Skip to main content

Cipta Sejati, Rasa Sejati, lan Sukma Sejati

"Agama ageming aji" sing banjur nyinggung babagan Cipta Jati – Rasa Jati lan munggahe marang Sukma Sejati iku klebu kawruh sing sinengker. Pancene mono iya mangkono, wacana ciptasejati tumekane sukma sejati mlebu ing babagan teologi Panekunan Aliran Kepercayaan Jawa.
Nanging perlu uga dimangerteni menawa Panekunan Jawa iku alirane akeh. Mangka ing antarane siji lan sijine ana prabedane.
Mula banjur ewuh aya anggone para-parakang winasis arsa paring komentar. Salah-salah marahi dredah lan bisa diarani klenik lho !

Ora kok arep kemlunthu utawa pamer kawruh, nanging luwih dening pangangkah bisowa urun bawarasa kanggo marisake Kawruh Kejawen, Mangga para kadang kersowa mbawarasa sing kepenak. Cocok diagem, dene kurang sarujuk ya dilalekake bae.

Ana ing tulisanku bab "Wahyu Dyatmika", tak aturakebab wirid 8 (wolung pangkat) sing (manut panemuku)dadi dhasar kanggo mangerteni teologi Jawa.
Ing andaranku tak aturake menawa Ingsun (Pangeran, Gusti) iku derivate Hyang Agung (Sang Hyang Wenang) sing "tan kena kinayangapa. Ingsun iku "Dzat Urip" utawa "Sejatining Urip" katelah ing panekunan sinebut "Sukma Sejati".

Anane "Sukma Sejati" kang mapan manggon ana ing "uripemanungsa" (tak aturi mirsani wirid no. 2 lan no. 3),
mahanani manungsa iku setemene duwe cipta lan rasa sejati. Cipta sejati katerangake ana ing wejangan bab "Purbawasesaning Pangeran (Sukma Sejati) marang ciptane (nalare) manungsa" (wirid no. 4).
Dene rasa sejati katerangake ana ing wejangan "PurbawasesaningPangeran (Sukma Sejati) marang rasa pangrasane manungsa" (wirid nomer 5).
Wejangan werna loro iku nerangake menawa anane manungsa bisa duwe nalar lan duwe rasa pangrasa jalaran saka purbawasesaning Gusti (Pangeran, Sukma Sejati). Nanging yen mung tekan semono pangertene, banjur tuwuhpitakonan, kepriye larah-larahe ana nalar lan rasa pangrasa sing cengkah karo bebener (ala utawa jahat) ?Apa ya saka Sukma Sejati (Ingsun, Pangeran) ? Lha ya ing bab iki sing nganti saiki isih umyekdigagas dening para filsuf lan ahli pikir sajagad.
Menawa saka pangerten agama-agama sing saka Timur Tengah (Yahudi, Kristen, lan Islam), umume menawa nalar lan rasa pangrasa ala (jahat) iku saka daya pengaruhe setan lan iblis. Mangka manut pangerten Jawa sing sabenere ora ana diskripsi bab setan lan iblis iku. Malah diskripsine, menawa sakabehing titah dumadi (mahluk) iku sedulure manungsa. Dadi yen ana mahluksetan utawa iblis ya sedulure manungsa. Lha apa ora ngewuhake !
Mangga dibawarasa maneh wirid nomer 3, wejangan gegelaran kahananing Pangeran : "Sejating manungsa ikub rahsaning-Sun, lan Ingsun iki rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake wiji kang cacamboran dadi saka karsa lan panguwasaning-Sun, yaiku sasamaning geni bumi angin lan banyu. Ingsun panjingi limang prakara, yaiku :
cahya, cipta, suksma (nyawa), angen-angen, lan budi.
Iku kang minangka embanan panuksmaning-Sun sumrambah ana ing dalem badaning manungsa".
Ana ing wirid nomer 3 iki diterangake menawa badaning manungsa iku dumadi saka unsur alam sing dipanjingi "dayaning urip" (cahya, cipta, suksma, angen-angen, lan busi) minangka "embanan" panuksmaning Sukma Sejati. Emban utawa cangkok iki sing antarane manungsa siji lan sijine ora padha. Gumantung akehsithike "komposisi sasamaning anasir alam".
Watak wantu sasamaning anasir alam iku beda-beda.Semono uga sawise cacamboran (campur) dadi siji (komposisine saben manungsa ora padha) mahanani watak wantu sing uga beda-beda. Wondene watak wantu mau sing njalari bedaning cahya, cipta, suksma (nyawa), angen-angen, lan budine manungsa.
Kanthi mangkono banjur bisa dimangerteni menawa Cipta Sejati lan Rasa Sejati iku sing asli saka Dzat Urip (Suksma Sejati). Pangudi ngoperasionalake Cipta Sejati lan Rasa Sejati iku sing ditindakake para-para ahli panekunan kanthi lakubrata. Amarga ya operasionale Cipta Sejati lan Rasa Sejati iku sing njalari manungsabisa nindakake kewajibaning urip kanthi bener, pener, lan slamet.

