"Agama ageming aji" sing banjur nyinggung babagan Cipta Jati – Rasa Jati lan munggahe marang Sukma Sejati iku klebu kawruh sing sinengker. Pancene mono iya mangkono, wacana ciptasejati tumekane sukma sejati mlebu ing babagan teologi Panekunan Aliran Kepercayaan Jawa. Nanging perlu uga dimangerteni menawa Panekunan Jawa iku alirane akeh. Mangka ing antarane siji lan sijine ana prabedane. Mula banjur ewuh aya anggone para-parakang winasis arsa paring komentar. Salah-salah marahi dredah lan bisa diarani klenik lho ! Ora kok arep kemlunthu utawa pamer kawruh, nanging luwih dening pangangkah bisowa urun bawarasa kanggo marisake Kawruh Kejawen, Mangga para kadang kersowa mbawarasa sing kepenak. Cocok diagem, dene kurang sarujuk ya dilalekake bae. Ana ing tulisanku bab "Wahyu Dyatmika", tak aturakebab wirid 8 (wolung pangkat) sing (manut panemuku)dadi dhasar kanggo mangerteni teologi Jawa. Ing andaranku tak aturake menawa Ingsun (Pangeran, Gusti) iku derivate Hyang Agung (
Penghayat Kepercayaan Jawa ,Java di Indonesia