȘruh akehing tikus.
3. PĂȘthi saka Palembang ana satĂȘngahing paprangan dibukak mĂȘtu dhĂȘmite, wong Majapahit padha kagegeran amarga ditĂȘluh ing dhĂȘmit.
4. Sang Prabu Brawijaya sedane mekrad.



Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi marang muride kang aran Darmagandhul, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki: Kabeh mau mung pasĂȘmon, mungguh sanyatane, carita bĂȘdhahing Majapahit iku kaya kang tak-caritakake ing ngarĂȘp. Nagara Majapahit iku rak dudu barang kang gampang rusake, ewadene bisa rusak mung amarga dikritiki tikus. Lumrahe tawon iku bubar amarga saka dipangan ing wong. Alas angkĂȘr akeh dhĂȘmite, bubaring dhĂȘmit yen alase dirusak dening wong, arĂȘp ditanduri. Nanging yen Majapahit rusake amarga saking tikus, tawon lan dhĂȘmit, sapa kang ngandĂȘl yen rusake Majapahit amarga tikus, tawon lan dhĂȘmit, iku pratandha yen wong mau ora landhĂȘp pikire, amarga carita kang mangkono mau kalĂȘbu aneh lan ora mulih ing nalar, ora cocog lair lan batine, mula mung kanggo pasĂȘmon, yen dilugokake jĂȘnĂȘnge ambukak wadine Majapahit, mula mung dipralambangi pasĂȘmon kang orang mulih karo nalare. Dene tĂȘgĂȘse pasĂȘmon mau mangkene:



Tikus iku watake ikras-ikris, suwe-suwe yen diumbar banjur ngrĂȘbda, tĂȘgĂȘse: para ‘ulama dhek samana, nalika lagi tĂȘkane nyuwun panguripan marang sang Prabu ing Majapahit, barĂȘng wis diparingi, piwalĂȘse ngrusak. Tawon iku nggawa madu kang rasane manis, gĂȘgamane ana ing silit, dene panggonane ana ing gowok utawa tala, tĂȘgĂȘse: maune tĂȘkane nganggo tĂȘmbung manis, wusana ngĂȘntup saka ing buri, dene tala tĂȘgĂȘse mĂȘntala ngrusak Majapahit, sapa kang ngrungu padha gawok.



Dene dhĂȘmit diwadhahi pĂȘthi saka Palembang, barĂȘng dibukak muni jumĂȘglug, tĂȘgĂȘse: Palembang iku mlembang, iya iku ganti agama, pĂȘthi tĂȘgĂȘse wadhah kang brukut kanggo madhahi barang kang samar, dhĂȘmit tĂȘgĂȘse samar, rĂȘmit, rungsid, dhĂȘmit iku uga tukang nĂȘluh. Mungguh gĂȘnahe mangkene: bĂȘdhahe nagara Majapahit sarana ditĂȘluh kalayan primpĂȘn lan samar, nalika arĂȘp pambĂȘdhahe ora ana rĂȘmbag apa-apa, samudanane mung sowan garĂȘbĂȘgan, dadi dikagetake, mula wong Majapahit ora sikĂȘp gĂȘgaman pĂȘrang, wĂȘruh-wĂȘruh Adipati TĂȘrung wis ambantu Adipati DĂȘmak.



Kuna-kunane ora ana praja gĂȘdhe kaya Majapahit bĂȘdhahe mung saka diĂȘntup ing tawon sarta dikritiki ing tikus bae, apa dene bubare wong sapraja mung saka ditĂȘluh ing dhĂȘmit.



BĂȘdhahe Majapahit swarane jumĂȘgur, kĂȘprungu saka ing ngĂȘndi-ĂȘndi nagara, yen bĂȘdhahe saka binĂȘdhah dening putra, iya iku Wali wolu utawa Sunan wolu kang padha dimĂȘmule wong Jawa, sangane Adipati DĂȘmak, kabeh mau padha mbalela mbalik.



Banjure maneh pangandikane kiyai Kalamwadi: Kandhane guruku Rahaden Budi Sukardi, sadurunge Majapahit bĂȘdhah, manuk kuntul iku durung ana kang nganggo kucir, barĂȘng nagara wis ngalih marang DĂȘmak, kahanan ing dunya nuli malih, banjur ana manuk kuntul nganggo kucir.



Prabu Brawijaya sinĂȘmonan ing gaib: kĂȘbo kombang atine ĂȘntek dimangsa tuma kinjir, kĂȘbo tĂȘgĂȘse ratu sugih, kombang tĂȘgĂȘse mĂȘnĂȘng swarane kang mbrĂȘngĂȘngĂȘng, iya iku Prabu Brawijaya panggalihe tĂȘlas nalika bĂȘdhahe Majapahit, kajaba mung kendĂȘl gĂȘrĂȘng-gĂȘrĂȘng bae, ora karsa nglawan pĂȘrang, dene tuma kijir iku tumane celeng, tuma tĂȘgĂȘse tuman, celeng iku iya aran andhapan, iya iku Raden Patah nalika tĂȘkane ana ing Majapahit sumungkĂȘm marang ingkang rama Sang Prabu, ing wĂȘktu iku banjur diparingi pangkat, tĂȘgĂȘse oleh ati saka Sang Prabu, wusana banjur mukul pĂȘrang ngrĂȘbut nagara, ora ngetung bĂȘnĂȘr utawa luput, nganti ngĂȘntekake panggalihe Sang Prabu.



Dene kuntul nganggo kucir iku pasĂȘmone Sultan DĂȘmak, ĂȘnggone nyĂȘri-nyĂȘri marang ingkang rama Sang Prabu, dumeh agamane Buddha kawak kapir kupur, mulane Gusti Allah paring pasĂȘmon, githok kuntul kinuciran, tĂȘgĂȘse: tolehĂȘn githokmu, ibumu Putri Cina, ora kĂȘna nyĂȘri-nyĂȘri marang wong seje bangsa, Sang Prabu Jimbun iku wiji tĂȘlu, purwane Jawa, iya iku Sang Prabu Brawijaya, mula Sang Prabu Jimbun gĂȘdhe panggalihe melik jumĂȘnĂȘng Nata, mulane melik ĂȘnggal sugih, amarga katarik saka ibune, dene ĂȘnggone kĂȘndĂȘl nanging tanpa duga iku saka wijine Sang Arja Damar, amarga Arja Damar iku ibune putri raksasa, sĂȘnĂȘng yen ngokop gĂȘtih, pambĂȘkane siya, mula ana kuntul nganggo kucir iku wis karsaning Allah, ora mung Sunan DĂȘmak dhewe bae kang didhawuhi ngrumasani kaluputane, nanging sanadyan para Wali liyane uga didhawuhi ngrumasani, yen ora padha gĂȘlĂȘm ngrumasani kaluputane, dosane lair batin, mula jĂȘnĂȘnge Wali ditĂȘgĂȘsi Walikan: dibĂȘciki malĂȘs ngalani.



Dene anane bangsa Cina padha nĂȘnĂȘka ana ing tanah Jawa iku dĂȘdongengane mangkene: Jare, dhek jaman kuna, nalika santri Jawa durung akeh kawruhe, sawise padha mati, suksmane akeh kang katut angin banjur thukul ana ing tanah China, mula saiki banjur padha bali mulih marang tanah Jawa, dadi suksmane bangsa mau, iku mau-maune iya akeh kang suksma Jawa.



Darmagandhul matur: “kiyai! Kang diarani agama Srani iku kang kaya apa?”