Kewajiban iku ora liya kejaba "melu memayu hayuning bawana", sabanjure bisa nggayuh titising pati. Sing disebut titising pati iku mati sing sampurna. Sampurna bisa ngulihake kabeh gadhuhan(sesamaning unsur alam lan peparing "dayaning urip") marang sing kagungan, yaiku Hyang Agung. Dene sing wujud tinggala jeneng sing bisa tinulad dening anak turun.

http://asia.geocities.com/jawijowo/kejawen.html

Comments

Subianto said…
Kido sadoyo tiyang Jawi ing saindengin bawono sampun kelangan jatidirining tiyang Jawi margi kito kirang ngajeni dateng nenek moyang kito,Simbah,tiyang sepuh ngantos kito mboten gadhah piandel,IKI LHO AKU WONG JOWO,namung ela -elu kalih budoyo sansipun, monggo kito wangsul malih,BACK TO CULTURE JAVANESE, kejawen meniko kabudayan ingkang saged dados agama/religion

Popular posts from this blog

PRIMBON JAWA LENGKAP

Sistim Penanggalan Jawa Sistim Penanggalan Jawa lebih lengkap dan komprehensif apabila dibandingkan dengan sistim penanggalan lainnya, lengkap dan komprehensifnya adalah suatu pembuktian bahwa ketelitian Jawa dalam mengamati kondisi dan pengaruh seluruh alam semesta terhadap planet bumi seisinya termasuk pengaruh kepada pranatan kehidupan manusia, dapat disampaikan antara lain adanya rumusan tata penanggalan jawa sebagai berikut : 1. Pancawara – Pasaran; Perhitungan hari dengan siklus 5 harian : 1. Kliwon/ Kasih 2. Legi / Manis 3. Pahing / Jenar 4. Pon / Palguna 5. Wage / Kresna/ Langking 2. Sadwara – Paringkelan, Perhitungan hari dengan siklus 6 harian 1. Tungle / Daun 2. Aryang / Manusia 3. Wurukung/ Hewan 4. Paningron / Mina/Ikan 5. Uwas / Peksi/Burung 6. Mawulu / Taru/Benih. 3. Saptawara – Padinan, Perhitungan hari dengan siklus 7 harian : 1. Minggu / Radite 2. Senen / Soma 3. Selasa / Anggara 4. Rebo / Budha 5. Kemis / Respati 6. Jemuwah / Sukra 7. Setu / Tumpak/Sa

Belajar dari Wirid Wirayat Jati Ronggowarsito

Banyak orang yang tidak tahu apa sih ilmu sejati itu? Banyak para salik yang mencari suluk untuk mendapatkan ilmu sejati yakni ilmu kasampurnan (kesempurnaan) hidup. Tidak ada salahnya jika kita belajar ilmu kasampurnaan hidup itu dari Raden Ngabehi Ronggowarsito dari Serat Wirid Wirayat Jati yang ditulisnya. Bagaimana ilmu kasampurnan itu? Anênggih punika pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dunung lan pangkating kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh kasampurnan, tutuladhan saking Kitab Tasawuf, panggêlaring wêjangan wau thukul saking kawêningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning Pangeran, rinilan ambuka wêdharing pangandikaning Pangeran dhatêng Nabi. Musa, Kalamolah, ingkang suraosipun makatên: Ing sabênêr-bênêre manungsa iku kanyatahaning Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji. (Inilah sebuah petunjuk benar yang menjelaskan ilmu sirr kesempurnaan hidup, yang berakar dari

Agama asli jawa Indonesia

HONG WILAHENG NGIGENO MESTUTI, LUPUTO SARIK LAWAN SANDI, LUPUTO DENDANING TAWANG TOWANG, DJAGAD DEWO BATORO HJANG DJAGAD PRAMUDITO BUWONO LANGGENG AGOMO BUDDODJAWI-WISNU hing TANAH DJOWO ( INDONESIA ) ---oooOooo--- Lambang Cokro Umbul - Umbul Klaras            Wiwitipun ngadeg Agami Buddodjawi-Wisnu wonten ing Suroboyo, nudju dinten Tumpak cemengan (Saptu Wage), tanggal kaping 11 Palguno 1856. (Djumadilawal) utawi tanggal 25 November 1925 mongso kanem, windu sengsoro, Tinengeran condro sangkolo. Ojaging Pandowo Angesti Buddo 1856. Utawi tahun Ismoyo 8756.            Tujuan Agami Buddodjawi-Wisnu anenangi soho angemuti dumateng Agami soho Kabudayan kita ing Indonesia ingkang asli soho murni, kados dene wontenipun negari Modjopait sapanginggil sederengipun wonten Agami penjajahan. Agami Buddodjawi-wisnu puniko mengku punjering Kabudayan Nasional ingkang asli soho murni ing Indonesia. Dene Punjering Kabudayan wau ingkan ngawontenaken adat t