Skip to main content

Posts

Showing posts with the label SERAT GATOLOCO

FALSAFAH SERAT GATOLOCO

  Ngemot Falsafah Kawruh Kawaskitan Miturut babon aslinipun ... Mijil Prana putek kapetek ngranuhi, wiyoganing batos, raosing tyas karaos kekese, taman bangkit upami nyelaki, rudah gung prihatin, nalangsa kalangkung. Yroning kingkin sinalamur nulis, serat Gatoloco, cipteng nala ngupaya leyare, tar len muh...ung mrih ayeming galih, ywa kalatur sedih, minangka panglipur. Kyai Guru Tetelu Ing Pondok Rejasari Kang kinarya bebukaning rawi, Reyasari pondok, wonten Kyai yumeneng Gurune, tiga pisan wasis muruk ilmi, katah para santri, kapencut maguru. Bakda subuh wau tiga Kyai, ruyuk casnya condong, Guru tiga ngrasuk busanane, arsa linggar sadaya miranti, duk wanci byar enying, sareng angkatipun. Murid nenem umiring tut wuri, samya anggegendong, kang ginendong kitab sadayane, gunggung kitab kawan likur iyi, ciptaning panggalih, tuwi mitranipun. Ingkang ugi dadya guru santri, ing Cepekan pondok, Kyai Hasan Besari namane, wus mis