Kiyai Kalamwadi banjur nĂȘrangake: “Kang diarani agama Srani iku tĂȘgĂȘse sranane ngabĂȘkti: tĂȘmĂȘn-tĂȘmĂȘn ngabĂȘkti marang Pangeran, ora nganggo nĂȘmbah brahala, mung nĂȘmbah marang Allah, mula sĂȘbutane Gusti KanjĂȘng Nabi ‘Isa iku Putrane Allah, awit Allah kang mujudake, mangkono kang kasĂȘbut ing kitab Anbiya”.



Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi.



Sultan DĂȘmak waskitha ing gaib, rumaos kadukan dening Kang Maha Kuwasa, mula banjur ngrumaosi kabeh kaluputane, nuli sowan andĂȘdagan ana ing pasareyane ingkang rama, barĂȘng wis antara tĂȘlung dina lawase, kaprĂȘnah pusĂȘring kuburan tanpa sangkan thukul wit-witan warna papat, siji warnane irĂȘng sĂȘmu abang dalah godhong sarta kĂȘmbange, loro wit sarta kĂȘmbange putih godhonge sĂȘdhĂȘngan, tĂȘlu wit kang godhonge ngrĂȘmbuyut mubĂȘng kaya payung, papat wit kang godhonge lĂȘmbut sarta mawa ĂȘri, lan wĂȘktu iku sajroning pasareyane Sang Prabu kĂȘprungu ana swara dumĂȘling, mangkene ujaring swara: “Êntek katrĂȘsnanku marang anak. Den enak mangan turu. Ana gajah digĂȘtak kaya kucing, sanajan matiya ing tata-kalairane, nanging lah eling-elingĂȘn ing besuk, yen wis agama kawruh, ing tĂȘmbe bakal tak-walĂȘs, tak-ajar wĂȘruh ing nalar bĂȘnĂȘr lan luput, pranatane mĂȘngku praja, mangan babi kaya dhek jaman Majapahit.”



Sultan DĂȘmak mirĂȘng swara dumĂȘling kang surasane mangkono iku, ing batos bangĂȘt kaduwung marang apa kang wis dilampahi, mula nganti suwe njĂȘgrĂȘg ora bisa ngandika, ngrumaosi klirune dene nuruti rĂȘmbuge para Sunan kabeh, nganti wani mungsuh ingkang rama sarta ngrusak Majapahit. Iya wiwit titi masa iku anane wit-witan warna papat kang padha thukul ana ing kuburan, dadi pasĂȘmon kabeh, iya iku Tlasih, SĂȘmboja, Turugajah lan GĂȘtakkucing. Mula nganti tumĂȘka saprene wit SĂȘmboja panggonane ana ing kuburan, kĂȘmbang Tlasih kanggo ngirim para lĂȘluhur, godonge GĂȘtakkucing yen kasenggol banjur obah, godhonge uga banjur mingkup kaya dene godhong GĂȘtakkucing.



Sawise mangkono, Sultan DĂȘmak banjur kondur, sakondure saka pasareyane ingkang rama, bangĂȘt panalangsane ing dalĂȘm batos, tansah ngrumaosi ing kalĂȘpatane.



Sunan Kalijaga uga waskitha ing gaib yen sinĂȘmonan dening Kang Maha Kuwasa, mula uga bangĂȘt panalangsane sarta ngrumaosi kaluputane, mula banjur mangagĂȘm sarwa wulung, beda karo para Wali liyane isih padha manganggo sarwa putih. Kabeh mau ora padha ngrumasani kaluputane, mung Sunan Kalijaga piyambak rumaos yen kadukan dening Kang Maha Kuwasa, mula bangĂȘt mrĂȘtobate, wasana banjur pinaringan pangapura dening Allah, sinĂȘmonan wiwit anane orong-orong githoke tumĂȘka ing punuk disĂȘsĂȘli tataling kayu jati, mungguh karĂȘpe: punukmu panakna, sajatining ‘ilmu iku ora susah maguru marang wong ‘Arab, ‘ilmuning Gusti Allah wis ana ing githokmu dhewe-dhewe,wujude puji thok, nanging dudu puji jatining kawruh, kang ngawruhi sajatining urip, urip dadi wayangan Dzating Pangeran, manusa bisa apa, mobah mosik mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake, sabda iku mĂȘtu saka ing karĂȘp, karĂȘp mĂȘtu saka ing budi, budi iku Dzate Kang Maha Agung, agung iku wis samĂȘkta, tanpa kurang tan wuwuh, tanpa luwih sarta ora arah ora ĂȘnggon.



Kiyai kalamwadi nutugake caritane: “Kandhane guruku Rahaden Budi Sukardi mangkene: mungguh kang katarima, muji marang Allah iku, iku sindhenan DharudhĂȘmble. TĂȘmbung dhar iku tĂȘgĂȘse wudhar, ru iku tĂȘgĂȘse ruwĂȘt sulit lan rungsit, dene dhĂȘmble tĂȘgĂȘse dhĂȘmbel dadi siji, yen wis sumurup tĂȘpunge sarat sari’at tarekat hakekat lan ma’rifat, iku mau wis muji tanpa ngucap, sarak iku sarate ngaurip, iya iku nampik milih iktiyar lan manggaota, sari’at iku saringane kawruh agal alus, tarekat iku kang nimbang lan nandhing bĂȘnĂȘr lan luput, hakekat iku wujud, wujud karsaning Allah, kang ngobahake sarta ngosikake rasane budi, wĂȘruh ora kasamaran ing sawiji-wiji. Yen kowe wis ngrĂȘti marang tĂȘgĂȘse DharudhĂȘmble, mĂȘsthi wis marĂȘm marang kawruhmu dhewe. Mangan woh kawruh lan budi, sĂȘmbahe kaya wĂȘsi kang dilabuh ana ing gĂȘni ilang abange mung rupa siji, kang muji lan kang dipuji wis nunggal dadi sawiji, dhĂȘmble wujud siji. Yen kowe wis bisangawruhi surasane kang tak-kandhakake iki, jĂȘnĂȘnge munajad. Saupama wong nulup manuk, yen ra wĂȘruh prĂȘnahe manuke, masa kĂȘnaa, ĂȘnggone nulup mung ngawur. Yen kawruhe wong pintĂȘr ora angel yen disawang, mĂȘtune saka ing utĂȘk”.



Darmagandhul matur, nyuwun ditĂȘrangake bab ĂȘnggone Nabi Adam lan Babu Kawa padha kĂȘsiku dening Pangeran, sabab saka ĂȘnggone padha dhahar wohe kayu Kawruh kang ditandur ana satĂȘngahing taman Pirdus. Ana maneh kitab kang nĂȘrangake, kang didhahar Nabi Adam lan Babu Kawa iku woh Kuldi, kang ditandur ana ing swarga. Mula nyuwun tĂȘrange, yen ing kitab Jawa caritane kapriye, kang nyĂȘbutake kok mung kitab ‘Arab lan kitabe wong Srani.



Kiyai Kalamwadi banjur nĂȘrangake, yen kitabe wong Jawa ora nyĂȘbutake bab mangkono iku, dene Sajarah Jawa iya ana kang nyĂȘbutake turun Adam, iya kitab Manik Maya.



Kiyai Kalamwadi banjur ngandhakake: “Sawise buku-buku pathokan agama Buddha diobongi, amarga mundhak ngrĂȘribĂȘdi agama Rasul, sanadyan buku kang padha disimpĂȘni dening para wadya, iya dipundhut banjur diobongi, nalika sabĂȘdhahe Majapahit, sapa kang durung gĂȘlĂȘm nganggo agama Islam banjur dijarah rajah, mula wong-wong ing kono padha wĂȘdi marang wisesaning Ratu. Dene wong-wong kang wis padha gĂȘlĂȘm salin agama Rasul, banjur padha diganjar pangkat utawa bumi sarta ora padha nyangga pajĂȘg, mulane wong-wong ing Majapahit banjur padha ngrasuk agama Islam, amarga padha melik ganjaran. Ing wĂȘktu iku Sunan Kalijaga, kagungan panggalih, caritane lĂȘluhure supaya aja nganti pĂȘdhot, banjur iyasa wayang, kanggo gantine kitab-kitab kuna kang wis padha diobongi. Ratu Mataram uga mangun carita sajarahe para lĂȘluhur Jawa, buku-buku sakarine, kang isih padha disimpĂȘn uga padha dipundhut kabeh, nanging wis padha amoh, Sang Nata ing Mataram andangu para wadya, nanging wis padha ora mĂȘnangi, wiwit Kraton GilingwĂȘsi nganti tumĂȘka Mataram wis ora kasumurupan caritane, buku-buku asli saka ing DĂȘmak lan Pajang padha dipriksa, nanging tinĂȘmu tulisan ‘Arab, kitab PĂȘkih lan Taju-salatina apa dene Surya-Alam kang kanggo pikukuh, mula Sang Prabu ing Mataram kewran panggalihe ĂȘnggone kagungan karsa iyasa babad carita tanah Jawa. Sang Prabu banjur dhawuh marang para pujangga, andikakake padha gawe layang Babad Tanah Jawa, ananging sarehne kang gawe Babad mau ora ngĂȘmungake wong siji bae, mula ora bisa padha gaweyane, kang diĂȘnggo pathokan layang Lokapala, mungguh caritane kaya kang kasĂȘbut ing ngisor iki”.



Wayahe Nabi Adam iya iku putrane Nabi Sis, arane Sayid Anwar. Sayid Anwar didukani ingkang rama lan ingkang eyang, amarga wani- wani mangan wohe wit kayu Budi sĂȘngkĂȘrane Pangeran kang tinandur ana ing swarga. Ciptane Sayid Anwar supaya kuwasane bisa ngiribi kaya dene kuwasane Pangeran, ora narima yen mung mangan who Kawruh lan woh Kuldi bae, nanging wohe kayu Budi kang disuwun. Sayid Anwar miwiti yasa sarengat dhewe, ora karsa ngagĂȘm agamane ingkang rama lan ingkang eyang, dadi murtat sarta nampik agamane lĂȘluhure, mangkono uga karsa ngakoni yen turune Adam sarta Sis, pangraose Sayid Anwar iku dadi saka dadine piyambak, mung waranane bae saka Adam lan Sis, dadine saka budi hawaning Pangeran. Ênggone Kagungan pamanggih mangkono mau diantĂȘpi bangĂȘt, jalaran mangkene: asal suwung mulih marang sĂȘpi, bali marang asale maneh. Sarehne Sayid Anwar banjur lunga nuruti karĂȘping atine, lakune mangetan nganti tumĂȘka ing tanah Dewani, ana ing kono banjur kĂȘtĂȘmu karo ratuning jin arane Prabu Nuradi, Sayid Anwar ditakoni iya banjur ngandharake lĂȘlakone kabeh, wusanane Sayid Anwar diĂȘpek mantu sarta dipasrahi kaprabon, ngratoni para jin, jĂȘjuluk Prabu Nurcahya, wiwit jumĂȘnĂȘnge Prabu Nurcahya, jĂȘnĂȘnge nagara banjur diĂȘlih dadi aran nagara Jawa. Misuwure, kang jumĂȘnĂȘng Nata, Jawa jawi ngrĂȘti kawruh agal alus. Sawise iku Sang Prabu banjur nganggit sastra mung salikur aksara, saucaping wong Jawa bisa kaucap, dijĂȘnĂȘngake Sastra Endra Prawata. TĂȘmbung Jawa, ditĂȘgĂȘsi: nguja hawa, karsane Sang Prabu: bisaa rowa, saturun-turune bisaa jumĂȘnĂȘng Nata mĂȘngkoni tanah Jawa. Sang Prabu putrane siji pĂȘparab Sang Hyang Nurrasa, uga dhaup karo putri jin putrane mung siji iya iku Sang Hyang WĂȘnang. Sang Hyang WĂȘnang uga dhaup karo putri jin, dene putrane uga mung siji kakung pĂȘparab Sang Hyang Tunggal, krama oleh putri jin. Sang Hyang Tunggal pĂȘputra Sang Hyang Guru, kabeh mau turune Sang Hyang Nurcahya, kang padha didhahar woh wit kayu Budi. Sang Hyang Guru kagungan pangraos yen kuwasane padha karo Gusti Allah, mula banjur iyasa kadhaton ana pucaking Mahameru, sarta ngakoni yen purwaning dumadi mĂȘtune asal saka budi hawa nĂȘpsu. Aran Dewa ngaku misesani mujudake sipat roh, agamane Buddha budi, mangeran digdayane sarta ngaku Gusti Allah. SĂȘdya kang mangkono mau iya diideni dening Kang Maha Kuwasa, sarta kalilan nimbangi jasane Kang Maha Kuwasa. Dewa iku wĂȘrdine ana loro tĂȘgĂȘse: budi hawa, sarta: wadi dawa, mulane agamane Buddha. SĂȘbutan Dewi: tĂȘgĂȘse: dening wadining wadon iku bisa ngĂȘtokake ĂȘndhas bocah.



Darmagandhul didhawuhi nimbang mungguh kang bĂȘnĂȘr kang ĂȘndi, mangan woh wit kayu Kawruh, apa wit kayu Budi, apa woh wit Kuldi?



Saka panimbange Darmagandhul, kabeh iku iya bĂȘnĂȘr, sĂȘnĂȘngan salah siji ĂȘndi kang disĂȘnĂȘngi, diantĂȘpi salah siji aja nganti luput. Yen kang dipangan woh wit kayu Budi, agamane Buddha budi, panyĂȘbute marang Dewa; manawa mangan woh wit kawruh, pĂȘnyĂȘbute marang KangjĂȘng Nabi ‘Isa, agamane srani, yen sĂȘnĂȘng mangan woh wit kayu Kuldi, agamane Islam, sambate marang nabi panutan; iya iku Gusti KangjĂȘng Nabi Rasul; dene yen dhĂȘmĂȘn Godhong Kawruh Godhong Budi, panĂȘmbahe marang Pikkong, sarta manut sarake Sisingbing lan Sicim; salah sijine aja nganti luput. Yen bisa woh-wohan warna tĂȘlu iku mau iya dipangan kabeh, yen wong ora mangan salah sijine woh mau, mĂȘsthine banjur dadi wong bodho, uripe kaya watu ora duwe kĂȘkarĂȘpan lan ora mangrĂȘti marang ala bĂȘcik. Dene mungguh bĂȘcike wong urip iku mung kudu manut marang apa alame bae, dadi ora aran siya-siya marang uripe, yen Kalifah dhahar woh Budi, iya melu mangan woh Budi, yen Kalifah dhahar woh kawruh, iya melu mangan woh kawruh, yen kalifah dhahar woh Kuldi, iya melu mangan woh Kuldi. Dene prakara bĂȘnĂȘr utawa lupute, iku Kalifah kang bakal tanggung. Sarehne diĂȘnut wong akeh, dadi Panutan kudu kang bĂȘnĂȘr, amarga wong dadi Panutan iku saupama tĂȘtuwuhan minangka wit-e. Yen wong ora gĂȘlĂȘm manut marang kang bĂȘnĂȘre kudu diĂȘnut, iku kaya dene iwak kang mĂȘtu saka ing banyu. Saupama woh ora gĂȘlĂȘm nempel wit, mĂȘsthi dadi glundhungan kang tanpa dunung. Awit saka iku, mulane wong iku kudu ngelingi marang agamane kang nurunake, amarga sanadyan saupama ana salahe, Gusti Allah mĂȘsthi paring pangapura. Darmagandhul matur nyuwun tĂȘrange agama Rasul lan liya-liyane, mungguh kang dadi bedane apa?



Kiyai Kalamwadi banjur nĂȘrangake beda-bedane, yen saka dhawuhe kang Maha Kuwasa, manusa didhawuhi muja marang agamane. Nanging banjur akeh kang kliru muja marang barang kang katon, kaya ta buku, kitab, kĂȘris, tumbak, utawa liya-liyane barang. Kang kaya mangkono mau ngrusakake agama, amarga banjur mangeran marang wujud, satĂȘmah lali marang Pangerane, amarga maro tingal marang barang rĂȘrupan. Wong urip iku kudu duwe gondhelan agama, amarga yen ora duwe agama mĂȘsthi duwe dosa, mung bae dosane mau ana kang sathithik lan ana kang akeh. Dene kang bisa nyirnakake (nyudakake) dosa iku, mung banyu suci, iya iku tekad suci lair batin. Kang diarani banyu tekad suci iku kang ĂȘning, iya iku minangka aduse manusa, bisa ngrĂȘsiki lair batine. Yen wong luwih, ora ngarĂȘp-arĂȘp munggah swarga, kang digoleki bisaa nikmat mulya punjula saka sapadhane, aja nganti nĂȘmu sangsara, bisaa duwe jĂȘnĂȘng kang bĂȘcik, sinĂȘbut kang utama, bisaa nikmat badan lan atine, mulya kaya maune, kaya nalika isih ana ing alam samar, ora duwe susah lan prihatin. Lawang swarga iku prĂȘlu dirĂȘsiki, dirĂȘngga ing tekad kang utama, supaya aja ngrĂȘribĂȘdi ana ing donyane, bisaa slamĂȘt lair batine. Kang diarani lawang swarga lan lawang nĂȘraka iku, pancadan kang tumuju marang kabĂȘgjan utawa kacilakan. Yen bĂȘcik narik raharja, yen ala ngundhuh cilaka, mula pangucap kang ala, mĂȘsthi mlĂȘbu yomani. Yen bĂȘcik, bisa tampa ganjaran.



Darmagandhul matur maneh, nyuwun tĂȘrange, manusa ing dunya wujude mung lanang lan wadon, dadine kok banjur warna-warna, ana Jawa, ‘Arab, Walanda lan Cina. Dene sastrane kok uga beda-beda. Iku maune kĂȘpriye, dalah tĂȘgĂȘse sarta cacahing aksarane kok uga beda-beda. Geneya kok ora nganggo aksara warna siji bae?



Kyai Kalamwadi banjur nĂȘrangake, yen kabeh-kabeh mau wis dadi karsane Kang Maha Kuwasa. Mula aksarane digawe beda-beda, supaya para kawulane padha mangan woh wit kayu Budi lan woh wit kayu Kawruh, amarga manusa diparingi wahyu kaelingan, bisa mĂȘthik woh Kawruh lan woh Budi, pamĂȘthike sapira sagaduke. Gusti Allah uga iyasa sastra, nanging sastrane nglimputi ing jĂȘro, lan manut wujud, iya iku kang diarani sastra urip, manusa ora bisa anggayuh, sanadyan para Auliya sarta para Nabi ĂȘnggone nggayuh iya mung sagaduke. Woh wit Kawruh lan woh wit Budi ditandhani nganggo sipat wujud, dicorek ana ing dluwang, nganggo mangsi supaya wong bisa wĂȘruh, mula jĂȘnĂȘnge dalwang, tĂȘgĂȘse mĂȘtu wangune, mangsi tĂȘgĂȘse mangsit, dadi yen dalwang ditrapi mangsi, mĂȘsthi banjur mĂȘtu wangune, mangsit mangan kawruh, mula jĂȘnĂȘng kalam, amarga kawruhe anggawa alam. Sastra warna-warna paringe kang Maha-Kuwasa, iku wajib dipangan, supaya sugih pangrĂȘten lan kaelingan, mung wong kang ora ngrĂȘti sastra paringe Gusti Allah, mĂȘsthi ora mangĂȘrti marang wangsit. Auliya Gong Cu kumĂȘnthus niru sastra tulisan paringe Gusti allah, nanging panggawene ora bisa, sastrane unine kurang, dadi pelon, para Auliya panggawene sastra dipathoki cacahe, mung aksara Cina kang akeh bangĂȘt cacahe, nanging unine pelo, amarga Auliya kang nganggit kĂȘsusu mangan woh Kawruh, ing mangka iya kudu mangan woh wit kayu Budi. Auliya mau lali yen tinitah dadi manusa. Ewadene mĂȘksa nganggo kuwasane Kang Maha Kuwasa, anggayuh kang dudu wajibe, kĂȘsusu tampa panglulu nganggit sastra kang nganti tanpa etungan cacahe, jĂȘnĂȘnge sastra godhong. Godhonge wit Budi lan wit Kawruh, dipĂȘthik saka sathithik, ditata dikumpulake, banjur dianggit kanggo sastra, mulane aksarane nganti ewon. Auliya Cina kĂȘsiku, amarga arĂȘp gawe sastra urip kaya yasane Gusti Allah.

Auliya Jawa ĂȘnggone mangan woh wit kayu Budi nganti warĂȘg, mula ĂȘnggone nganggit aksara iya dipathoki cacahe. Auliya Arab ĂȘnggone mangan woh wit kayu Kuldi akeh bangĂȘt. Dene ĂȘnggone nganggit aksara iya dipathoki cacahe. Nanging yen sastra yasane Gusti Allah, dadine saka sabda, wujude dadi dhewe, mulane unine iya cĂȘtha, sastrane ora ana kang padha.



Darmagandhul banjur didhawuhi nimbang, mungguh anggitane para Auliya kabeh mau kang mratandhani asor luhuring budine kang ĂȘndi?



Saka panimbange Darmagandhul, kabeh mau iya bĂȘnĂȘr, nanging anggĂȘr mĂȘtu saka budi. Dene kang gawe aksara mung sathithik, nanging wis bisa nyukupi, iku mratandhani yen luwih pintĂȘr tinimbang karo liya-liyane. J



Kiyai Kalamwadi ngandika: “Yen manusa arĂȘp wĂȘruh sastrane Gusti Allah, tulisan mau ora kĂȘna ditonton nganggo mripat lair – kudu ditonton nganggo mripat batin. Yen mangkono iya bisa katon, Gusti Allah iku mung sawiji, nanging Dzate nyarambahi sakabehing wujud. Yen ndĂȘlĂȘng kudu nganggo ati kang bĂȘning, ora kĂȘna kacampuran pikiran kang warna-warna, sarta kudu kang mĂȘlĂȘng ĂȘnggone mawas, supaya ora bisa kliru karo kanyatane”.



Kiyai Kalamwadi lĂȘnggah diadhĂȘp garwane aran Endhang PrĂȘjiwati. Darmagandhul sarta para cantrik iya padha marak. Kiyai Kalamwadi paring piwulang marang garwane, dadi nĂȘtĂȘpi jĂȘnĂȘnge priya kudu mulang muruk marang rabine. Dene kang diwulangake, bab kawruh kasunyatan sarta kawruh kang kanggo yen wis tumĂȘka ing pati, ing wong sĂȘsomahan iku. Kang wadon diupamakake omah, sanadyan kahanane wis sarwa bĂȘcik. Nanging sabĂȘn dinane isih kudu dipiyara lan didandani. Saka pangandikane Kiayi Kalamwadi, wong iku yen dipitakoni, satĂȘmĂȘne ragane wis bisa mangsuli, sabab ing kono wis ana pangandikane Gusti Allah paring piwulang, nanging ora mĂȘtu ing lesan, mung paring sasmita kang wis ditulis ana saranduning badan sakojur.



Pangandikane kiyai Kalamwadi: “Sarehne aku iku wong cubluk, dadi ora bisa aweh piwulang kang endah, aku mung arĂȘp pitakon marang ragamu, amarga ragamu iku wis bisa sumaur dhewe”.



Banjure pangandika kiyai Kalamwadi kaya ing ngisor iki. Tanganmu kiwa iku wis anggawa tĂȘgĂȘs dhewe, lan wis dadi piwulang kang bĂȘcik lan nyata, kang anuduhake yen ragamu iku wujude kiwa, mung hawa kang katon. TĂȘmbung ki: iku tĂȘgĂȘse iki, wa: tĂȘgĂȘse wĂȘwadhah, ragamu iku diibaratake prau, prau dadi ‘ibarate wong wadon, wong tĂȘgĂȘse ngĂȘlowong, wadon tĂȘgĂȘse mung dadi wadhah, dene isine mung tĂȘlung prakara, iya iku: “kar-ri-cis”. Yen prau wis isi tĂȘlung prakara iku, wong wadon wis kĂȘcukup butuhe, dadi ora goreh atine. Dene tĂȘgĂȘse kar-ri-cis iku mangkene.



1. Kar, tĂȘgĂȘse dakar, iya iku yen wong lanang wis bisa nĂȘtĂȘpi lanange, mĂȘsthi wong wadon atine marĂȘm, wusanane dadi nĂȘmu slamĂȘt ĂȘnggone jĂȘjĂȘdhowan.
2. Ri, tĂȘgĂȘse pari, iya iku kang minangka pangane wong wadon, yen wong lanang wis bisa nyukupi pangane, mĂȘsthi wong wadon bisa tĂȘntrĂȘm ora goreh.
3. Cis, tĂȘgĂȘse picis, utawa dhuwit, ya iku yen wong lanang wis bisa aweh dhuwit kang nyukupi, mĂȘsthi wong wadon bisa tĂȘntrĂȘm, tak baleni maneh, cis tĂȘgĂȘse bisa goreh atine.



Kosok baline yen wong lanang ora bisa aweh momotan tĂȘlung prakara mau, wong wadon bisa goreh atine. Tangan tĂȘngĂȘn tĂȘgĂȘse etungĂȘn panggawemu, sabĂȘn dina sudiya,

sanggup dadi kongkonan, wong wadon wis dadi wajibe ngrewangi kang lanang anggone golek sandhang pangan.



Bau tĂȘgĂȘse kanthi, gĂȘnahe wong wadon iku dadi kanthine wong lanang, tumrap nindakake samubarang kang prĂȘlu.



Sikut tĂȘgĂȘse singkurĂȘn sakehing panggawe kang luput. UgĂȘl-ugĂȘl tĂȘgĂȘse sanadyan tukar padu, nanging yen isih padha trĂȘsnane iya ora bisa pĂȘdhot. Epek-epek tĂȘgĂȘse ngĂȘpek-ngĂȘpek jĂȘnĂȘnge kang lanang, awit wong wadon iku yen wis laki, jĂȘnĂȘnge banjur melu jĂȘnĂȘnge kang lanang. Iya iku kang diarani warangka manjing curiga, warangkane wanita, curigane jĂȘnĂȘnge wong lanang.



Rajah (ing epek-epek) tĂȘgĂȘse wong wadon iku panganggĂȘpe marang guru-lakine dikaya dene panganggĂȘpe marang raja.



Driji tĂȘgĂȘse drĂȘjĂȘg utawa pagĂȘr, iya iku idĂȘrana jiwamu nganggo pagĂȘr kautaman, wanita iku kudu andarbeni ambĂȘk kang utama, dene driji kabeh mau ana tĂȘgĂȘse dhewe-dhewe.



JĂȘmpol tĂȘgĂȘse ĂȘmpol, yen wanita dikarsakake dening priyane, iku kang gampang gĂȘtas rĂȘnyah kaya dene ĂȘmpoling klapa.



Driji panuduh tĂȘgĂȘse wanita nglakonana apa sapituduhe kang priya.



Driji panunggul, tĂȘgĂȘse wanita wajib ngunggulake marang priyane, supaya nyupangati bĂȘcik.



Driji manis, tĂȘgĂȘse wanita kudu duwe pasĂȘmon utawa polatan kang manis, wicarane kudu kang manis lan prasaja.



JĂȘnthik, tĂȘgĂȘse wong wadon iku panguwasane mung sapara limane wong lanang, mula kudu sĂȘtya tuhu marang priyane.



Kuku tĂȘgĂȘse ĂȘnggone rumĂȘksa marang wadi, paribasane aja nganti kĂȘndho tapihe.



Mungguh pikikuhe wong jĂȘjodhowan iku, wanita kudu sĂȘtya marang lakine sarta nglakoni patang prakara, iya iku: pawon, paturon, pangrĂȘksa, apa dene kudu nyingkiri padudon.



Wong jĂȘjodhowan yen wis nĂȘtĂȘpi kaya piwulang iki, mĂȘsthi bisa slamĂȘt sarta akeh tĂȘntrĂȘme.



Kiyai Kalamwadi banjur paring pangandika maneh, dene kang dipangandikakake bab pikukuhe wong jĂȘjodhowan. Saka pangandikane kiyai Kalamwadi, wong jĂȘjodhowan iku pikukuhe kudu duwe ati eling, aja nganti tumindak kang ora bĂȘnĂȘr. Mungguh pikukuhe wong laki-rabi iku, dudu dunya lan dudu rupa, pikukuhe mung ati eling. Wong jĂȘjodhowan, yen gampang luwih gampang, nanging yen angel, angele ngluwihi. Wong jĂȘjodhowan itu luput pisan kĂȘna pisan, yen wis luput, ora kĂȘna tinambak ing rajabrana lan rupa. Wanita kudu tansah eling yen winĂȘngku ing priya, yen nganti ora eling, lupute banjur ngambra-ambra, amargi yen wanita nganti cidra, iku ugi ngilangake Pangerane wong jĂȘjodhowan, dene kang diarani cidra iku ora mung jina bae, nanging samubarang kang ora prasaja iya diarani cidra, mula wanita kudu prasaja lair batine, amarga yen ora mangkono bakal nandhang dosa rong prakara, kang sapisan dosa marang kang lanang, kapindhone dosa marang Gusti Allah, kang mangkono iku mĂȘsthi ora bisa nĂȘmu lĂȘlakon kang kapenak. Mula ati, kudu tansah eling, amarga tumindaking badan mung manut karĂȘping ati, awit ati iku dadi ratuning badan. Wong jĂȘjodhowan di’ibaratake prau kang gĂȘdhe, lakuning prau manut satang lan kĂȘmudhine, sanadyan satange bĂȘnĂȘr, yen kĂȘmudhine salah, prau ora bĂȘcik lakune. Wong lanang iku lakuning satang, dene kang wadon ngĂȘmudheni, sanadyan bĂȘcik ĂȘnggone ngĂȘmudheni, nanging yen kang nyatang ora bĂȘnĂȘr, lakune prau iya ora bisa jĂȘjĂȘg, sarta bisa tĂȘkan kang disĂȘdya, amarga kang padha nglakokake padha karĂȘpe, dadi tĂȘgĂȘse, wong jĂȘjodhowan, kudu padha karĂȘpe, mula kudu rukun, rukun iku gawe karaharjan sarta mahanani katĂȘntrĂȘman, ora ngĂȘmungake wong jĂȘjodhowan kang rukun bae, kang oleh katĂȘntrĂȘmaning ati, sanadyan tangga tĂȘparone iya melu tĂȘntrĂȘm, mula wong rukun iku bĂȘcik bangĂȘt.



Kowe tak-pituturi, mungguh dalane kamulyan iku ana patang prakara:

1. Mulya saka jĂȘnĂȘng.
2. Mulya saka bandha.
3. Mulya saka sugih ‘ilmu.
4. Mulya saka kawignyan.



Kang diarani mulya saka jĂȘnĂȘng, iku wong kang utama, bisa oleh kabĂȘgjan kang gĂȘdhe, nanging kabĂȘgjane mau ora mung kanggo awake dhewe, kapenake uga kanggo wong akeh liyane. Dene kang mulya saka ing bandha, lan mulya saka ĂȘnggone sugih ‘ilmu, lan mulya saka kapintĂȘran, iku ana ngĂȘndi bae, iya akeh rĂȘgane.



Mungguh dalane kasangsaran uga ana patang prakara:

1. Rusaking ati, manusa iku yen pikire rusak, ragane mĂȘsthi iya melu rusak.
2. Rusaking raga, iya iku wong lara.
3. Rusaking jĂȘnĂȘng, iya iku wong mlarat.
4. Rusaking budi, iya iku wong bodho, cupĂȘt budine, wong bodho lumrahe gampang nĂȘpsune.



Kang diarani tampa kanugrahing Gusti Allah, iya iku wong kang sĂȘgĂȘr kawarasan sarta kacukupan, apa dene tĂȘntrĂȘm atine.



Wong urip kang kĂȘpengin bisaa dadi wong utama, duweya jĂȘnĂȘng kang bĂȘcik, kanggo tĂȘtuladhan marang wong kang padha ditinggal ing tĂȘmbene”.



Ki Darmagandhul matur lang nyuwun ditĂȘrangake bab anane wong ing jaman kuna karo wong ing jaman saiki, iku satĂȘmĂȘne pintĂȘr kang ĂȘndi, amarga wong akeh panĂȘmune warna-warna tumrape bab iku.



Pangandikane kiyai Kalamwadi: “Wong kuna lan wong saiki, iku satĂȘmĂȘne iya padha pintĂȘre, mung bae tumrape wong ing jaman kuna, akeh kang durung bisa mujudake kapintĂȘrane, mula katone banjur kaya dene ora pintĂȘr. Ana dene wong ing jaman saiki ĂȘnggone katon luwih pintĂȘr iku amarga bisa mujudake kapintĂȘrane. Wong ing jaman kuna kapintĂȘrane iya wis akeh, dene kang mujudake iya iku wong ing jaman saiki. Saupama ora ana kapintĂȘrane wong ing jaman kuna, mĂȘsthi bae tumrape wong ing jaman saiki ora ana kang kanggo tĂȘtuladhan, amarga kahanan saiki iya akeh kang nganggo kupiya kahanan ing jaman kuna. Wong ing jaman saiki ngowahi kahanan kang wis ana, ĂȘndi kang kurang bĂȘcik banjur dibĂȘcikake. Wong ing jaman saiki ora ana kang bisa nganggit sastra, yen manusa iku rumasa pintĂȘr, iku tĂȘgĂȘse ora rumasa yen kawula, mangka uripe manusa mung sadarma nglakoni, mung sadarma nganggo raga, dene mobah mosik, wis ana kang murba. Yen kowe arĂȘp wĂȘruh wong kang pintĂȘr tĂȘmĂȘnan, dununge ana wong wadon kang nutu sabĂȘn dina, tampahe diiseni gabah banjur diubĂȘngake sadhela, gabah kang ana kabur kabeh, sawise, banjur dadi beda-beda, awujud bĂȘras mĂȘnir sarta gabah, nuli mung kari ngupuki bae, sabanjure dipilah-pilah. TĂȘgĂȘse: bĂȘras yen arĂȘp diolah kudu dirĂȘsiki dhisik, miturut kaya karĂȘpe kang arĂȘp olah-olah. Yen kowe bisa mangreh marang manusa, kaya dene wong wadon kang nutu mau, ĂȘnggone nyilah-nyilahake bĂȘras aneng tampah, kowe pancen wong linuwih, nanging kang mangkono mau dudu kawadjibanmu, awit iku dadi kawajibane para Raja, kang misesa marang kawulane. Dene kowe, mung wajib mangrĂȘti tataning praja supaya uripmu aja kongsi dikul dening sapadhaning manusa, uripmu dadi bisa slamĂȘt, kowe bakal dadi tĂȘtuwa, kĂȘna kanggo pitakonan tumraping para mudha bab pratikĂȘle wong ngawula ing praja. Mula wĂȘlingku marang kowe, kowe aja pisan- pisan ngaku pintĂȘr, amarga kang mangkono mau dudu wajibing manusa, yen ngrumasani pintĂȘr, mundhak kĂȘsiku marang Kang Maha Kuwasa, kaelokane Gusti Allah, ora kĂȘna ginayuh ing manusa, ngrumasanana yen wong urip iku mung sadarma, ana wong pintĂȘr isih kalah pintĂȘr karo wong pintĂȘr liyane, utawa uga ana wong pintĂȘr bisa kasoran karo wong kompra, bodho pintĂȘring manusa iku saka karsane Kang Maha Kuwasa, manusa anduweni apa, bisane apa, mung digadhuhi sadhela dening Kang Maha Kuwasa, yen wis dipundhut, kabeh mau bisa ilang sanalika, saka kalangkungane Gusti Allah, yen kabeh mau kapundhut banjur diparingake marang wong kompra, wong kompra banjur duwe kaluwihan kang ngungkuli kaluwihane wong pintĂȘr. Mula wĂȘlingku marang kowe, ngupayaa kawruh kang nyata, iya iku kawruh kang gandheng karo kamuksan”.



Ki Darmagandhul banjur matur maneh, nyuwun tĂȘrange bab tilase kraton KĂȘdhiri, iya iku kratone Sang Prabu Jayabaya. Kiyai Kalamwadi ngandika: “Sang Prabu Jayabaya ora jumĂȘnĂȘng ana ing KĂȘdhiri, dene kratone ana ing Daha, kaprĂȘnah sawetane kali Brantas. Dene yen KĂȘdhiri prĂȘnahe ana sakuloning kali Brantas lan sawetaning gunung Wilis, ana ing desa Klotok, ing kono iku ana bata putih, iya iku patilasane Sri Pujaningrat. Dene yen patilasane Sri Jayabaya ika ana ing daha, saikine jĂȘnĂȘnge desa MĂȘnang, patilasane kadhaton wis ora katon, amarga kurugan ing lĂȘmah lahar saka gunung KĂȘlut, patilasan-patilasan mau wis ilang kabeh, pasanggrahan Wanacatur lan taman Bagendhawati uga wis sirna, dene pasanggrahan Sabda, kadhatone Ratu PagĂȘdhongan uga wis sirna. Kang isih mung rĂȘca yasane Sri Jayabaya, iya iku candhi Prudhung, TĂȘgalwangi, prĂȘnahe ing sa-lor-wetane desa MĂȘnang, lan rĂȘca buta wadon, iya iku rĂȘca kang diputung tangane dening Sunan Benang nalika lĂȘlana mĂȘnyang KĂȘdhiri, rĂȘca mau lungguhe madhĂȘp mangulon, ana maneh rĂȘca jaran awak siji ĂȘndhase loro, panggonane ana ing desa BogĂȘm, wĂȘwĂȘngkon dhistrik SukarĂȘja, mula Sri Jayabaya yasa rĂȘca, mangkene caritane, (kaya kang kapratelakake ing ngisor ini)”.



Ing Lodhaya ana buta wadon ngunggah-unggahi Sang Prabu Jayabaya, nanging durung nganti katur ing ngarsa Prabu, buta wadon wis dirampog dening wadya cilik-cilik, buta wadon banjur ambruk, nanging durung mati, barĂȘng ditakoni, lagi waleh yen sumĂȘdya ngunggah-unggahi Sang Prabu. Sang Prabu banjur mriksani putri buta mau, barĂȘng didangu iya matur kang dadi sĂȘdyane. Sang Prabu banjur paring pangandika mangkene: “Buta! andadekna sumurupmu, karsaning Dewa Kang Linuwih, aku iku dudu jodhomu, kowe dak-tuturi, besuk sapungkurku, kulon kene bakal ana Ratu, nagarane ing Prambanan, iku kang pinasthi dadi jodhomu, nanging kowe aja wujud mangkono, wujuda manusa, aran Rara Jonggrang”.



Sawise dipangandikani mangkono, putri buta banjur mati. Sang Prabu banjur paring pangandika marang para wadya, supaya desa ing ngĂȘndi papan matine putri buta mau dijĂȘnĂȘngake desa Gumuruh. (11) Ora antara suwe Sri Jayabaya banjur jasa rĂȘca ana ing desa BogĂȘm. RĂȘca mau wujud jaran lagaran awak siji ĂȘndhase loro, kiwa tĂȘngĂȘn dilareni. Patihe Sang Prabu kang aran Buta Locaya sarta Senapatine kang aran Tunggulwulung padha matur marang sang Prabu, kang surasane nyuwun mitĂȘrang kang dadi karsa-Nata, ĂȘnggone Sang Prabu yasa rĂȘca mangkono mau, apa mungguh kang dadi karsane. Sang Prabu banjur paring pangandika, yen ĂȘnggone yasa rĂȘca kang mangkono itu prĂȘlu kanggo pasĂȘmon ing besuk, sapa kang wĂȘruh marang wujude rĂȘca iku mĂȘsthi banjur padha mangrĂȘti kang dadi tekade wong wadon ing jaman besuk, yen wis jaman Nusa SrĂȘnggi. BogĂȘm tĂȘgĂȘse wadhah bangsa rĂȘtna-rĂȘtna kang adi, tĂȘgĂȘse wanita iku bangsa wadhah kang winadi. Laren (12) kang ngubĂȘngi jaran tĂȘgĂȘse iya sĂȘngkĂȘran. Dene jaran sĂȘngkĂȘran iya iku ngibaratake wong wadon kang disĂȘngkĂȘr. Sirah loro iku dadi pasĂȘmone wong wadon ing jaman besuk, kang akeh padha mangro tingal, sanadyan ora kurang ing panjagane, iya bisa cidra, lagaran, iku tĂȘgĂȘse tunggangan kang tanpa piranti. Ing jaman besuk, kang kĂȘlumrah wong arĂȘp laki-rabi, ora nganggo idine wong tuwane, margane saka lagaran dhisik, yen wis mathuk pikire, iya sida diĂȘpek rabi, nanging yen ora cocog, iya ora sida laki-rabi.



Sang Prabu ĂȘnggone yasa candhi, prĂȘlu kanggo nyĂȘdhiyani yen ana wadyabala kang mati banjur diobong ana ing kono, supaya bisa sirna mulih marang alam sĂȘpi. Yen pinuju ngobong mayit, Sang Prabu uga karsa rawuh ngurmati.



Kang mangkono iku wis dadi adate para raja ing jaman kuna. Mula kang dadi panyuwunku marang Dewa, muga Sang Prabu karsa yasa candhi kanggo pangobongan mayit, kaya adate Raja ing jaman kuna, amarga aku iki anak dhalang, aja suwe-suwe kaya mĂȘmĂȘdi, duwe rupa tanpa nyawa, bisaa mulih marang asale.



Samuksane Sang Prabu Jayabaya, Patih Buta Locaya sarta Senapati Tunggulwulung, apa dene putrane Sang Prabu kang kĂȘkasih Ni Mas Ratu PagĂȘdhongan, kabeh banjur padha andherek muksa.



Buta Locaya banjur dadi ratuning dhĂȘdhĂȘmit ing KĂȘdhiri. Tunggulwulung ana ing gunung KĂȘlut, dene Ni Mas Ratu PagĂȘdhongan banjur dadi ratuning dhĂȘdhĂȘmit ana ing sagara kidul, asmane ratu Anginangin.



Ana kĂȘkasihe Sang Prabu Jayabaya, jĂȘnĂȘnge Kramatruna, nalika Sri Jayabaya durung muksa, Kramatruna didhawuhi ana ing sĂȘndhang Kalasan. Sawise tĂȘlung atus taun, putrane Ratu ing Prambanan, kĂȘkasih LĂȘmumbardadu iya Sang Pujaningrat, jumĂȘnĂȘng Nata ana ing KĂȘdhiri, kadhatone ana sakuloning bangawan (3), kĂȘdhi tĂȘgĂȘse wong wadon kang ora anggarap sari, dene dhiri iku tĂȘgĂȘse anggĂȘp, kang paring jĂȘnĂȘng iku RĂȘtna Dewi Kilisuci, dicocogake karo adate Sang RĂȘtna piyambak, amarga Sang RĂȘtna Dewi Kilisuci iku wadat, sarta ora anggarap sari. Dewi Kilisuci nyawabi nagarane, aja akeh gĂȘtihe wong kang mĂȘtu. Mula KĂȘdhiri iku diarani nagara wadon, yen nglurug pĂȘrang akeh mĂȘnange, nanging yen dilurugi apĂȘs. Kang kĂȘlumrah pambĂȘkane wanita ing KĂȘdhiri iku gĂȘdhe atine, amarga kasawaban pambĂȘkane Sang RĂȘtna Dewi Kilisuci. Dene RĂȘtna Dewi Kilisuci iku sadhereke sĂȘpuh Nata ing JĂȘnggala. Sang RĂȘtna mau tapa ana ing guwa Selamangleng, sukune gunung Wilis.



WUWUHAN KATÊRANGAN.



Kanjeng Susuhunan AmpeldĂȘnta pĂȘputra ratu Fatimah, patutan saka Nyai AgĂȘng Bela. Ratu Fatimah krama oleh pangeran Ibrahim, ing Karang Kumuning Satilare Pangeran Karang Kumuning. Ratu Fatimah banjur tapa ana ing manyura, karo Pangeran Ibrahim Ratu Fatimah pĂȘputra putri nama Nyai AgĂȘng Malaka, katĂȘmokake Raden Patah.



Raden Patah (Raden Praba), putrane Prabu Brawijaya patutan saka putri CĂȘmpa kang katarimakake marang Arya Damar Adipati ing Palembang, barĂȘng Raden Patah wis jumĂȘnĂȘng Nata, jĂȘjuluk Sultan Syah ‘Alam Akbar Siru’llah Kalifatu’lRasul Amiri’lMu’minin Rajudi’l’Abdu’l Hamid Kak, iya Sultan Adi Surya ‘Alam ing Bintara (DĂȘmak).



Putri CĂȘmpa nama Aranawanti (Ratu Êmas) kagarwa Prabu Brawijaya, pĂȘputra tĂȘlu:

1. Putri nama RĂȘtna Pambayun, katrimakake marang Adipati Andayaningrat ing PĂȘngging, nalika jaman pambalelane nagara Bali marang Majapahit.
2. Raden Arya LĂȘmbupĂȘtĂȘng Adipati ing Madura.
3. Isih timur rĂȘmĂȘn marang laku tapa, nama Raden Gugur, barĂȘng muksa kasĂȘbut nama Sunan Lawu.



PanĂȘnggak Putri CĂȘmpa nama Pismanhawanti kagarwa putrane Jumadil Kubra I, patutan saka ibu Sitti Fatimah Kamarumi, isih tĂȘdhake KangjĂȘng Nabi Mukammad, asma Maulana Ibrahim, dĂȘdalĂȘm ana ing Jeddah, banjur pindhah ing CĂȘmpa, dadi Imam ana ing Asmara tanah ing CĂȘmpa, banjur kasĂȘbut nama Maulana Ibrahim Asmara, iku kang pĂȘputra Susuhunan AmpeldĂȘnta Surabaya. Dene putra CĂȘmpa kang waruju kakung, nama Awastidab, wus manjing Islam, nyakabat marang maulana Ibrahim, jumĂȘnĂȘng Raja Pandhita ing CĂȘmpa anggĂȘnteni ingkang rama, pĂȘputra siji kakung kĂȘkasih Raden Rachmat. Kang ibu putri CĂȘmpa (garwa Maulana Ibrahim), pĂȘputra Sayid ‘Ali Rachmat, ngĂȘjawa nama Susuhunan Katib ing Surabaya, dĂȘdalĂȘm ing AmpeldĂȘnta, kasĂȘbut Susuhunan AmpeldĂȘnta. CĂȘmpa iku kutha karajan ing India buri (Indo china). Sawetara iku Sayid Kramat kang kasĂȘbut ing buku iki pĂȘparabe Susuhunan ing Bonang utawi Sunan Benang.

***********

KATRANGAN

1. Kulon kutha MajakĂȘrta lĂȘt +/- 10 km.
2. PĂȘlabuhane saiki aran: “Haipong”.
3. Lor Stasiyun: Surabayakota “SĂȘmut”.
4. Benang = Bonang ing KarĂȘsidhenan RĂȘmbang.
5. Tarik.
6. Kulon kutha KĂȘdhiri.
7. Akire MĂȘnang didĂȘgi pabrik gula arane iya pabrik MĂȘnang,
8. stasiyune ing Gurah antarane KĂȘdhiri – Pare +/- 7 km. saka KĂȘdhiri.
9. Kidul Majaagung lĂȘt +/- 15-16 km. Saiki dicĂȘluk desa Ngrimbi.
10. Ing sacĂȘlakipun pabrik MĂȘnang, wontĂȘn dhusun nama Guruh.
11. mbok manawi ewah-ewahan saking GumĂȘrah-Gumuruh.
12. Gurah = gusah.
13. ngrĂȘsiki gorokan.
14. Laren = kalenan.
15. Bangawan = Brantas.

Comments

Kami ijin mengenalkan referensi bacaan :
1. Sabda Palon Pertama - Damar Shashangka
https://www.facebook.com/photo.php?fbid=10150300435124794&set=a.10150300429169794.360888.687374793&type=3&theater

2. Sabda Palon Kedua - Damar Shashangka
https://www.facebook.com/photo.php?fbid=10150584008989794&set=a.10150300429169794.360888.687374793&type=3&theater

3. Darmagandhul - Penerjemah : Damar Shashangka
https://www.facebook.com/photo.php?fbid=10150300435129794&set=a.10150300429169794.360888.687374793&type=3&theater

Popular posts from this blog

Belajar dari Wirid Wirayat Jati Ronggowarsito

Banyak orang yang tidak tahu apa sih ilmu sejati itu? Banyak para salik yang mencari suluk untuk mendapatkan ilmu sejati yakni ilmu kasampurnan (kesempurnaan) hidup. Tidak ada salahnya jika kita belajar ilmu kasampurnaan hidup itu dari Raden Ngabehi Ronggowarsito dari Serat Wirid Wirayat Jati yang ditulisnya. Bagaimana ilmu kasampurnan itu? AnĂȘnggih punika pituduh ingkang sanyata, anggĂȘlarakĂȘn dunung lan pangkating kawruh kasampurnan, winiwih saking pamĂȘjangipun para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitĂȘdah kasajatining kawruh kasampurnan, tutuladhan saking Kitab Tasawuf, panggĂȘlaring wĂȘjangan wau thukul saking kawĂȘningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning Pangeran, rinilan ambuka wĂȘdharing pangandikaning Pangeran dhatĂȘng Nabi. Musa, Kalamolah, ingkang suraosipun makatĂȘn: Ing sabĂȘnĂȘr-bĂȘnĂȘre manungsa iku kanyatahaning Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji. (Inilah sebuah petunjuk benar yang menjelaskan ilmu sirr kesempurnaan hidup, yang berakar dari

PRIMBON JAWA LENGKAP

Sistim Penanggalan Jawa Sistim Penanggalan Jawa lebih lengkap dan komprehensif apabila dibandingkan dengan sistim penanggalan lainnya, lengkap dan komprehensifnya adalah suatu pembuktian bahwa ketelitian Jawa dalam mengamati kondisi dan pengaruh seluruh alam semesta terhadap planet bumi seisinya termasuk pengaruh kepada pranatan kehidupan manusia, dapat disampaikan antara lain adanya rumusan tata penanggalan jawa sebagai berikut : 1. Pancawara – Pasaran; Perhitungan hari dengan siklus 5 harian : 1. Kliwon/ Kasih 2. Legi / Manis 3. Pahing / Jenar 4. Pon / Palguna 5. Wage / Kresna/ Langking 2. Sadwara – Paringkelan, Perhitungan hari dengan siklus 6 harian 1. Tungle / Daun 2. Aryang / Manusia 3. Wurukung/ Hewan 4. Paningron / Mina/Ikan 5. Uwas / Peksi/Burung 6. Mawulu / Taru/Benih. 3. Saptawara – Padinan, Perhitungan hari dengan siklus 7 harian : 1. Minggu / Radite 2. Senen / Soma 3. Selasa / Anggara 4. Rebo / Budha 5. Kemis / Respati 6. Jemuwah / Sukra 7. Setu / Tumpak/Sa

Agama asli jawa Indonesia

HONG WILAHENG NGIGENO MESTUTI, LUPUTO SARIK LAWAN SANDI, LUPUTO DENDANING TAWANG TOWANG, DJAGAD DEWO BATORO HJANG DJAGAD PRAMUDITO BUWONO LANGGENG AGOMO BUDDODJAWI-WISNU hing TANAH DJOWO ( INDONESIA ) ---oooOooo--- Lambang Cokro Umbul - Umbul Klaras            Wiwitipun ngadeg Agami Buddodjawi-Wisnu wonten ing Suroboyo, nudju dinten Tumpak cemengan (Saptu Wage), tanggal kaping 11 Palguno 1856. (Djumadilawal) utawi tanggal 25 November 1925 mongso kanem, windu sengsoro, Tinengeran condro sangkolo. Ojaging Pandowo Angesti Buddo 1856. Utawi tahun Ismoyo 8756.            Tujuan Agami Buddodjawi-Wisnu anenangi soho angemuti dumateng Agami soho Kabudayan kita ing Indonesia ingkang asli soho murni, kados dene wontenipun negari Modjopait sapanginggil sederengipun wonten Agami penjajahan. Agami Buddodjawi-wisnu puniko mengku punjering Kabudayan Nasional ingkang asli soho murni ing Indonesia. Dene Punjering Kabudayan wau ingkan ngawontenaken adat t